JV/Prabhupada 0005 - Gesangipun Prabhupāda Ing Salebetipun 3 Menit



Interview -- September 24, 1968, Seattle

Juru warta : Menapa panjenengan kepareng nyariosaken sekedhik menggah ing kawontenan panjenenengan ing wekdal rumiyin? Umpaminipun, wonten pundi panjenengan mlebet sekolah, kados pundi panjenengan saget dados sisyanipun Kṛṣṇa.

Prabhupāda : Kawula dipunlairaken lan mlebet sekolah ing Calcutta. Calcutta menika panggenan kawula. Kawula lair ing 1896 lan kawula dados putera klangenanipun rama kawula, saengga amargi menika, pangajaran kawula dados dipunwiwiti kanthi sekedhik kasep, lan senaos mekaten, kawula dipunsekolahaken ing sekolah madya sadangunipun wolung warsa. Ing sekolah ngandhap sekawan warsa, ing sekolah madya wolung warsa, lajeng ing pawiyatan luhur sekawan warsa. Lajeng kawula mlebet ing salebetipun pakempalan Gandhi, satunggaling pakempalan nasional. Nanging lumantar satunggaling kalodhangan ingkang sae, kawula kepanggih kaliyan Guru Mahārāja kawula, guru karohanen kawula, ing warsa 1922. Lan wiwit wekdal menika, kawula kesengsem dhateng galer paguron punika, lan kanthi alon-alon kawula nilaraken gesang bale griya kawula. Kawula nikah ing warsa 1918 nalika kawula taksih sinau ing pawiyatan luhur warsa kaping tiga. Lan salajengipun para putera kawula lair. Kawula saweg nindakaken satunggaling karya. Lajeng kawula ngendhegaken gesang bale griya kawula ing warsa 1954. Sadangunipun sekawan warsa kawula namung piyambakan, tanpa wontenipun kulawargi. Lajeng kawula mendhet tataran nilaraken gesang bale griya kanthi setiti ing warsa 1959. Lajeng kawula ngabektekaken dhiri ing salebetipun panyeratan pustaka. Pustaka kawula ingkang kaping sepindhah dipunwedalaken ing warsa 1962, lan nalikanipun sampun wonten tigang pustaka ingkang dipunwedalaken, kawula lajeng tindak dhateng nagarinipun panjenengan ing warsa 1965 lan kawula dugi mriki ing sasih September 1965. Wiwit wekdal punika, kawula ngiktiyaraken kangge nyebaraken kainsapan Kṛṣṇa punika ing Amerika, Kanada lan ing nagari-nagari Eropa. Lan kanthi alon-alon, center-center dipundegi. Para sisya ugi tambah kathah. Dados, cobi kawula ningali menapa ingkang kedah dipuntindakaken.

Juru warta : Kados pundi anggenipun panjenengan piyambak saget dados satunggaling sisya? Rumiyinipun panjenengan saweg dados menapa, utawi panjenengan saweg tumut menapa sadherengipun dados satunggaling sisya?

Prabhupada : Prinsipipun sami kados dene ingkang sampun kawula aturaken, inggih menika kayakinan. Salah satunggaling mitra kawula, piyambakipun meksa kawula kangge sowan dhateng guru karohanen kawula. Lan nalikanipun kawula saweg matur dhateng guru karohanen kawula, kawula dados kapunbujuk. Lan wiwit wekdal punika, pawinihan dipunwiwiti.