JV/Prabhupada 0028 - Sang Buddha Inggih Menika Gusti Pangeran



Lecture on Sri Isopanisad, Mantra 1 -- Los Angeles, May 3, 1970

Gargamuni (Maos) : "Menika ugi minangka satunggaling kalepatan kangge mastani bilih namung kanthi dados satunggaling priyantun vegetarian mila satunggaling priyantun saged ngawilujengaken piyambakipun saking palanggaran dhateng hukum-hukum ngalam. Janganan ugi nggadhahi gesang. Satunggaling gesang dipuntujoaken dados dhaharan kangge satunggaling dumadi sanesipun, lan menika minangka hukum ngalam. Satunggaling priyantun kedahipun mboten dados ngraos ageng atinipun namung kanthi dados satunggaling priyantun vegetarian ingkang tuhu. Underanipun inggih menika kangge mangertosi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Para satwa mboten nggadhahi kainsapan ingkang sampun dipunrembakakaken kangge mangertosi Gusti Pangeran, nanging satunggaling priyantun ..."

Prabhupāda : Punika bakuning rembagan ingkang utami. Sami kados dene para umat Buddha, piyambakipun sedaya ugi minangka para vegetarian. Kanthi dipunbakuaken dhateng prinsip-prinsip Buddha ... Sapunika sedayanipun sampun dados asor sanget, nanging pituturipun Sang Buddha sakmboten-mbotenipun inggih menika kangge ndadosaken para bajingan punika mboten mejahi para satwa malih. Ahiṁsā paramo dharma. Miyosipun Sang Buddha dipunandharaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam sarta ing salebetipun kathah sanget kasusastran Veda sanesipun. Sura-dviṣām. Panjenenganipun rawuh kangge merdaya para asura. Para asura ... Panjenenganipun ndamel satunggaling kawicaksanan ingkang ndadosaken para asura dipunperdaya. Kados pundi anggenipun Panjenenganipun merdaya? Para asura menika tansah mboten miturut pitedahipun Gusti Pangeran. Piyambakipun sedaya mboten pitados dhateng Gusti Pangeran. Dados Sang Buddha nindakaken panyebaran dhateng, "Iya, Gusti Pangeran iku ora ana. Nanging sampeyan kudu manut karo omonganKu." "Inggih, Ndara." Nanging tamtu kemawon, Panjenenganipun minangka Gusti Pangeran. Dados punika minangka satunggaling dhusta. Inggih. Piyambakipun sedaya mboten pitados dhateng Gusti Pangeran, nanging sedayanipun pitados dhateng Sang Buddha, lan Sang Buddha inggih menika Gust Pangeran. Keśava-dhṛta-buddha-śarīra jaya jagadīśa hare.

Dados punika bentenipun antawis satunggaling asura kaliyan satunggaling panyembah. Satunggaling panyembah mirsani kados pundi Kṛṣṇa, Keśava, saweg merdaya para bajingan punika. Para panyembah saget mangertosi. Nanging para asura punika, sedayanipun menggalih, "Oh, kawula sedaya nggadhahi pengageng ingkang sae. Pengagengipun kawula sedaya mboten pitados dhateng Gusti Pangeran." (Gumuyu). Panjenengan pirsani? Sammohāya sura-dviṣām (SB 1.3.24). Istilah ing salebetipun tembung Sansekerta ingkang leres dipunandharaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam. Panjenengan sampun mirsani, piyambakipun sedaya ingkang sampun maos : sammohāya, kangge sura-dviṣām ingkang ngewuhaken. Sura-dviṣām suraosiun para priyantun ingkang meri dhateng para Vaiṣṇava. Golongan atheis, para asura, piyambakipun sedaya tansah meri dhateng para panyembah. Punika minangka hukum ngalam. Panjenengan sampun ningali sang rama punika. Sang rama ingkang dados mengsah saking puteranipun ingkang yuswanipun nembe gangsal warsa. Menapa ingkang dados lepating puteranipun? Piyambakipun minangka satunggaling panyembah. Punika kemawon. Lare kakung ingkang mboten gadhah dosa. Piyambakipun namung, kajengipun kawula, namung kesengsem dhateng pangendikan mantra Hare Kṛṣṇa. Sang rama, piyambakipun dados satunggaling mengsah ingkang kiyat sanget, "Patenana bocah lanang iki." Dados, menawi satunggaling rama kemawon saged dados mengsah, menapa malih priyantun ingkang sanesipun.

Dados panjenengan sampun kedah tansah nginten-inten bilih sanalikanipun panjenengan dados panyembah, mila saindhenging ngalam donya saged dados mengsahipun panjenengan. Punika kemawon. Nanging panjenengan kedah ngadhepi piyambakipun sedaya, amargi panjenengan sampun dipunpilih minangka para abdi sewakanipun Gusti Pangeran. Misinipun panjenengan inggih menika kangge maringaken pepadhang dhateng piyambakipun sedaya. Dados panjenengan mboten saged namung ... Sami kados dene Gusti Pangeran Nityānanda, Panjenenganipun saweg ketaton, nanging Panjenenganipun panggah mbebasaken Jagāi-Mādhāi. Punika ingkang kedah dados prinsipipun panjenengan. Kadang kawis kawula sedaya kedah merdaya, kadang kawis kawula sedaya kedah ketaton - wonten kathah sanget perkawisipun. Namung wonten setunggal cara menggah ing kados pundi para priyantun saged dados insap dhateng Kṛṣṇa. Punika misinipun kawula sedaya. Lumantar maneka warni cara, para bajingan punika kedah dipunewah dados mlebet dhateng kainsapan Kṛṣṇa, mboten mangertos menapa lumantar cara menika utawi cara ingkang sanesipun.