JV/Prabhupada 0018 - Mituhu Kanthi Teguh Dhateng Sampeyan-padmanipun Guru

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 6.1.26-27 -- Philadelphia, July 12, 1975

Prabhupāda : Dados kawula sedaya kedah ngginaaken wekdal punika kangge ngangsalaken pamecahan dhateng gesang punika, wonten pundi kawula sedaya saweg makaping-kaping pejah lajeng nampi salira sanesipun. Dados kados pundi anggenipun piyambakipun sedaya badhe saget mangertosi perkawis punika kejawi menawi sedayanipun rawuh dhateng guru ingkang leres? Amargi menika śāstra mratelaaken bilih, tad-vijñānārtham : "Menawi panjenengan ngersaaken mangertosi perkawis ingkang sayekti saking gesangipun lan menawi panjenengan ngersaaken ngangsalaken pepadhang menggah ing kados pundi anggenipun kangge saget dados insap dhateng Kṛṣṇa, kados pundi anggenipun kangge dados langgeng, wangsul malih dhateng ndhalem, wangsul dhateng Gusti Pangeran, mila panjenengan kedah nyelaki satunggaling guru." Lan sinten guru punika? Perkawis ingkang prasaja sanget punika ugi dipunandharaken. Satunggaling guru mboten nate ndamel pangudaraos bilih, "Tindakaken punika lan paringaken kawula arta, mila panjenengan badhe dados raharja." Punika sanes guru. Punika minangka satunggaling proses ingkang sanesipun kangge ngangsalaken arta. Dados wonten mriki dipundhawuhaken bilih mūḍha, piyambakipun namung minangka priyantun ingkang manggen ing salebetipun swarganipun para priyantun ingkan mboten lantip, ingkang ndamel pangudaraos piyambak-piyambak kados dene Ajāmila ... Satunggaling priyantun sampun namtoaken piyambak bilih, "Punika kuwajiban kawula," satunggaling priyantun sampun nindakaken perkawis punika ... Mila piyambakipun minangka priyantun ingkang mboten lantip. Panjenengan kedah mangertosi menapa kuwajibanipun saking guru. Panjenengan kedah nembangaken punika saben dinten, guru-mukha-padma-vākya, cittete koriyā aikya, ār nā koriho mane āśā. Punika gesang. Punika gesang. Guru-mukha-pad ... Panjenengan nampi guru ingkang bona fide, lan menapa kemawon ingkang dipundhawuhaken dening piyambakipun dhateng panjenengan, sedayanipun kedah dipuntindakaken. Mila gesang panjenengan badhe angsal damel. Ār nā koriho mane āśā. Dados, para bajingan, sampun ngersaaken menapa-menapa kemawon malih. Menapa panjenengan mboten nembangaken punika saben dintenipun? Lan menapa panjenengan ugi mangertosi suraosipun? Utawi menapa panjenengan namung saderma nembangaken kemawon? Menapa suraosipun? Sinten ingkang badhe ngandharaken? Mboten wonten ingkang sumerap? Inggih, menapa suraosipun?

Panyembah : "Namung setunggal kemawon pepinginan kawula, inggih menika supados panggalih kawula dados dipunsucekaken dening sabda ingkang sangkanipun saking tutukipun guru karohanen kawula. Kawula mboten nggadhahi pepinginan sanesipun kejawi punika."

