JV/Prabhupada 0023 - Insap Dhateng Kṛṣṇa Sadherengipun Pejah

Revision as of 04:06, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Sri Isopanisad Invocation Lecture -- Los Angeles, April 28, 1970

Dados dipundhawuhaken wonten mriki bilih jagad raya nggadhahi wekdalipun piyambak, ingkang dipuntamtoaken lumantar energi saking sedayanipun ingkang jangkep. Jagad raya minangka ugi satunggaling salira material ingkang ageng sanget. Punika kemawon. Sami kados dene salira panjenengan, mila sedayanipun asipat relatip. Ing salebetipun elmu seserepan modhern wonten hukum relatipitas. Satunggaling atom, unsur ingkang alit, semut ingkang alit, sedayanipun nggadhahi gesang ingkang asipat relatip lan panjenengan ugi nggadhahi gesang ingkang asipat relatip.

Sami kados dene kaliyan salira ingkang ageng sanget punika, mbok menawi jagad raya punika badhe panggah wonten dumugi mayuta-yuta warsa, nanging menika mboten badhe wonten kangge saterasipun. Punika kasunyatanipun. Amargi jagad raya punika ageng sanget, mila piyambakipun saged panggah wonten sadangunipun mayuta-yuta warsa, nanging piyambakipun badhe purna. Punika hukumipun ngalam. Lan nalikanipun wekdalipun sampun dipunjangkepi, mila wujud sauntawis punika badhe dipunleburaken lumantar tatanan ingkang jangkep saking ingkang paripurna, Sang Maha Paripurna ingkang Utami. Naikanipun wekdalipun panjenengan badhe dipunjangkepi, mila mboten wonten malih sang bendara ing salebetipun salira punika. Mboten wonten ingkang saget ngendhegaken. Pranatan punika sakmekaten kiyatipun. Panjenengan mboten saget matur, "Nyuwun kepareng supados kawula panggah wonten mriki." Perkawis menika sayekti badhe kedadosan.

Nalikanipun kawula saweg wonten ing India, ing Allahabad, salah setunggal saking ... satunggaling mitra ingkang kasuwur, piyambakipun minangka satunggaling priyantun ingkang artawan. Lan piyambakipun saweg sekarat. Mila lajeng piyambakipun nyuwun dhateng dokter, "Menapa panjenengan mboten saget maringaken dhateng kawula paling mboten sekawan warsa malih kalodhangan kangge gesang? Panjenengan sumerap bilih kawula gadhah rancangan-rancangan. Nanging kawula mboten saged nuntasaken rancangan punika."

Dados, monggo dipunpirsani. Āśā-pāśa-śatair baddhāḥ. (BG 16.11-12). Punika minangka sipatipun asura. Saben priyantun menggalih bilih, "Oh, kawula kedah nindakaken menika. Kawula kedah nindakaken menika." Mboten. Senaos dene para dokter utawi ramanipun para dokter utawi malah ugi ramanipun rama para dokter, mboten wonten setunggalpun sarjana ingkang saged ngendhegaken perkawis punika. "Oh, mboten, Bapak. Mboten saget sekawan warsa. Malah mboten saget ugi sekawan menitpun. Panjenengan panggah kedah tindak sakmenika." Punika hukumipun.

Dados sadherengipun wekdal punika rawuh, para priyantun kedah dados rigen sanget kangge nginsapi kainsapan Kṛṣṇa. Tūrṇam yateta. (SB 11.9.29). Tūrṇam suraosipun kanthi enggal sanget, kanthi enggal sanget panjenengan kedah nginsapi kainsapan Kṛṣṇa. Anu ... Salajengipun, sadherengipun pejah, wekdal pejahipun ingkang salajengipun rawuh, panjenengan kedah sampun nuntasaken pakaryanipun. Punika ingkang dipunwastani minangka kalantipan. Menawi mboten, mila panjenengan tamtu badhe dipunkawonaken. Maturnuwun.