JV/Prabhupada 0021 - Kenging Menapa Kathah Kedadosan Pegatan Ing Nagari Punika

Revision as of 17:44, 1 October 2020 by Elad (talk | contribs) (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on SB 6.1.26 -- Honolulu, May 26, 1976

Dados, punika gesang ingkang limrah. Sedaya priyantun dipunewedaken ing salebetipun kridha material ingkang kados mekaten, lan prinsip dhasar saking kridha material inggih menika gṛhastha, utawi gesang sesemahan. Gesang sesemahan, miturut sistem Veda, utawi wonten pundi-pundi kemawon, minangka gesang ingkang nanggel jawab kangge ngupakara garwa estri lan lare-larenipun. Sedaya priyantun dipunewedaken ing salebetipun perkawis punika. Piyambakipun sedaya menggalih bilih namung setunggal perkawis menika kemawon ingkang minangka kuwajiban. "Kangge ngupakara kulawargi, punika kuwajiban kawula. Kanthi sekeca sanget, punika kuwajiban kawula." Para priyantun mboten menggalih bilih kuwajiban kados mekaten punika malah ugi dipuntindakaken dening para satwa. Para satwa punika ugi nggadhahi lare lan piyambakipun ugi kedah maringi dhaharan dhateng para larenipun. Lajeng menapa bentenipun?

Amargi menika tembung ingkang dipunginakaken wonten mriki inggih menika mūḍha. Mūḍha suraosipun keledai. Para priyantun dipunewedaken ing salebetipun kuwajiban kados mekaten, bhuñjānaḥ prapiban khādan. Prapiban. Prapiban suraosipun ngunjuk lan bhuñjānaḥ suraosipun dhahar. Nalikanipun dhahar, nalikanipun ngunjuk, khādan, nalikanipun ngemah, carva casya raja preya (?). Wonten sekawan rupi dhaharan. Kadang kawis kawula sedaya ngemah, kadang kawis kawula sedaya ndilat, (ngendikan ngginaaken basa Sansekerta), kadang kawis kawula sedaya ngulu lan kadang kawis kawula sedaya ngunjuk. Dados wonten sekawan rupi bakalipun dhaharan. Amargi menika kawula nembang : catuḥ vidhā śrī-bhagavat-prasādāt. Catuḥ vidhā suraosipun sekawan rupi. Dados kawula sedaya ngaturaken kathah sanget bakalipun dhaharan dhateng Arca ing salebetipun sekawan golongan punika. Wonten ingkang dipunkemah, wonten ingkang dipundilat, wonten ingkang dipunulu. Kanthi cara kados mekaten.

Dados, bhuñjānaḥ prapiban khādan bālakaṁ sneha-yantritaḥ. Rama lan ibu ngupakara para yoganipun, kados pundi anggenipun maringaken bakal dhaharan. Kawula sedaya mirsani Ibu Yaśodā saweg maringaken dhaharan dhateng Kṛṣṇa. Punika minangka satunggaling perkawis ingkang sami. Nanging punika bentenipun. Kawula saweg maringaken dhaharan dhateng limrahipun lare, ingkang ugi dipuntindakaken dening para kucing lan segawon, nanging Ibu Yaśodā saweg maringaken dhaharan dhateng Kṛṣṇa. Prosesipun sami. Prosesipun mboten benten, nanging proses ingkang setunggal kapanceraken dhateng Kṛṣṇa, sauntawis proses ingkang sanesipun kapanceraken dhateng satunggaling perkawis ingkang mboten-mboten. Punika bentenipun. Nalikanipun prosesipun kapanceraken dhateng Kṛṣṇa, mila punika asipat rohani, nanging nalikanipun prosesipun kapanceraken dhateng satunggaling perkawis ingkang mboten-mboten, mila punika asipat material. Mboten wonten bentenipun menggah ing materinipun .... Nanging punika bentenipun.

Wonten perkawis-perkawis ... Kados dene antawis pepinginan-pepinginan ingkang luber ing napsu kaliyan tresna asih, tresna asih ingkang murni. Menapa bentenipun antawis pepinginan-pepinginan ingkang luber ing napsu kaliyan tresna asih ingkang murni? Ing wekdal menika kawula sedaya, para priyantun kakung lan priyantun estri, kawula sedaya saweg sesrawungan sesarengan, kacampur ing salebetipun pepinginan-pepinginan ingkang luber ing napsu lan Kṛṣṇa ugi saweg sesrawungan kaliyan para gopī. Kekalih kawontenan punika kanthi kawistara ketingal kados satunggaling perkawis ingkang sami. Nanging menapa bentenipun? Bentenipun sampun dipunandharaken dening sang panyerat Caitanya-caritāmṛta, inggih menika mengah ing menapa bentenipun antawis pepinginan ingkang luber ing napsu kaliyan tresna asih? Punika sampun dipunandharaken. Piyambakipun ngendika, ātmendriya-prīti-vāñchā-tāre bali 'kāma' (CC Adi 4.165), "Nalikanipun kawula ngersaaken nglegakaken indriya-indriya kawula, mila punika kāma." Nanging : kṛṣṇendriya-prīti-icchā dhare 'prema' nāma, "Lan nalikanipun kawula ngersakaken nglegakaken indriya-indriyanipun Kṛṣṇa, mila punika tresna asih, punika prema." Punika bentenipun. Wonten mriki, ing donya material punika, mboten wonten ingkang dipunwastani minangka tresna asih, amargi priyantun kakung lan priyantun estri, piyambakipun sedaya mboten mangertosi bilih, "Kawula sesrawungan kaliyan priyantun menika, priyantun ingkang nglegakaken pepinginan-pepinginan sareng kawula." Sanes. "Kawula badhe nglegakaken pepinginan kawula." Punika prinsip dhasaripun. Priyantun kakung saweg menggalih bilih, "Kanthi sesrawungan sareng priyantun estri punika, kawula badhe nglegakaken pepinginan indriya-indriya kawula," lan priyantun estri ugi saweg menggalih bilih, "Kanthi sesrawungan sareng priyantun kakung punika, kawula badhe nglegakaken pepinginan-pepinginan kawul.,"

Amargi menika ketingal kanthi kawistara sanget wonten ing nagari-nagari Kulon punika, bilih sanalikanipun wonten pakewet ing salebetipun budidaya nglegakaken indriya-indriya, mila sanalikanipun ugi kedadosan pegatan. Punika alesan psikologisipun, kenging menapa kathah kedadosan pegatan ing nagari punika. Sumbering panyababipun inggih menika bilih, "Sanalikanipun kawula mboten manggihaken kalegan, mila kawula mboten ngersakaken punika malih." Perkawis punika dipunpratelaaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam : dāṁ-patyaṁ ratim eva hi (SB 12.2.3). Ing wekdal menika, sesambetan antawis garwa kakung kaliyan garwa estri suraosipun namung kanikmatan seks kemawon, satunggaling perkawis ingkang asipat pribadi. Mboten wonten ingkang ngendika, "Kawula sedaya gesang sesarengan, kawula sedaya badhe nglegakaken Kṛṣṇa kanthi dados mumpuni ing salebetipun perkawis kados pundi anggenipun nglegakaken Kṛṣṇa." Punika pakempalan kainsapan Kṛṣṇa.