JV/Prabhupada 0009 - Sang Begal Ingkang Dados Satunggaling Panyembah

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 1.2.12 -- Los Angeles, August 15, 1972

Kṛṣṇa dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā : (BG 7.25) nāhaṁ prakāśaḥ sarvasya yoga-māyā-samāvṛtaḥ "Aku ora ketok kanggo kabeh wong. Yogamāyā, yogamāyā nutupi awakKu." Dados kados pundi anggenipun supados panjenengan saget mirsani Gusti Pangeran? Nanging kamursalan punika saweg panggah katindakaken bilih, "Menapa panjenengan saget ngatonaken Gusti Pangeran dhateng kawula? Menapa panjenengan nate mirsani Gusti Pangeran?" Gusti Pangeran sampun dados kados satunggaling dolanan. "Punika Gusti Pangeran. Piyambakipun titisanipun Gusti Pangeran." (BG 7.15) Na māṁ duṣkṛtino mūḍhāḥ prapadyante narādhamāḥ. Piyambakipun sedaya ingkang luber ing kalepatan, para bajingan, ingkang mboten lantip, ingkang paling ngandhap ing salebetipun golongan para jalmi. Piyambakipun mendhet pirsa kados mekaten, "Menapa panjenengan saget ngatonaken Gusti Pangeran dhateng kawula?" Kualifikasi menapa ingkang sampun panjenengan angsalaken, saengga panjenengan saget mirsani Gusti Pangeran? Punika kualifikasinipun. Menapa kualifikasinipun? Tac chraddadhānā munayaḥ. (SB 1.2.12). Ingkang sepindhah, satunggaling priyantun punika kedah mituhu. Mituhu. Śraddadhānāḥ. Sayektosipun, piyambakipun kedah ngersaaken sanget mirsani Gusti Pangeran. Nanging sanes satunggaling pepinginan ingkang sepele kados, "Menapa panjenengan saget ngatonaken Gusti Pangeran dhateng kawula?" Utawi minangka satunggaling ngelmu sulap, wonten pundi Gusti Pangeran minangka satunggaling sulapan. Mboten. Piyambakipun kedah satuhu sanget, "Inggih, menawi Gusti Pangeran menika wonten ... Kawula sedaya sampun mangertos, kawula sedaya sampun dipunparingi pirsa menggah ing Gusti Pangeran. Dados kawula kedah pinanggih kaliyan Panjenenganipun."

Wonten setunggal carita ing sesambetan kaliyan perkawis punika. Carita punika luber sanget ing pitedahipun, iktiyaraken kangge mirengaken. Satunggaling pamaos saweg maosaken menggah ing Bhāgavata, lan piyambakipun ngandharaken bilih Kṛṣṇa ingkang dipunrias ndamel sedaya panganggen inten barleyan ingkang kathah sanget kanthi resep, Panjenenganipun saweg dipunkitunaken kangge ngangen lembu-lembu ing salebetipun wana. Dados, wonten setunggal begal ing salebetipun pasamuan punika. Dados piyambakipun menggalih, "Kenging menapa kawula mboten tindak kemawon dhateng Vṛndāvan lan lajeng mbegal lare punika? Lare punika wonten ing wana kanthi ngagem kathah sanget panganggen inten barleyan ingkang aji. Kawula saget tindak mrika lan ngangsalaken lare punika, lajeng mendhet sedaya panganggen punika." Lan kados mekaten pangangkahipun. Dados piyambakipun kanthi satuhu menggalih bilih, "Kawula kedah madosi lare kakung punika. Lan salajengipun namung ing salebetipun setunggal dalu kemawon kawula badhe dados satunggaling artawan. Wonten kathah sanget panganggen. Mboten." Dados piyambakipun tindak mrika, nanging kualifikasinipun inggih menika bilih, "Kawula kedah pinanggih kaliyan Kṛṣṇa, Kawula kedah pinanggih kaliyan Kṛṣṇa." Kakuwatosan lan pepinginanipun punika ndadosaken piyambakipun saget pinanggih kaliyan Kṛṣṇa ing Vṛndāvana. Piyambakipun mirsani Kṛṣṇa sami persis kados menapa ingkang sampun dipunandharaken dening sang pamaos Bhāgavata. Lajeng piyambakipun ningali, "Oh, oh, Panjenengan menika lare ingkang ngeremenaken sanget, Kṛṣṇa." Dados piyambakipun ngawiti maringaken pangalembana. Piyambakipun menggalih bilih, "Idhep-idhep ngalembana Panjenenganipun, kawula badhe mendhet sedaya panganggen punika." Dados nalikanipun piyambakipun nawekaken budidaya ingkang sayektosipun, "Dados menapa kepareng kawula mendhet panganggenipun Panjenengan? Panjenengan menika mandahneya artawanipun." "Ora, ora, ora pareng. Sampeyan iki ... mengka IbuKu nesu. Ora isa ..." Kṛṣṇa ingkang miyos minangka satunggaling lare alit sampun nyababaken piyambakipun dados langkung kesengesem dhateng Panjenenganipun. Lan salajengipun ... lumantar kawontenanipun sareng Kṛṣṇa, mila piyambakipun dados dipunsucekaken. Salajengipun, pungkasanipun, Kṛṣṇa dhawuh, "Ya wis, sampeyan pareng mundhut iki." Lan sanalikanipun piyambakipun dados satunggaling panyembah, ing wekdal menika ugi. Amargi kawontenanipun sareng Kṛṣṇa ...

Dados kanthi satunggaling cara utawi lumantar cara ingkang sanesipun, kawula sedaya kedah dados tansah sumambung kaliyan Kṛṣṇa. Lan kanthi satunggaling cara utawi lumantar cara ingkang sanesipun punika ugi, mila salajengipun kawula sedaya badhe dados dipunsucekaken.