JV/Prabhupada 0006 - Saben Priyantun Minangka Gusti Pangeran - Swarginipun Para Priyantun Ingkang Mboten Lantip

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 1.15.49 -- Los Angeles, December 26, 1973

Saben priyantun ngumukaken piyambakipun bilih, "Kawula sumerep. Kawula mangertosi sedayanipun. Dados mboten betah kangge tindak dhateng satunggaling guru." Nanging sayektosipun punika anggenipun kangge nyelaki satunggaling guru, satunggaling guru karohanen : Inggih menika kanthi pasrah dhiri bilih, "Kawula nanging mangertosi kathah sanget sedayanipun ingkang mboten-mboten lan mboten migunani. Sapunika kawula nyuwun keparengipun kangge mulang kawula." Punika ingkang dipunwastani minangka legawa. Sami kados dene ingkang dipunaturaken dening Arjuna, śiṣyas te 'haṁ śādhi māṁ prapannam (BG 2.7). Nalikanipun wonten dhebat antawis Arjuna lan Kṛṣṇa, lan nalikanipun perkawisipun mboten saget dipunpuputaken, mila Arjuna pasrah dhiri dhateng Kṛṣṇa, "Kṛṣṇa ingkang kawula tresnani, wekdal punika kawula sedaya saweg ngendikan minangka mitra. Sapunika mboten wonten malih pangandikan ingkang adhedasar kamitran. Kawula nampi Panjenengan minangka guru karohanen kawula. Nyuwun kepareng kangge mucalaken dhateng kawula menggah ing menapa kuwajibanipun kawula." Punika Bhagavad-gītā.

Dados satunggaling priyantun kedah nyinau. Tad-vijñānārthaṁ sa gurum eva abhigacchet [MU 1.2.12]. Punika pitedahipun Veda bilih : menapa sejatosipun ajinipun gesang punika? Kados pundi perkawisipun dipuntanduraken? Kados pundi kawula sedaya pindhah saking setunggal salira dhateng salira sanesipun? Sinten kawula punika? Menapa kawula menika salira punika utawi ingkang nglangkungi salira punika? Sedaya perkawis punika ingkang kedah dipuntakenaken. Punika ingkang dipunwastani minangka gesang ing salebetipun salira jalmi. Athāto brahma jijñāsā. Panaliten menggah ing punika kedah dipuntindakaken. Dados ing salebetipun Kali-yuga punika, tanpa mangertosi menapa kemawon, tanpa panaliten menggah ing menapa kemawon, tanpa wontenipun satunggaling guru, tanpa wontenipun pustaka menapa kemawon, saben priyantun minangka Gusti Pangeran. Punika kemawon. Punika ingkang saweg katindakaken, inggih menika kawontenan satunggaling swarginipun para priyantun ingkang mboten lantip. Mila perkawis punika mboten badhe mbiyantu. Lan ing mriki, wonten Vidura ... Piyambakipun ugi ...

viduro 'pi parityajya
prabhāse deham ātmanaḥ
kṛṣṇāveśena tac-cittaḥ
pitṛbhiḥ sva-kṣayaṁ yayau
(SB 1.15.49)

Piyambakipun .... Kawula saweg ngendika menggah ing Vidura. Vidura inggih menika Yamarāja. Dados wonten satunggaling priyantun suci ingkang dipunbeta dhateng Yamarāja. kangge ngangsalaken pidana. Nalika priyantun suci punika mendhet pirsa dhateng Yamarāja. bilih, " Kawula ... kawula mboten emut bilih kawula sampun nindakaken kalepatan menapa kemawon ing salebetipun gesang kawula. Kenging menapa kawula sampun dipunbeta mriki kangge dipunpidana? Mila Yamarāja lajeng ngendika bilih, "Sampeyan ora eling. Ing wekdal cilikane sampeyan, sampeyan wis nyunduk semut nganggo sawiji dom ngliwati bokong semut iku nganti semut iku mati. Dadi amarga iku sampeyan kudu dipidana." Dados, monggo dipunpirsani. Ing salebetipun wekdal alitipun, ing salebetipun wekdal ingkang taksih dipunkebaki dening ingkang mboten lantip, amargi piyambakipun sampun nindakaken kridha ingkang duraka, mila piyambakipun kedah dipunpidana. Lan kawula sedaya kanthi sengaja sarta kosok balen kaliyan prinsip agami ingkang mratelaaken bilih, "Sampun mejahi," kawula sedaya malah mbikak maewu-ewu omah jagal, kanthi maringaken teori ingkang mboten-mboten ingkang mratelaaken bilih para satwa punika mboten nggadhahi atma. Mangga dipunpirsani, kawontenan punika kados dhagelan kemawon. Lan kawontenan punika saweg tansah katindakaken. Sauntawis sasampunipun nindakaken perkawis punika, kawula panggah kemawon ngersaaken kangge wonten ing salebetipun katentreman.