JV/Prabhupada 0025 - Menawi Kawula Sedaya Ndugekaken Perkawis Ingkang Asipat Sejati, Mila Punika Badhe Kapuntindakaken



Conversation with Yogi Amrit Desai of Kripalu Ashram (PA USA) -- January 2, 1977, Bombay

Yogi Amrit Desai : Kawula nggadhahi sakmekaten kathahipun tersna asih kagem panjenengan lan kawula matur bilih kawula kedah dugi mriki kangge setunggal darśana.

Prabhupada : Matur sembah nuwun.

Yogi Amrit Desai : Kawula saweg matur dhateng para panyembah. Kawula matur bilih panjenengan menika ...

Prabhupada : Menapa panjenengan sareng Dr. Mishra?

Yogi Amrit Desai : Mboten, kawula mboten sareng piyambakipun. Kawula saweg matur dhateng sedaya panyembah wonten mriki. Kawula matur bilih Srila Prabhupada minangka priyantun kasepindhah ingkang mbeta bhakti dhateng Donya Kulon, panggenan wonten pundi perkawis menika minangka setunggaling perkawis ingkang dipunbetahaken sanget. Amargi wonten mrika sampun kathah sanget perkawis ingkang wonten ing salebetipun mastaka, panggalih, panggalih, panggalih. Margi tresna asih punika sayekti lebet sanget

Prabhupada : Mangga dupunpirsani. Menawi panjenengan ndugekaken satunggaling perkawis ingkang sejati.

Yogi Amrit Desai : Sejati sanget.

Prabhupada : Mila perkawis punika bade dipuninsapi.

Yogi Amrit Desai : Dados punika sababipun kenging menapa perkawis punika sapunika saweg thukul kanthi sae sanget, amargi perkawis punika minangka setunggal perkawis ingkang sejati.

Prabhupada : Lan minangka kuwajibanipun para priyantun India kangge ndugekaken perkawis ingkang sejati menika dhateng piyambakipun sedaya. Punika para-upakāra. Sakderengipun kawula, para swami lan para yogī sampun tindak dhateng mrika kangge merdaya piyambakipun sedaya.

Yogi Amrit Desai: Sanes, piyambakipun sedaya ajrih maringaken kaluhuran amargi ajrih menawi piyambakipun sedaya mboten badhe dipuntampi.

Prabhupada : Piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa kaluhuran punika. (gumujeng). Sanes ajrih. Kenging menapa? Menawi satunggaling priyantun wonten ing tataran kaluhuran, kenging menapa piyambakipun kedah ajrih?

Yogi Amrt Desai : Tamtu kemawon.

Prabhupada : Piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa kaluhuran punika, dipunwiwiti saking Vivekananda.

Yogi Amrit Desai : Sedayanipun leres. Mangga dipunpirsani, sasampunipun panjenengan rawuh ... Kawula wonten mrika ing warsa 1960. Kawula ngawiti milang yoga. Nanging saksampunipun panjenengan rawuh, kawula dados mboten ngraos ajrih malih kangge milang bhakti lan ngendikakaken mantra. Dados sapunika kawula sedaya nggadhahi kathah sanget bhakti ing salebetipun asrama, kathah sanget bhakti. Lan kawula masrahaken sedaya raos kurmat kawula punika dhateng panjenengan, amargi rumiyinipun kawula ajrih kangge maringaken perkawis punika dhateng piyambakipun sedaya amargi kawula menggalih, "Piyambakipun sedaya minangka priyantun Kristen. Piyambakipun sedaya mboten badhe ngremeni bhakti. Piyambakipun sedaya badhe klentu tampi." Nanging panjenengan sampun ngetingalaken setunggal mukjisat. Gusti Pangeran, Kṛṣṇa, sampun ngetingalaken mukjisat lumantar panjenengan. Punika sayekti ngedab-edabaken sanget, mukjisat ingkang paling ageng wonten ing saindhenging jagad. Kawula ngraos yakin sanget menggah ing perkawis punika.

Prabhupada : Panjenengan sae sanget atinipun amargi sampun maringaken pratela punika. Menawi kawula sedaya ndugekaken satunggaling perkawis ingkang sejati, mila punika badhe kapuntindakaken.

