JV/Prabhupada 0003 - Priyantun Kakung Ugi Minangka Priyantun Estri

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 6.1.64-65 -- Vrndavana, September 1, 1975

tām eva toṣayām āsa
pitṛyeṇārthena yāvatā
grāmyair manoramaiḥ kāmaiḥ
prasīdeta yathā tathā
(SB 6.1.64)

Dados, sasampunipun ningali priyantun estri punika, mila piyambakipun dados tansah khusuk ngengen-engen sadangunipun sekawanlikur jam sadintenipun menggah ing priyantun estri punika, lumantar pepinginan ingkang dipunkebaki kaliyan napsu. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ (BG 7.20). Nalikanipun satunggaling priyantun ngimbar napsunipun, mila piyambakipun dados kecalan sedaya kalantipanipun. Saindhenging ngalam donya saweg ebah kanthi adhedasar dhateng pepinginan-pepinginan ingkang dipunkebaki dening napsu punika. Punika ngalam donya material. Lan amargi kawula saweg dipunkebaki dening napsu, lan panjenengan ugi saweg dipunkebaki dening napsu, mila kados mekaten kawula sedaya punika, saengga nalikanipun pepinginan kawula mboten saget dipunwujudaken, nalikanipun pepinginan panjenengan mboten saget dipunwujudaken, mila salajengipun kawula dados mengsahipun panjenengan lan panjenengan dados mengsahipun kawula. Kawula mboten saget ningali panjenengan ngangsalaken kamajengan ingkang sae sanget. Lan panjenengan mboten saget ningali kawula ngangsalaken kamajengan ingkang sae sanget. Punika ngalam donya material, iri, pepinginan ingkang dipunkebaki dening napsu, kāma, krodha, lobha, moha, mātsarya. Punika dhasaripun ngalam donya material punika.

Mila piyambakipun dados ... Wujud latihanipun sejatosipun inggih menika bilih piyambakipun dipunlatih kangge dados satunggaling brāhmaṇa, śamo, dama, nanging kamajenganipun dados kaendhegaken amargi kasindhetanipun dhateng satunggaling priyantun estri. Amargi menika miturut kasusilan Veda, priyantun estri dipunprayogekaken minangka pepalang dhateng kamajengan rohani. Sedaya dhasaripun kasusilan inggih menika kados pundi anggenipun kangge nyisih ... Priyantun estri ... Nanging panjenengan sampun menggalih bilih nanging para priyantun estri kemawon ingkang minangka priyantun estri. Priyantun kakung ugi minangka priyantun estri. Sampun menggalih bilih priyantun estri punika dipunlaknat; sanaos dene priyantun kakung mboten. Priyantun estri dipuntujoaken minangka ingkang dipunrahapi, lan priyantun kakung dipuntujoaken minangka ingkang ngrahapi. Dados raos punika, raos ingkang kados mekaten punika mboten leres. Menawi kawula ningali satunggaling priyantun estri namung kangge kanikmatan, mila kawula priyantun kakung. Lan menawi satunggaling priyantun estri ugi ningali satunggaling priyantun kakung namung kangge kanikmatan, mila piyambakipun ugi priyantun kakung. Priyantun estri dipuntujoaken minangka ingkang dipunrahapi lan priyantun kakung dipuntujoaken minangka ingkang ngrahapi. Dados sinten kemawon ingkang nggadhahi raos kangge ngrahapi, mila piyambakipun kedah dipunmastani minangka satunggaling priyantun kakung. Dados kekalih golongan priyantun kakung lan priyantun estri punika dipuntujoaken minangka ... Saben priyantun saweg nindakaken rancangan, "Kados pundi anggenipun kawula badhe ngrahapi?" Amargi menika piyambakipun inggih menika puruṣa, nanging kanthi anggenipun ingkang lancung. Suwalikipun, sayektosipun kawula sedaya minangka prakṛti utawi jīva, duka menapa kawula sedaya priyantun estri utawi priyantun kakung. Punika namung minangka sadermi wungkus lairipun kemawon.