JV/Prabhupada 0034 - Saben Priyantun Nampi Seserepan Saking Pihak Ingkang Nggadhahi Kawisesan

Revision as of 04:06, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 7.1 -- Durban, October 9, 1975

Parwa Kaping Pitu, "Seserepan Menggah Ing Ingkang Tanpa Wates." Wonten kalih perkawis, ingkang asipat tanpa wates lan ingkang asipat relatip. Punika minangka donya ingkang asipat relatip. Wonten mriki kawula sedaya mboten saged mangertosi setunggal perkawispun tanpa wontenipun tetimbangan dhateng perkawis ingkang sanesipun. Sanalikanipun kawula sedaya ngendika bilih, "Punika sang lare," mila tamtu wonten sang rama. Sanalikanipun kawula sedaya ngendika, "Punika sang garwa kakung," mila tamtu wonten sang garwa estri. Sanalikanipun kawula ngendika, "Punika sang abdi sewaka," mila tamtu wonten sang bendara. Sanalikanipun kawula sedaya ngendika, "Punika teja," mila tamtu wonten pepetheng. Punika ingkang dipunwastani minangka donya ingkang asipat relatip. Satunggaling priyantun kedah dipunmangertosi lumantar wedharan sanesipun ingkang asipat relatip. Nanging wonten donya sanesipun, ingkang dipunwastani minangka donya ingkang tanpa wates. Wonten mrika sang bendara lan sang abdi sewaka, sedayanipun sami. Mboten wonten bentenipun. Senaos dene ingkang setunggal minangka sang bendara lan ingkang sanesipun minangka sang abdi sewaka, nanging kalenggahanipun sami.

Mila Parwa Kaping Pitu saking Bhagavad-gītā punika maringaken dhateng kawula sedaya isyarat-isyarat menggah ing donya ingkang tanpa wates, seserepan ingkang tanpa wates. Kados pundi seserepan punika saget dipungayuh, menika saweg dipundhawuhaken dening Ingkang Tanpa Wates, Kaprianggan Ingkang Utami, Kṛṣṇa. Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Utami Ingkang Tanpa Wates.

īśvaraḥ paramaḥ kṛṣṇaḥ
sac-cid-ānanda-vigrahaḥ
anādir ādir govindaḥ
sarva-kāraṇa-kāraṇam
(Bs. 5.1)

Punika katamtuan menggah ing Kṛṣṇa ingkang dipunparingaken dening Dewa Brahmā ing salebeting pustakanipun ingkang kasuwur minangka Brahma-saṁhitā, satunggaling pustaka ingkang nggadhahi kawisesan ingkang nginggil sanget. Pustaka punika dipunkempalaken dening Śrī Caitanya Mahāprabhu saking India Kidul lan Panjenenganipun nyaosaken pustaka punika kangge para panyembahipun nalikanipun Panjenenganipun wangsul saking tindakan parikrama dhateng India Kidul. Amargi menika kawula sedaya nampi pustaka menika, Brahma-saṁhitā, minangka ingkang nggadhahi kawisesan sanget. Punika prosesipun kawula sedaya ing salebetipun budidaya ngangsalaken seserepan. Kawula sedaya nampi seserepan saking pihak ingkang nggadhahi kawisesan. Saben priyantun nampi seserepan saking pihak ingkang nggadhahi kawisesan, inggih menika pihak ingkang nggadhahi kawisesan menggah ing perkawis ingkang asipat jamak, nanging prosesipun kawula sedaya ing salebetipun panampi kawisesan radi sekedhik benten. Prosesipun kawula sedaya ing salebetipun panampi kawisesanipun satunggaling priyantun suraosipun inggih menika bilih piyambakipun sadherengipun ugi sampun nampi kawisesan dhateng piyambakipun. Satunggaling priyantun mboten saged dados nggadhahi kawisesan lumantar putusanipun piyambak. Punika mestail. Lan menika mboten sampurna.

Kawula sampun makaping-kaping maringaken tuladha punika, bilih satunggaling lare alit nyinau saking ramanipun. Sang lare alit mundhut pirsa dhateng sang rama, "Rama, mesin menapa punika?" lan sang rama mangsuli, "Anakku sing apik atine, iki dijenengi mikrofon." Mila sang lare alit nampi seserepan punika saking sang rama, "Punika mikrofon." Mila nalikanipun sang lare alit ngendikan dhateng priyantun sanesipun, "Punika mikrofon," mila perkawis punika leres. Senaos dene piyambakipun taksih lare alit, nanging amargi piyambakipun sampun nampi seserepan punika saking pihak ingkang nggadhahi kawisesan, mila pratelanipun leres. Sami kados dene, menawi kawula sedaya nampi seserepan saking pihak ingkang nggadhahi kawisesan, mila mbok menawi kemawon kawula taksih minangka satunggaling lare alit, nanging pratelanipun kawula leres. Punika prosesipun kawula sedaya ing salebetipun budidaya ngangsalaken seserepan. Kawula sedaya mestail ndamel seserepan. Punika proses ingkang dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā Parwa Kaping Sekawan. evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ (BG 4.2). Sistem paramparā punika ...

imaṁ vivasvate yogaṁ
proktavān aham avyayam
vivasvān manave prāha
manur ikṣvākave 'bravīt
(BG 4.1)

Evaṁ paramparā. Dados seserepan ingkang asipat tanpa wates saged dipungayuh nalikanipun kawula sedaya mireng saking Ingkang Tanpa Wates. Mboten wonten setunggal priyantunpun ing salebetipun donya relatip punika ingkang saged maringi pirsa dhateng kawula sedaya menggah ing seserepan ingkang asipat tanpa wates. Punika sayekti mestail. Dados kawula sedaya sampun mangertosi menggah ing donya ingkang tanpa wates, seserepan ingkang tanpa wates lan Kaprianggan Ingkang Utami, Kaprianggan Ingkang Tanpa Wates. Kaprianggan Ingkang Tanpa Wates suraosipun : anādir ādir govindaḥ (Bs. 5.1). Panjenenganipun minangka kaprianggan ingkang kawitan, nanging Panjenenganipun mboten kagungan wiwitan, lan amargi menika Panjenenganipun tanpa wates. Panjenenganipun sanes kangge dipunmangertosi minangka ingkang dipunsababaken dening satunggaling priyantun utawi dening menapa kemawon ingkang sanesipun. Punika Gusti Pangeran. Dados ing salebetipun parwa punika, amargi menika dipundhawuhaken, śrī bhagavān uvāca, Kaprianggan Ingkang Tanpa Wates ... Bhagavān suraosipun Kaprianggan Ingkang Tanpa Wates, ingkang mboten gumantung dhateng sinten kemawon ingkang sanesipun.