JV/Prabhupada 0046 - Panjenengan Sedaya Sampun Dados Satwa - Icalaken Pepinginan Punika

Revision as of 04:07, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Morning Walk -- May 28, 1974, Rome

Yogeśvara : Sakdherengipun Bhagavān tindak, piyambakipun nitipaken dhateng kawula setunggal daptar pamendhetan pirsa. Menapa kawula kepareng mendhet pirsa sabageyan saking pendhet-pirsa punika dhateng panjenengan?

Prabhupāda : Inggih.

Yogeśvara : Satunggaling perkawis ingkang katingalipun saweg tansaya asring kapuntindakaken inggih menika miyosipun para teroris, ingkang saged dipunwastani minangka para priyantun ingkang kapunpangaribawa dening politik, sedayanipun amargi pawadan-pawadan politik kemawon.

Prabhupāda : Inggih, prinsip dhasar saking sedayanipun sampun kawula andharaken. Amargi piyambakipun sedaya minangka para satwa, dados kadang kawis miyos satwa ingkang galak. Punika kemawon. Satwa, wonten maneka rupi satwa ingkang benten-benten. Macan lan singa, piyambakipun sedaya minangka satwa galak. Nanging panjenengan sedaya gesang wonten ing salebetipun masarakat satwa. Dados ing salebetipun masarakat satwa, wonten para satwa sanesipun ingkang miyos minangka satwa galak, dados perkawis ingkang kados mekaten mboten patos ngagetaken. Senaos kados pundi ugi, panjenengan ugi saweg gesang ing salebetipun masarakat satwa. Mila mangga panjenengan sedaya dados jalmi, punika perkawis ingkang sampurna. Namung menika kemawon ingkang minangka satunggaling pirampungan dhateng perkawisipun. Kawula sedaya sampun mratelaaken, punika minangka masarakat satwa. Menawi wonten satwa-satwa galak ingkang miyos, lajeng kenging menapa kedah kaget? Malih ugi, punika minangka masarakat satwa. Mboten mangertos menapa setunggal macan utawa setunggal gajah ingkang miyos, nanging sedayanipun minangka satwa. Nanging panjenengan sedaya sampun dados satwa. Icalaken pepinginan ingkang kados mekaten. Punika ingkang dipunbetahaken. Satunggaling jalmi dipunwastani ugi minangka satwa ingkang nggadhahi nalar. Menawi panjenengan sedaya sampun nggayuh nalar punika, mila punika ingkang dipunbetahaken. Menawi panjenengan sedaya panggah dados satwa, satwa saking golongan ingkang sanesipun, mila punika mboten badhe mbiyantu. Panjenengan sedaya kedah dados jalmi ingkang sakleresipun. Nanging, durlabhaṁ mānuṣaṁ janma tad apy adhruvam arthadam. (SB 7.6.1).

