JV/Prabhupada 0014 - Para Panyembah Punika Minulya Sanget

Revision as of 17:44, 1 October 2020 by Elad (talk | contribs) (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


The Nectar of Devotion -- Calcutta, January 30, 1973

Kangge satunggaling panyembah, Kṛṣṇa wonten ing salebetipun dlamakanipun panyembah punika. Ajita, jito 'py asau. Senaos Kṛṣṇa mboten kapunkawonaken, nanging P:anjenenganipun remen dipunkawonaken dening panyembahipun. Kados mekaten kapinarakanipun. Sami kados dene nalikanipun Panjenengan kanthi legawa ndadosaken Dhirinipun dipunkawonaken dening Ibu Yaśodā, dipunkawonaken dening Rādhārāṇī, dipunkawonaken dening para mitranipun. Kṛṣṇa dados dipunkawonaken lan Panjenenganipun kedah manggul mitranipun.

Ing salebetipun gesang punika, kadang kawis kawula sedaya mirsani bilih satunggaling ratu manggenaken satunggaling tukang ndhagel ing antawis para priyantunipun, lan kadang kawis sang tukang ndhagel nacad sang ratu, nanging san ratu ngrahapi kawontenan punika. Sang tukang ndhagel kadang kawis ... Sami kados dene, wonten setunggal tukang ndhagel ingkang kasuwur lan asmanipun Gopāla Bon, ing Bengal. Ing satunggaling dinten sang ratu nakeni piyambakipun, "Gopāla, apa bedane awakmu karo keledai?" Mila sang tukang ndhagel lajeng ngukur tebihipun antawis piyambakipun kaliyan sang ratu. Lan piyambakipun lajeng matur, "Namung tigang kaki kemawon, Sinuwun. Bentenipun namung tigang kaki kemawon." Saben priyantun sanalikanipun miwiti gumuyu. Lan sang ratu ngrahapi panacad punika. Amargi kadang kawis perkawis ingkang kados mekaton dipunbetahaken.

Dados Kṛṣṇa ugi ... Saben priyantun ngalembana Panjenenganipun ing salebetipun kapinarakan ingkang minulya sanget. Punika kapinarakanipun Kṛṣṇa - Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Ing Vaikuṇṭha, ingkang wonten namung pangalembana kemawon. Mboten wonten perkawis ingkang kados mekaten. Nanging ing Vṛndāvana, Kṛṣṇa bebas kangge nampi panacad saking para panyembahipun. Para priyantun mboten mangertosi, kados pundi sayektosipun kawontenan ing Vṛndāvana punika. Dados, para panyembah menika minulya sanget. Rādhārāṇī ndhawuhaken, "Sampun marengaken Kṛṣṇa kangge rawuh dhateng mriki." Lan Kṛṣṇa mboten saget mlebet dhateng mrika. Panjenenganipun mbujuk para gopī sanesipun, "Parengake Aku kanggo lunga mrana." "Mboten, mboten. Mboten wonten dhawuh kangge punika. Dados Panjenengan mboten pareng tindak dhateng mrika."

Dados, Kṛṣṇa ngremeni perkawis punika.