JV/Prabhupada 0020 - Mangertosi Kṛṣṇa Sanes Perkawis Ingkang Patos Gampil



Arrival Lecture -- Miami, February 25, 1975

Mangertosi Kṛṣṇa punika sanes perkawis ingkang patos gampil.

manuṣyāṇāṁ sahasreṣu
kaścid yatati siddhaye
yatatām api siddhānāṁ
kaścid vetti māṁ tattvataḥ
(BG 7.3)

Saking ewonan, saking mayuta-yuta priyantun, namung wonten satunggaling priyantun kemawon ingkang ngersakaken sanget ndadosaken gesangipun angsal damel. Mboten wonten setunggal priyantunpun ingkang ngersakaken. Kayektosanipun, piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa sejatosipun angsal damel utawi kasilipun gesang punika. Ing salebetipun kasusilan modhern punika sedaya priyantun menggalih, "Menawi kawula ngangsalaken garwa estri ingkang becik, montor ingkang sae sarta apartemen ingkang sae, mila punika ingkang dipunmastani minangka angsal damel." Punika sanes angsal damel. Punika nanging satunggaling perkawis ingkang asipat sauntawis. Angsal damel ingkang sejati inggih menika kados pundi anggenipun kangge saget medal saking cengkeremanipun māyā, ingkang mawujud minangka gesang material ingkang kasindhet punika lan ingkang kapunsusun saking kalairan, pejah, yuswa sepuh lan lelara. Kawula sedaya sampun nglangkungi kathah sanget maneka rupi tetunggalanipun gesang lan wujud gesang ing salebetipun salira jalmi punika minangka satunggaling kalodhangan ingkang sae kangge dados medal saking rante pagantosan satunggaling salira dhateng salira sanesipun ingkang runtut setunggal sasampunipun sanesipun. Sang atma asipat langgeng lan tansah luber ing karaharjan, amargi piyambakipun minangka bageyan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran, Kṛṣṇa, sac-cid-ānanda, langgeng, luber ing karaharjan lan luber ing seserepan. Ketiwasan, ing salebetipun donya material punika, ing salebetipun gesang ingkang kasindhet punika, kawula sedaya saweg teras-terasan nggantosaken salira-salira ingkang benten-benten, nanging kawula sedaya mboten dipunpanggenaken malih wonten ing tataran rohani wonten pundi mboten wonten kalairan lan pejah. Mboten wonten seserepan. Ing satunggaling dinten, satunggaling psikiater rawuh lan manggihi kawula. Lan kawula mendhet pirsa, wonten pundi pambudinipun elmu panjenengan kangge mangertosi sang atma sarta kalenggahan dhasaripun? Dados kayektosanipun, saindhenging donya punika saweg wonten ing salebetipun pepeteng. Piyambakipun sedaya namung menggalih kangge seket, suwidak utawi setunggalatus warsa saking jangkanipun gesang punika kemawon, nanging piymbakipun sedaya mboten mangertosi bilih kawula sedaya langgeng, raharja lan luber ing seserepan, lan namung amargi salira material punika kemawon mila kawula sedaya nglampahi kalairan, pejah, yuswa sepuh lan lelara. Lan perkawis punika saweg kapuntindakaken teras-terasan.

Amargi menika Śrī Caitanya Mahāprabhu, saking lubering welas asihipun dhateng para atma ingkang sampun dhawah, mila Panjenenganipun miyos. Kṛṣṇa ugi sampun rawuh. Nanging Kṛṣṇa mboten patos loman. Kṛṣṇa maringaken sarat bilih, "Kasepisane pasrah dhiri marang Aku. Njur Aku arep ngopeni sampeyan." Nanging Caitanya Mahāprabhu langkung loman dipunbandhingaken kaliyan Kṛṣṇa, senaos dene Kṛṣṇa lan Caitanya Mahāprabhu menika sami. Dados dening berkahipun Caitanya Mahāprabhu, kawula sedaya saget kanthi gampil sanget mangertosi Kṛṣṇa. Saengga amargi menika mila Caitanya Mahāprabhu wonten ing mriki. Mila mangga kawula sedaya muja Panjenenganipun. Punika sanes perkawis ingkang ewed sanget. Yajñaiḥ saṅkīrtanaiḥ prāyair yajanti hi su-medhasaḥ. Kṛṣṇa-varṇaṁ tviṣākṛṣṇaṁ sāṅgopāṅgāstra-pārṣadam, yajñaiḥ saṅkīrtanam (SB 11.5.32). Panjenengan cekap ngendikaaken mantra Hare Kṛṣṇa kemawon, lajeng menapa kemawon ingkang panjenengan tindakaken, aturaken punika dhateng Caitanya Mahāprabhu. Panjenenganipun sae ati sanget. Panjenenganipun mboten merdulekaken kalepatan ingkang sampun kawula sedaya tindakaken. Pamujan dhateng Rādhā-Kṛṣṇa radi sakedhik ewed. Kawula sedaya kedah muja Panjenenganipun kanthi raos kagum lan kurmat ingkang ageng. Nanging Caitanya Mahāprabhu sampun kanthi sukalila rawuh kangge mbebasaken para atma ingkang dhawah. Kanthi ngaturaken paladosan ingkang prasaja kemawon, Panjenenganipun sampun badhe dados lega. Panjenenganipun badhe dados lega. Nanging sampun nyepeleaken Panjenenganipun. Amargi Panjenenganipun sae sanget atinipun lan luber ing welas asihipun, suraosipun sanes bilih kawula sedaya pareng nyupeaken kapinarakanipun. Panjenenganipun minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang murbeng Wasesa. Dados sasagedipun kawula sedaya kedah ngaturaken raos kurmat ingkang ageng sanget dhateng Panjenenganipun ... Nanging kauntunganipun inggih menika bilih Caitanya Mahāprabhu mboten merduleaken kalepatan ingkang sampun kawula sedaya tindakaken. Lan kangge nindakaken pamujan dhateng Panjenenganipun, kangge nglegekaken Panjenenganipun, punika gampil sanget. Yajñaiḥ saṅkīrtanaiḥ prāyair yajanti hi su-medhasaḥ. Cekap kanthi ngendikakaken mahā-mantra Hare Kṛṣṇa sarta ngigel, mila Caitanya Mahāprabhu badhe dados remen sanget. Panjenenganipun nepangaken kridha ngigel sarta nembang punika lan punika minangka proses ingkang paling gampil kangge nginsapi Gusti Pangeran. Dados sasagedipun .... Menawi saged, tindakaken perkawis punika sadangunipun sekawanlikur jam sedintenipun. Menawi mboten saged, sakmbotenipun kaping sekawan, kaping enem. Ngendikakaken Hare Kṛṣṇa wonten ngajengipun Caitanya Mahāprabhu, lan panjenengan badhe ngangsalaken kasil ig salebeting gesangipun. Punika kasunyatanipun.