JV/Prabhupada 0038 - Seserepan Dipunangsalaken Saking Veda

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on BG 7.1 -- Hong Kong, January 25, 1975

Sapunika, Kṛṣṇa menika wonten. Kawula sedaya nggadhahi gambaripun Kṛṣṇa, fotonipun Kṛṣṇa, templeipun Kṛṣṇa, lan kathah sanget kagunganipun Kṛṣṇa. Sedayanipun sanes namung dongeng. Sedayanipun sanes namung angen-angen, sami kados dene para filsuf Māyāvādī ingkang menggalih bilih, "Panjenengan saged ngangen-angen ing salebetipun panggalihipun." Mboten, Gusti Pangeran mboten saged dipunangen-angen. Punika minangka satunggaling ingkang mboten lantip. Kados pundi panjenengan saged ngangen-angen Gusti Pangeran? Lajeng Gusti Pangeran badhe dados babaganipun angen-angen panjenengan. Panjenenganipun sanes ingkang dipunsusun saking tatanan zat tartamtu. Punika sanes Gusti Pangeran. Menapa ingkang dipunangen-angenaken, punika sanes Gusti Pangeran. Gusti Pangeran menika wonten ing ngajengipun panjenengan, Kṛṣṇa. Panjenenganipun rawuh dhateng mriki, dhateng planet punika. Tadātmānaṁ sṛjāmy aham, sambhavāmi yuge yuge. Dados piyambakipun sedaya ingkang sampun mirsani Gusti Pangeran, mila panjenengan kedahipun nyuwun pawartos saking piyambakipun sedaya.

tad viddhi praṇipātena
paripraśnena sevayā
upadekṣyanti te jñānaṁ
jñāninas tattva-darśinaḥ
(BG 4.34)

Tattva-darśinaḥ. Kados pundi panjenengan saged maringi pawartos menggah ing kaluhuran dhateng priyantun ingkang sanesipun, kejawi menawi panjenengan sampun mirsani kaluhuran punika? Dados Gusti Pangeran punika saged dipunpirsani, sanes namung saged dipunpirsani ing salebetipun sejarah kemawon. Ing salebetipun sejarah, nalikanipun Kṛṣṇa wonten ing planet punika, sejarah menggah ing Perang Kurukṣetra wonten pundi Bhagavad-gītā dipundhawuhaken, punika minangka kasunyatanipun sejarah. Dados kawula sedaya ugi saged mirsani Bhagavān Śrī Kṛṣṇa lumantar sejarah lan ugi lumantar śāstra. Śāstra-cakṣusā. Sami kados dene wonten ing wekdal sapunika, Kṛṣṇa mboten rawuh wonten mriki lumantar saliranipun, nanging kawula sedaya mangertosi sinten Kṛṣṇa punika lumantar śāstra.

Dados śāstra-cakṣusā. Śāstra ... menapa panjenengan nindakaken pambudi langsung utawi lumantar śāstra ... Kanthi lumantar śāstra, pambudi ingkang dipunangsalaken langkung sae dipunbandhingaken kaliyan pambudi langsung. Amargi menika seserepanipun kawula sedaya, piyambakipun ingkang ndherek prinsip-prinsip Veda, seserepanipun dipunangsalaken saking Veda. Piyambakipun sedaya mboten ndamel seserepan menapa-menapa kemawon. Menawi setunggal perkawis dipunmangertosi lumantar bukti-bukti saking Veda, mila punika minangka satunggaling kasunyatan. Dados Kṛṣṇa dipunmangertosi lumantar Veda. Vedaiś ca sarvair aham eva vedyaḥ (BG 15.15). Punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Panjenengan mboten saged ngangen-angen Kṛṣṇa. Menawi para bajingan ngendikan bilih, "Kawula saweg ngangen-angen," mila punika minangka satunggaling kamurang tatan. Panjenengan kedah mangertosi Kṛṣṇa lumantar Veda. Vedaiś ca sarvair aham eva vedyaḥ (BG 15.15). Punika angkahipun nyinau Veda. Amargi menika perkawis punika dipunwastani minangka Vedānta. Seserepan menggah ing Kṛṣṇa dipunwastani minangka Vedānta.