JV/Prabhupada 0029 - Sang Buddha Merdaya Para Asura



Sri Isopanisad, Mantra 1 -- Los Angeles, May 3, 1970

Dados Sang Buddha, Panjenenganipun merdaya para asura. Kenging menapa Panjenenganipun merdaya? Sadaya-hṛdaya darśita-paśu-ghātam. Panjenenganipun luber sanget welas asihipun. Gusti Pangeran tansah luber welas asihipun dhateng sedaya dumadi amargi saben dumadi minangka puteranipun. Dados para bajingan menika saweg nindakaken pepati ingkang tanpa wates, ingkang sayektosipun namung mejahi para satwa kemawon ... Lan menawi panjenengan mundhut pirsa, "Oh, kenging menapa panjenengan nindakaken pepati dhateng para satwa?" mila piyambakipun sedaya sanalikanipun badhe mangsuli bilih, "Oh, punika kapunserat ing salebetipun Veda, paśavo vadhāya sṛṣṭa." Pepati dhateng satwa kapunserat ing salebetipun Veda, nanging menapa kersa ingkang sayektosipun? Kersa ingkang sayektosipun inggih menika kangge nguji mantra Veda. Setunggal satwa badhe dipunlebetaken dhateng latu, lan lumantar mantra Veda satwa menika badhe dipunebah dados langkung enem. Punika kurban, kurban satwa. Kersanipun sanes kangge dipundadosaken minangka dhaharan.

Amargi menika ing jaman Kali menika, Caitanya Mahāprabhu sampun nglarang sedaya maneka rupi yajña amargi mboten wonten, kajengipun kawula, brāhmaṇa mumpuni ingkang saget ngendikakaken mantra lan nindakaken pandadaran dhateng mantra Veda punika lumantar, "Punika ingkang miyos." Inggih menika ... Sadherengipun nindakaken yajña, kangge mangertosi sapinten ampuhipun mantra punika, mila mantra punika dipunuji rumiyin kanthi ngurbanaken setunggal satwa lan saklajengipun maringaken malih dhateng satwa menika satunggaling gesang ingkang enggal. Mila kedah dipunmangertosi bilih para pandita ingkang ngendikakaken mantra kedah ngendikakaken mantra punika kanthi leres. Dados punika minangka satunggaling pandadaran. Sanes kangge nindakaken pepati dhateng satwa. Nanging para bajingan punika, piyambakipun sedaya ngendikakaken mantra punika amargi sedayanipun ngersaaken ndhahar para satwa punika kanthi tinemu nalar bilih, "Punika, wonten mriki kapunserat menggah ing pepati dhateng para satwa." Sami kados dene ingkang kedadosan ing Calcutta ... Panjenengan sampun nate tindak dhateng Calcutta? Wonten setunggal margi, College Street. Sapunika margi menika sampun dipunparingi asma ingkang sanes. Kawula menggalih bilih sapunika margi menika asmanipun Vidhan Raya (?). Kados mekaten menika... Senaos dene ugi, wonten mrika wonten panti-panti jagal satwa. Dados menika minangka panti jagal satwa kangge para priyantun Hindu, amargi piyambakipun sedaya mboten tumbas ulam daging saking tokonipun para priyantun Muslim. Punika dipunmastani minangka ingkang mboten suci.

Sayektosipun punika minangka perkawis ingkang sami : rereged, senaos dene dipunpirsani saking sisih mrika utawi saking sisih mriki. Piyambakipun sedaya tansah kemawon dhahar ulam daging, nanging pundhutan saking toko Hindu dipunmastani suci, senaos dene pundhutan saking toko Muslim dipunmastani mboten suci. Punika namung angen-angen panggalih kemawon. Agama ing wekdal sapunika saweg kapuntindakaken kados mekaten. Amargi menika .... amargi menika tansah tuwuh perang, "Kawula priyantun Hindu," "Kawula priyantun Muslim," "Kawula priyantun Kristen." Sayektosipun mboten wonten setunggalpun priyantun ingkang mangertosi agamanipun. Panjenengan pirsani? Piyambakipun sedaya, para bajingan punika, sampun mboten nindakaken agamanipun malih. Sampun mboten wonten agama malih. Agama ingkang sayekti inggih menika kainsapan Kṛṣṇa, ingkang mucalaken kados pundi anggenipun nresnani Gusti Pangeran. Punika kemawon. Punika agama. Saben agama, mboten perduli menapa punika agama Hindu, agama Islam, agama Kristen, menawi panjenengan saweg ngrembakakaken raos tresna asih dhateng Gusti Pangeran, mila panjenengan sampurna ing salebetipun agamanipun.