JV/Prabhupada 0044 - Paladosan Suraosipun Bilih Panjenengan Ngestoaken Dhawuhipun Sang Bendara

Revision as of 04:07, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 4.1 -- Montreal, August 24, 1968

Dados punika suraosipun bilih piyambakipun saweg tumut pitedahipun Kṛṣṇa. Punika kemawon. Piyambakipun mboten kawratan menawi, "Kawula badhe dados mengsahipun Kṛṣṇa." Prinsipipun inggih menika bilih piyambakipun saweg tumut kemawon. Menawi Kṛṣṇa dhawuh bilih, "Sampeyan dadi musuhKu," mila kawula badhe dados mengsahipun. Punika bhakti-yoga. Inggih. Kawula ngersakaken nglegakaken Kṛṣṇa. Sami kados dene sang bendara ingkang nyuwun dhateng sang abdi sewaka kangge, "Sampeyan antem aku ana sisih kene," Mila sang abdi sewaka ngantem kados mekaten. Punika paladosan. Priyantun sanes mbok menawi mirsani, "Oh, sang abdi sewaka punika saweg ngantem bendaranipun lan piyambakipun menggalih, 'Kawula saweg nindakaken paladosan?' Perkawis kados menapa punika? Sang abdi sewaka punika saweg ngantem bendaranipun, menapa mboten mekaten?" Nanging sang bendara ngersakaken perkawis punika, "Sampeyan antem aku." Punika paladosan. Paladosan suraosipun bilih panjenengan ngestoaken dhawuhipun sang bendara. Mboten perduli menapa kemawon menika.

Wonten satunggaling tuladha ingkang sae wonten ing salebetipun gesangipun Gusti Pangeran Śrī Caitanya, wonten pundi Panjenenganipun kagungan satunggaling abdi sewaka ingkang asmanipun Govinda. Dados saksampunipun Śrī Caitanya nampi prasādam, mila saklajengipun nembe Govinda ugi nampi prasadam punika. Wonten ing satunggaling dinten, Śrī Caitanya, saksampunipun nampi prasādam, Panjenenganipun sarean wonten ing "threshold." Menapa punika sebatanipun? Threshold? Lawang? Ngajengipun lawang. Dados Govinda mlampah nglangkungi Panjenenganipun. Govinda limrahipun badhe nggrinda sampeyanipun nalikanipun Panjenenganipun saweg sarean. Dados Govinda mlampah nglangkungi Śrī Caitanya lan saklajengipun nggrinda sampeyanipun. Mboten dangu saklajengipun Śrī Caitanya tilem, lan saksampunipun kirang langkung tigang dasa menit, nalikanipun Panjenenganipun wungu, Panjenenganipun mirsani, "Govinda, sampeyan durung nampa prasādammu?" "Dhereng, Ndara." "Kena apa?" "Kawula mboten saged mlampah nglangkungi Panjenengan. Panjenengan saweg sarean wonten mrika." "Banjur piye carane sampeyan mau isa ana neng kene?" "Kawula wau mlampah nglangkungi Panjenengan." "Piye mau sampeyan isa mlaku nglangkahi Aku mrene, banjur saiki ora isa mlaku nglangkahi Aku kanggo mbalik nang kana?" "Wau menika kawula mlampah nglangkungi Panjenengan dhateng mriki kangge ngladosi Panjenengan. Lan sapunika kawula mboten saged mlampah nglangkungi Panjenengan dhateng mrika kangge nampi prasādamipun. Punika sanes kuwajiban kawula. Menawi kawula mlampah wangsul nglangkungi Panjenengan, mila punika kangge kawigatosanipun kawula piyambak. Senaos dene nalikanipun kawula mlampah nlangkungi Panjenengan kangge nggrinda Panjenengan, mila punika kangge kawigatosanipun Panjenengan."

Dados, kangge kaleganipun Kṛṣṇa, panjenengan saged dados mengsahipun, panjenengan saged dados mitranipun, panjenengan saged dados menapa kemawon. Punika bhakti-yoga. Amargi angkahipun inggih menika kados pundi anggenipun kangge ngremenaken Kṛṣṇa. Sanalikanipun perkawis punika kapuntindakaken, inggih menika nalikanipun panjenengan nindakaken satunggaling perkawis namung kangge nglegaaken indria-indrianipun panjenengan, mila sanalikanipun panjenengan mlebet dhateng donya material, kanthi enggal sanget.

kṛṣṇa-bahirmukha hañā bhoga vāñchā kare
nikaṭa-stha māyā tāre jāpaṭiyā dhare
(Prema-vivarta)

Sanalikanipun kawula sedaya nyupeaken Kṛṣṇa lan ngersakaken kangge nindakaken satunggaling perkawis kangge nglegakaken indria-indrianipun kawula sedaya, mila punika minangka māyā. Lan sanalikanipun kawula sedaya ngendhegaken proses nglegakaken indria-indria sarta nindakaken sedayanipun kangge Kṛṣṇa, mila punika ingkang dipunwastani minangka pambebasan.