JV/Prabhupada 0035 - Ing Salebetipun Salira Punika Wonten Kalih Dumadi

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on BG 2.1-11 -- Johannesburg, October 17, 1975

Sapunika, Kṛṣṇa sampun mendhet kapinarakan minangka guru lan Panjenenganipun ngawiti maringaken pitedah. Tam uvāca hṛṣīkeśaḥ. Hṛṣīkeśa ..., asmanipun Kṛṣṇa ingkang sanesipun inggih menika Hṛṣīkeśa. Hṛṣīkeśa suraosipun hṛṣīka īśa. Hṛṣīka suraosipun indriya-indriya lan īśa suraosipun bendara. Amargi menika Kṛṣṇa minangka bendara saking indriya-indriyanipun kawula sedaya, indriya-indriyanipun sedaya priyantun. Punika badhe dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Tigawelas, bilih : kṣetra-jñaṁ cāpi māṁ viddhi sarva-kṣetreṣu bhārata (BG 13.3). Ing salebetipun salira punika wonten kalih dumadi. Ingkang setunggal inggih menika dhiri kawula piyambak, sang roh ingkang asipat individu, sang ātmā, lan ingkang sanesipun inggih menika Kṛṣṇa, sang Paramātmā. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe arjuna tiṣṭhati (BG 18.61).

Dados sakleresipun ingkang kagungan inggih menika Paramātmā. Kawula dipunparingi kalodhangan kangge migunaaken indriya-indriya punika, dados indriya-indriya kawula, ingkang namung sebatanipun kemawon indriya-indriya kawula, sedayanipun sakleresipun sanes indiya-indriya kawula. Kawula mboten ngripta asta kawula. Asta menika dipunripta dening Gusti Pangeran, utawi dening Kṛṣṇa, lumantar ngalam material punika, lan kawula dipunparingi asta menika kangge migunaaken asta punika jumbuh kaliyan kabetahanipun kawula, kangge neda, kangge ngempalaken menapa-menapa ingkang dipunbetahaken. Nanging sakleresipun punika sanes asta kawula. Suwalikanipun, nalikanipun asta menika dados lumpuh, mila kawula nggigat, "Asta kawula" --- Kawula mboten saget migunaaken asta menika amargi kakiyatan ingkang wonten ing asta menika sampun dipunpendhet dening ingkang kagungan. Sami kados dene ing salebetipun satunggaling griya, satunggaling griya ingkang dipunsewaaken, panjenengan manggen wonten mrika. Menawi ingkang kagungan griya, sang juragan, piyambakipun ngutus panjenengan miyos, mila panjenengan mboten saged manggen wonten ing griya menika. Panjenengan mboten saged migunaaken griya menika. Sami kados dene, kawula sedaya saged migunaaken salira punika nalikanipun ingkang kagungan salira punika, inggih menika Hṛṣīkeśa, maringaken ijin dhateng kawula kangge manggen wonten mrika.

Mila amargi menika asma ingkang sanesipun saking Kṛṣṇa inggih menika Hṛṣīkeśa. Lan pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika suraosipun bilih kawula sedaya sampun nampi indriya-indriya saking Kṛṣṇa. Lan sedayanipun kedahipun dipunginaaken kangge Kṛṣṇa. Nanging sanes migunaaken sedayanipun kangge Kṛṣṇa, kawula sedaya malah migunaaken indriya-indriya menika kangge kaleganipun indriya-indriya kawula sedaya piyambak. Punika kawontenan gesangipun kawula sedaya ingkang nestapa. Sami kados dene nalikanipun panjenengan manggen wonten ing satunggaling panggenan iwonten pundi panjenengan kedah mbayar arta sewanipun, nanging menawi panjenengan mboten mbayar arta sewanipun -- lan panjenengan malah menggalih menawi panggenan punika minangka gadhahipun panjenengan -- mila badhe wonten masalah. Sami kados dene ugi, Hṛṣīkeśa suraosipun bilih ingkang kagungan sejatinipun inggih menika Kṛṣṇa. Kawenangan kangge nggadhahi punika sampun dipunparingaken dhateng kawula. Punika dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.

īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ
hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati
bhrāmayan sarva-bhūtāni
yantrārūḍhāni māyayā
(BG 18.61)

Yantra, punika minangka satunggaling mesin. Mesin punika sampun dipunparingaken dening Kṛṣṇa dhateng kawula. amargi kawula sampun ngersakaken bilih, "Menawi kawula ngangsalaken satunggaling mesin ingkang wujudipun satunggaling salira jalmi, mila kawula saget ngrahapi kados mekaten." Dados saklajengipun Kṛṣṇa ngawujudaken pepinginan punika, "Ya wis," Lan menawi kawula menggalih, "Menawi kawula saget ngangsalaken satunggaling mesin wonten pundi kawula saged langsung necep getihipun satwa ingkang sanesipun," "Ya wis," dhawuh Kṛṣṇa, "Dadi sampeyan jupuk wae mesin sing wujude awake macan iki lan sampeyan anggo awak macan iku." Punika saweg kapuntindakaken.

Amargi menika asma Panjenenganipun inggih menika Hṛṣīkeśa. Lan nalikanipun kawula sedaya mangertosi kanthi leres bilih, "Kawula sanes ingkang nggadhahi salira punika. Kṛṣṇa ingkang kagungan salira punika. Kawula sampun ngersakaken satunggaling rupi salira tartamtu kangge kawula ginaaken minangka sarana nglegakaken indriya-indriya kawula. Panjenenganipun sampun maringaken salira punika lan kawula mboten ngraos remen. Amargi menika kawula badhe nyinau kados pundi anggenipun migunaaken mesin punika kangge ingkang kagungan ingkang sejati," lan menika ingkang dipunwastani minangka bhakti. Hṛṣīkeṇa hṛṣīkeśa-sevanaṁ bhaktir ucyate (CC Madhya 19.170). Nalikanipun indriya-indriya punika -- amargi Kṛṣṇa minangka ingkang kagungan indriya-indriya -- Panjenenganipun minangka ingkang kagungan salira punika -- dados nalikanipun salira punika badhe dipunginaaken kangge paladosan dhateng Kṛṣṇa, mila punika minangka kasampurnan ing salebetipun gesangipun kawula sedaya.