JV/Prabhupada 0031 - Gesang Lumantar Pangendikanipun Kawula, Lumantar Pituturipun Kawula



Room Conversation 1 -- November 10, 1977, Vrndavana

Prabhupāda : Wonten kalih perkawis, inggih menika gesang utawi pejah. Dados menawi kawula pejah, wonten pundi kalepatanipun? Lan menawi wonten pejah, mila punika minangka satunggaling perkawis ingkang limrah.

Jayapatāka : Kangge panjenengan, Śrīla Prabhupāda, dados gesang utawi pejah menika mboten wonten bentenipun amargi panjenengan wonten ing tataran rohani, nanging kangge kita sedaya, menawi panjenengan nilaraken salira material punika, mila kita sedaya badhe kecalan sesrawungan kaliyan panjenengan. Dados kangge kita sedaya, punika mboten nguntungaken sanget.

Prabhupāda : Panjenengan gesang lumantar pangendikanipun kawula, lumantar pituturipun kawula. Mmm.