JV/Prabhupada 0027 - Piyambakipun Sedaya Mboten Mangertosi Bilih Wonten Gesang Salajengipun



Lecture on CC Adi-lila 7.1 -- Atlanta, March 1, 1975

Dados (Maos) : "Satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun tataran kasindhet saking kawontenan material punika sayektosipun saweg wonten ing salebetipun swasana nirdaya. Nanging sang atma ingkang kasindhet punika, ing ngandhapipun pangaribawa angen-angenipun māyā utawi energi jawi, dados menggalih bilih piyambakipun sayekti dipunayomi dening nagarinipun, masarakatipun, kamitranipun lan tresna asihipun, lan mboten mangertosi bilih nalika wekdal pejahipun, mboten setunggalpun saking perkawis-perkawis punika ingkang saget ngawilujengaken piyambakipun."

Punika ingkang dipunwastani minangka māyā. Nanging piyambakipun mboten pitados. Ing ngandhapipun angen-angen māyā, piyambakipun ugi mboten pitados dhateng suraosipun pitulungan menika. Pitulungan. Pitulungan punika suraosipun ngawilujengaken satunggaling priyantun saking ambalan, puteranipun kalairan lan pejah. Punika ingkang minangka pitulungan ingkang sejati. Nanging piyambakipun mboten mangertos.

(Maos). "Hukumipun ngalam material punika sakmekaten kiyatipun saengga mboten wonten setunggalpun saking menapa-menapa ingkang minangka gadhahan materialipun kawula sedaya ingkang saget ngawilujengaken kawula sedaya saking hastanipun pejah ingkang wengis sanget."

Sedaya priyantun mangertosi perkawis punika. Lan punika ingkang minangka perkawisipun ingkang sejati. Sinten ingkang mboten ajrih dhateng pejah? Sedaya priyantun ajrih dhateng pejah. Kenging menapa? Amargi saben dumadi, piyambakipun mboten dipuntujoaken kangge pejah. Piyambakipun langgeng, amargi menika kalairan, pejah, yuswa sepuh lan lelara, perkawis menika sedaya minangka satunggaling kasisahan kangge piyambakipun. Amargi piyambakipun langgeng, mila piyambakipun mboten dipunlairaken, na jāyate, lan satunggaling priyantun ingkang mboten dipunlairaken, mila piyambakipun ugi mboten pejah, na mriyate kadācit. (BG 2.20). Punika minangka sejatining kalenggahanipun kawula sedaya. Amargi menika kawula sedaya ajrih dhateng pejah. Punika minangka limrahing pepinginanipun kawula sedaya.

Mila kangge ngawilujengaken kawula sedaya saking pejah ... Punika minangka perkawis ingkang paling wigati saking para jalmi. Kawula milangaken kainsapan Kṛṣṇa punika namung kangge setunggal angkah punika kemawon. Lan menika kedahipun dados angkahipun saben priyantun. Punika minangka pitedahipun śāstra. Piyambakipun sedaya ingkang minangka para pangayom ... Pangreh, rama, guru, piyambakipun sedaya minangka pangayomipun para lare. Piyambakipun sedaya kedah mangertosi perkawis punika, kados pundi anggenipun kangge maringaken pangayoman dhateng ngalam donya ... Na mocayed yaḥ samupeta mṛtyum (SB 5.5.18). Dados wonten pundi filsafat punika ing saindhenging donya? Mboten wonten filsafat ingkang kados mekaten. Namung punika setunggalipun, pakempalan kainsapan Kṛṣṇa, ingkang ngajengaken filsafat punika, sanes kanthi ingkang mboten-mboten, nanging adhedasar saking śāstra ingkang absah, inggih menika kasusastran Veda, ingkang minangka sumberipun kawisesan.

Dados punika panyuwunipun kawula. Kawula mbikak center-center ingkang benten-benten wonten ing saindhenging donya kangge kawigatosanipun masarakat para jalmi amargi piyambakipun sedaya mboten mangertosi angkahipun gesang, piyambakipun sedaya mboten mangertosi wontenipun gesang salajengipun sasampunipun pejah. Perkawis-perkawis punika ingkang mboten dipunmangertosi dening piyambakipun sedaya. Mboten dipunringa-ringaaken malih, wonten gesang ingkang salajengipun, lan panjenengan saget nyamektaaken gesang salajengipun ing salebetipun gesang sapunika. Panjenengan saget tindak dhateng tatanan planet ingkang langkung nginggil kangge ngangsalaken kanikmatan material ingkang langkung sae. Panjenengan saget panggah wonten ing mriki ing salebetipun kalenggahan ingkang tentrem. Tentrem menggah ing perkawis punka dipuntujoaken kangge gesang material punika. Sami kados dene ingkang dipundhawuhaken,

yānti deva-vratā devān
pitṟn yānti pitṛ-vratāḥ
bhūtāni yānti bhūtejyā
mad-yājino 'pi yānti mām
(BG 9.25)

Dados panjenengan saget nyamektaaken dhirinipun kangge gesang ingkang langkung sae ing salebetipun planet-planet swarga utawi ing salebetipun masarakat ingkang langkung sae wonten ing donya punika utawi tindak dhateng planet-planet wonten pundi para dedhemit lan para bajingan ingkang sanesipun saweg kuwaos. Utawi panjenengan saget tindak dhateng planet ingkang minangka panggenanipun Kṛṣṇa. Sedayanipun gumantung dhateng pepinginanipun panjenengan. Yānti bhūtejyā bhūtāni mad-yājino 'pi yānti mām. Panjenengan namung kedah nyamektaaken dhirinipun piyambak kemawon.

Sami kados dene ing salebetipun gesang wonten ing wekdalipun kanoman, wonten pundi piyambakipun sedaya ngangsalaken pangajaran - wonten ingkang badhe dados insinyur, wonten ingkang badhe dados dokter, wonten ingkang badhe dados advokat lan taksih kathah kawisesan ingkang sanesipun - lan piyambakipun sedaya saweg nyamektaaken dhirinipun lumantar pangajaran, lan sami kados dene, panjenengan ugi saget nyamenktaaken dhiri kangge gesang salajengipun. Perkawis menika mboten ewed sanget kangge dipunmangertosi. Nanging piyambakipun sedaya mboten pitados menggah ing wontenipun gesang salajengipun, sanaos dene punika tinemu nalar sanget. Sayektosipun gesang ingkang salajengipun menika wonten amargi Kṛṣṇa sampun ndhawuhaken perkawis punika lan lumantar sakedhik kelantipan kemawon, kawula sedaya saget mangertosi filsafat punika bilih wonten gesang salajengipun. Dados pamrayoganipun kawula inggih menika bilih, "Menawi panjenengan kedah nyamektaaken dhiri kangge gesang salajengipun, mila kenging menapa panjenengan mboten babar pindhah nyamektaaken dhiri kangge wangsul malih dhateng dalem, wangsul dhateng Gusti Pangeran?" Punika pamrayoganipun kawula.