Yogi Amrit Desai : Leres. Punika ugi minangka ingkang saweg kawula tindakaken. Saben priyantun ... Kawula sedaya nggadhahi kinten-kinten 180 priyantun ingkang manggen saterasipun ing salebetipun asrama, lan piyambakipun sedaya mboten krama. Sedayanipun wungu sare jam 4.00 enjang lan sare jam 9.00 dalu. Lan piyambakipun sedaya malah ugi mboten gentos-genten ndumuki ingkang sanesipun. Sedayanipun sare ing panggenanipun piyambak-piyambak. Piyambakipun sedaya malah ugi lenggah piyambak-piyambak ing salebetipun sat-sanga. Sedayanipun dipuntindakaken kanthi setiti. Mboten wonten narkotika lan jampi bius, mboten wonten alkohol, mboten wonten dhahar ulam, mboten wonten wedang teh, mboten wonten wedang kopi, mboten wonten bawang kaliyan brambang. Sedayanipun murni.

Prabhupada : Sae sanget. Inggih. Kawula ugi tumut perkawis ingkang kados mekaten.

Yogi Amrit Desai : Inggih.

Prabhupada : Nanging menapa panjenengan nggadhahi Arca?

Yogi Amrit Desai : Inggih. Gusti Pangeran Kṛṣṇa lan Radha ingkang minangka arcanipun kawula sedaya. Guru karohanen kawula inggih menika Swami Kripalu- Anandi. Piyambakipun wonten ing ... ing celakipun Baroda, wonten pundi piyambakipun nggadhahi setunggal asrama. Piyambakipun sampun nindakaken sadhana sadangunipun pitulikur warsa, lan sadangunipun kalihwelas warsa piyambakipun mboten nate ngendikan. Ing warsa-warsa pungkasan punika, piyambakipun ngendika sepindhah utawi kaping kalih, amargi kathah priyantun ingkang nyuwun dhateng piyambakipun.

Prabhupada : Menapa piyambakipun mboten nindakaken japa?

Yogi Amrit Desai : Piyambakipun nindakaken japa. Sadangunipun nindakaken mertapa bisu, piyambakipun dipunparengaken nindakaken japa. Amargi nalikanipun piyambakipun ngendikakaken ... nalikanipun panjenengan ngendikakaken asma suci Gusti Pangeran, punika mboten dipunmastani minangka nglanggar mertapa bisu. Dados piyambakipun nindakaken japa.

Prabhupada : Mboten ngendikan punika suraosipun kawula sedaya mboten ngendika menapa-menapa kemawon ingkang namung asipat umuk-umukan. Kawula sedaya namung badhe ngendikakaken Hare Kṛṣṇa. Punika ingkang dipunkersakaken minangka mboten ngendikan. Tinimbang nelasaken wekdal kanthi ngendikan perkawis inkang asipat material, mangga kawula sedaya ngendikakaken Hare Kṛṣṇa. Punika perkawis ingkang asipat positip. Lan menawi namung saderma mboten ngendikan kemawon, punika asipat negatip. Mangga kawula sedaya ngendhegaken ingkang umuk-umukan punika, mangga ngendikan ingkang tinemu nalar.

Yogi Amrit Desai : Leres! Punika sayekti leres.

Prabhupada : Paraṁ dṛṣṭvā nivartate (BG 2.59). Paraṁ dṛṣṭvā nivartate. Menawi satunggaling priyantun ngendhegaken umuk-umukanipun, mila paraṁ, Ingkang Utami ... Paraṁ dṛṣṭvā nivartate. Nalikanipun panjenengan ngangsalaken perkawis ingkang langkung sae, mila kanthi limrah panjenengan badhe ngendhegaken perkawis ingkang namung minangka runtah. Dados menapa kemawon ingkang asipat material, punika minangka runtah. Karma, jñāna, yoga, sedayanipun asipat material. Karma, jñāna, yoga. Malah ugi dumugi sedayanipun ingkang namung dipunwastani minangka yoga kemawon, sedayanipun asipat material.