JV/Prabhupada 0041 - Gesang Sapunika Dipunluberi Kaliyan Ketiwasan

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on BG 9.1 -- Melbourne, June 29, 1974

Seserepan ingkang paripurna. Dados menawi panjenengan maos Bhagavad-gītā, mila panjenengan ngangsalaken seserepan ingkang paripurna. Lajeng menapa ingkang dipundhawuhaken dening Bhagavān?

idaṁ tu te guhyatamaṁ
pravakṣyāmy anasūyave
(BG 9.1)

Bhagavān, Kṛṣṇa, saweg maringaken wejangan dhateng Arjuna. Dados ing salebetipun Parwa Kaping Sanga, Panjenenganipun dhawuh, "Arjuna sing apik atine, Saiki Aku ngandharake menyang sampeyan babagan ngelmu sing paling rahasya," guhyatamaṁ. Tamaṁ minangka tembung watak superlatip (ingkang paling). Wonten tembung watak positip, tembung watak komparatip (tetandhingan) lan tembung watak superlatip (ingkang paling). Ing salebetipun basa Sansekerta, punika dipunwastani minangka tara-tama. Tara minangka tembung watak komparatip (tetandhingan) lan tama minangka tembung watak superlatip (ingkang paling).

Dados wonten mriki Bhagavān dhawuh, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Maha Sampurna dhawuh, idaṁ tu te guhyatamaṁ pravakṣyāmy, "Saiki Aku lagi ngandharake menyang sampeyan babagan ngelmu sing paling rahasya." Jñānaṁ vijñāna-sahitaṁ. Seserepan ingkang paling rahasya punika minangka seserepan ingkang sakwetahipun, lan sanes namung minangka angen-angen kemawon. Jñānaṁ vijñāna-sahitaṁ. Vijñāna suraosipun "ngelmu seserepan," "tuladha ingkang gampil dipuntindakaken." Amargi menika, jñānaṁ vijñāna-sahitaṁ yaj jñātvā. Menawi panjenengan nyinau seserepan punika mila, yaj jñātvā mokṣyase 'śubhāt. Aśubhāt. Mokṣyase suraosipun panjenengan ngangsalaken kabebasan, lan aśubhāt suraosipun "ketiwasan" Ketiwasan. Dados gesang kawula sedaya sapunika, wonten ing wekdal sapunika, gesang wonten ing wekdal sapunika suraosipun biih saklajeng kawula sedaya nggadhahi salira material punika, mila gesang punika luber ing ketiwasanipun. Mokṣyase aśubhāt. Aśubhāt suraosipun ketiwasan.