JV/Prabhupada 0043 - Bhagavad-gītā Minangka Prinsip Dhasar

Revision as of 04:07, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 7.1 -- Sydney, February 16, 1973

Prabhupāda :

(mayy āsakta-manaḥ pārtha)
yogaṁ yuñjan mad-āśrayaḥ
asaṁśayaṁ samagraṁ māṁ
yathā jñāsyasi tac chṛṇu
(BG 7.1)

Punika minangka satunggaling sloka saking Bhagavad-gītā, menggah ing kados pundi anggenipun ngrembakaaken kainsapan Kṛṣṇa, utawi kainsapan dhateng Gusti Pangeran. Bhagavad-gītā, panjenengan sedaya sampun mireng menggah ing asmanipun pustaka menika. Pustaka menika minangka pustaka seserepan ingkang sampun dipunwaos dening kathah sanget priyantun wonten ing saindhenging donya. Kasunyatanipun wonten kathah terbitanipun Bhagavad-gītā wonten ing saben nagari. Dados Bhagavad-gītā minangka prinsip dhasaripun pakempalan kainsapan Kṛṣṇa kawula sedaya. Menapa ingkang kawula sedaya sebaraken minangka kainsapan Kṛṣṇa, punika mligi namung minangka Bhagavad-gītā kemawon. Suraosipun sanes bilih kawula sedaya sampun ndamel satunggaling perkawis ingkang sanes. Kainsapan Kṛṣṇa sampun wonten wiwit kawitanipun reriptan, nanging sakmboten-mbotenipun perkawis punika wonten wiwit gangsal ewu warsa ingkang rumiyin, nalikanipun Kṛṣṇa rawuh dhateng planet punika. Panjenenganipun piyambak maringaken pitedah menggah ing kainsapan Kṛṣṇa lan pitedah punika sampun Panjenenganipun tilaraken, punika Bhagavad-gītā. Nanging ketiwasan, Bhagavad-gītā punika sampun dipunklentokaken ginanipun lumantar maneka rupi cara dening ingkang sebatanipun kemawon para sarjana lan para swami. Golongan impersonalis, utawi para atheis, piyambakipun sedaya sampun nyuraosaken Bhagavad-gītā miturut pambudinipun piyambak-piyambak.

Nalikanipun kawula wonten ing Amerika ing warsa 1966, satunggaling priyantun estri saking Amerika nyuwun dhateng kawula kersanipun kawula mrayogaaken setunggal Bhagavad-gītā terbitan basa Inggris ingkang saged dipunwaos dening piyambakipun. Nanging sakleresipun kawula mboten saged mrayogaaken salah setunggalpun saking terbitan ingkang wonten, amargi suraos-suraos saking saben terbitan ingkang wonten menika sedayanipun dipundhasaraken dhateng satunggaling perkawis ingkang mboten-mboten kemawon. Punika ingkang maringaken surungan dhateng kawula kangge nyerat Bhagavad-gītā Miturut Aslinipun. Lan terbitan ingkang sapunika, Bhagavad-gītā Miturut Aslinipun, sampun dipunwedalaken sapunika dening Macmillan Company, satunggaling panerbit ingkang paling ageng wonten ing donya. Lan kita sampun nindakaken perkawis punika kanthi sae sanget. Kita medalaken Bhagavad-gītā Miturut Aslinipun punika ing warsa 1968, ing satunggaling wujud terbitan ingkang ringkes. Lan sadean sedayanipun laris sanget. Pengageng bageyan sadean saking Macmillan Company maringaken laporan bilih sadeanipun pustaka-pustaka kita laris sanget saengga pasedhiyanipun tansaya telas. Saklajengipun wonten ing wekdal ingkang dhereng dangu, wonten ing warsa 1972 punika, kita sampun medalaken Bhagavad-gītā Miturut Aslinipun ing satunggaling wujud terbitan ingkang paripurna. Lan Macmillan Company sampun medalaken gangsaldasa ewu terbitan sakdherengipun, nanging sedayanipun langsung telas kapunsade ing wekdal tigang sasi lan piyambakipun sedaya saweg ngrancang kangge medalaken terbitan ingkang kaping kalih.