Prabhupāda : Inggih. Punika minangka dhawuh. Guru-mukha-padma-vākya, cittete koriyā aikya. Sapunika, citta suraosipun kainsapan utawi ati. "Kawula namung badhe nindakaken punika kemawon. Guru Mahārāja kawula dhawuh dhateng kawula, kawula badhe nindakaken punika." Cittete koriyā aikya, ār nā koriho mane āśā. Dados, punika suraosipun sanes bilih kawula ngunggulaken dhiri kawula piyambak, nanging kawula saget ngendika bilih kangge maringaken pitedah kangge panjenengan kemawon mila kawula nindakaken perkawis punika. Amargi menika, sakalit menapa kemawon kasilipun ingkang panjenengan pirsani dhateng kawula ditandhingaken kaliyan sedaya sederek sapaguron kawula, mila punika disababaken dening perkawis punika. Kawula mboten gadhah kawisesan, nanging kawula manggenaken perkawis punika, inggih menika sabdanipun guru kawula, minangka sedaya gesang lan roh kawula. Dados punika kasunyatanipun. Guru-mukha-padma-vākya, cittete koriyā aikya. Saben priyantun kedah nindakaken perkawis punika. Nanging menawi piyambakipun nambahi utawi ngewahi, mila piyambakipun tamtu badhe tamat. Mboten wonten tambahan, mboten wonten ewahan. Panjenengan kedah nyelaki guru - guru suraosipun abdi sewaka ingkang mituhu saking Gusti Pangeran, Kṛṣṇa lan nampi sabdanipun kangge ngladosi Panjenenganipun. Mila panjenengan badhe angsal damel. Menawi panjenengan ngreka-reka, "Kawula langkung lantip tinimbang guru kawula, lan kawula saget nambahi utawi ngewahi," mila panjenengan tamtu badhe tamat. Dados namung menika kemawon anggenipun. Lan sapunika, mangga nembang malih.

Panyembah : Śrī-guru-caraṇe rati, ei se uttama-gati..

Prabhupāda : Śrī-guru-caraṇe rati, ei se, uttama-gati. Menawi panjenengan ngersaaken ndamel kemajengan ingkang nyata, mila panjenengan kedah mituhu kanthi teguh dhateng sampeyan-padmanipun guru. Lajeng?

Panyembah : Je prasāde pūre sarva āśā.

Prabhupāda : Je prasāde pūre sarva āśā. Yasya prasādāt ... Punika pitedah ing salebetipun sedaya filsafatipun Vaiṣṇava. Dados, kejawi menawi kawula sedaya nindakaken perkawis punika, mila kawula sedaya panggah dados mūḍha, lan punika dipunandharaken ing salebetipun Ajāmila-upākhyāna punika. Dados dinten menika kawula sedaya maos sloka punika, sa evaṁ vartamānaḥ ajñaḥ. Piyambakipun ngendikakaken malih. Vyāsadeva ngendikakaken malih bilih, "Sang bajingan punika saweg wonten ing mrika, khusuk ing salebetipun paladosan dhateng puteranipun, ingkang asmanipun Nārāyaṇa." Piyambakipun mboten mangertosi ... "Menapa umuk-umukan menggah ing Nārāyaṇa punika?" Piyambakipun namung nepangi puteranipun kemawon. Nanging Nārāyaṇa sayekti tansah luber ing welas asihipun, lan amargi piyambakipun teras-terasan nimbali puteranipun "Nārāyaṇa, mreneyo. Nārāyaṇa, tulung jupukno iki." dados Kṛṣṇa mastani bilih, "Dheke lagi mocapake jeneng suci Nārāyaṇa." Kṛṣṇa sayekti luber ing welas asihipun. Ajāmila mboten nate ngersaaken kangge, "Kawula badhe tindak dhateng Nārāyaṇa." Nanging piyambakipun namung ngersaaken puteranipun amargi piyambakipun tresna sanget dhateng puteranipun. Nanging piyambakipun ngangsalaken kalodhangan kangge ngendikakaken asma suci Nārāyaṇa. Punika kabegjanipun. Amargi menika, adhedasar dhateng perkawis punika, kawula sedaya ngewah asma. Kenging menapa? Amargi saben asma dipuntujoaken kangge dados satunggaling abdi sewakanipun Kṛṣṇa. Dados sami kados dene kados Upendra. Upendra suraosipun Vāmanadeva. Dados menawi panjenengan nimbali, "Upendra, Upendra," utawi ingkang sami kaliyan menika, mila timbalan dhateng asma punika badhe dipunpetang. Punika badhe dipunandharaken salajengipun.