Para priyantun menika, piyambakipun sedaya mboten nggadhahi angkahing gesang. Menapa sakleresipun angkahing gesang jalmi punika ... piyambakipun sedaya mboten mangertosi perkawis punika. Mila pepinginan asipat satwa gadhahipun piyambakipun sedaya kemawon ingkang dipunjumbuhaken, kados mekaten, kados mekaten, lumantar cara punika lan cara ingkang sanesipun. Sami kados dene nalikanipun piyambakipun sedaya tindak kangge mirsani jogedan wuda. Punika pepinginan asipat satwa, kamangka piyambakipun mirsani garwa estrinipun wuda saben dintenipun, nanging panggah kemawon piyambakipun tindak kangge mirsani jogedan wuda, malah ugi kanthi mbayar beyanipun. Amargi piyambakipun sedaya mboten nggadhahi kridha-kridha sanesipun kejawi saking sipat-sipat satwa punika. Menapa mboten mekaten? Dados menapa paedahipun tindak mirsani priyantun estri sanesipun ingkang wuda? Panjenengan mirsani perkawis kados mekaten saben dintenipun, saben dalu, mirsani garwa estri panjenengan ingkang wuda. Lajeng kenging menapa panjenengan panggah nindakaken perkawis punika ... Amargi panjenengan mboten nggadhahi kridha sanesipun. Para satwa. Punaḥ punaś carvita-carvaṇānām (SB 7.5.30). Satunggaling segawon, piyambakipun mboten mangertosi menapa ingkang dipunkersakaken minangka raos punika. Piyambakipun namung sakderma mamah balung punika, kados mekaten, kados mekaten, lumantar cara punika, lumantar cara punika. Amargi piyambakipun minangka satwa. Piyambakipun mboten nggadhahi kridha sanesipun. Mila sedaya masarakat punika minangka satwa. Mliginipun para priyantun Kulon. Piyambakipun sedaya sampun ngrembakakaken satunggaling kasusilan ingkang adhedasar dhateng pepinginan asipat satwa punika, ingkang suraosipun inggih menika bilih, "Kawula minangka salira punika lan cara paling sae kangge migunaaken gesang kawula inggih menika kangge nglegakaken indriya-indriya kawula." Punika satwa, "Kawula minangka salira punika." Salira ugi dipunsuraosaken minangka indriya-indriya. "Lan kangge nglegakaken indriya-indriya dumugi nggayuh kasampurnan ingkang paling nginggil." Punika kasusilan piyambakipun sedaya.

Amargi menika panjenengan sedaya kedah nepangaken kasusilan jalmi ingkang sakleresipun. Panjenengan sedaya kedahipun mboten dados kaget nalikanipun satunggaling satwa, ing salebeting wujudipun ingkang benten, ing salebeting kawisesanipun ingkang benten, miyos. Senaos kados pundi, piyambakipun namung satunggaling satwa kemawon. Lan prinsip dhasaripun minangka sipat-sipat satwa. Amargi piyambakipun tansah menggalih, "Kawula minangka salira punika ..." Lan sang segawon saweg menggalih, "Kawula minangka satunggaling segawon, ingkang teguh lan kiyat sanget," lan satunggaling jalmi sanesipun saweg menggalih, "Kawula minangka nagari ingkang ageng." Nanging menapa ingkang dados prinsip dhasaripun? Sang segawon ugi saweg menggalih adhedasar saliranipun, lan nagari ingkang ageng punika saweg menggalih adhedasar salira punika ugi. Dados mboten wonten setunggalpun bentenipun antawis sang segawon kaliyan nagari ageng punika. Bentenipun namung bilih sang jalmi, kanthi pangestunipun ngalam, piyambakipun nggadhahi indriya-indriya ingkang langkung sae. Nanging piyambakipun mboten nggadhahi kawisesan, utawi mboten ngangsalaken pangajaran kangge migunaaken indriya-indriya ingkang langkung sae punika, kados pundi anggenipun saged majeng ing salebetipun karohanen lan medal saking ngalam donya material punika. Piyambakipun mboten nggadhahi pambudi punika. Piyambakipun namung sakderma migunaaken kalantipan ingkang langkung sae punika kangge sipat-sipat satwanipun. Punika ingkang dipunkajengaken. Piyambakipun mboten dipunajari kangge saged migunaaken kalantipan ingkang langkung sae. Amargi menika piyambakipun migunaaken kalantipan punika namung kangge sipat-sipat satwanipun kemawon. Lan para priyantun wonten ing sakindhenging ngalam donya, nalikanipun piyambakipun sedaya kepanggih kaliyan para priyantun Kulon menika, piyambakipun sedaya malah ngendikan, "Para priyantun menika sayekti majeng sanget." Menapa ingkang majeng punika? Kamajengan ing salebetipun sipat-sipat satwa. Prinsip dhasaripun panggah kemawon sipat-sipat satwa. Lan piyambakipun sedaya malah nggumuni perkawis punika. Lajeng piyambakipun sedaya nuladhani perkawis punika. Lan kanthi mekaten piyambakipun sedaya dados tumut ngrembakakaken sipat-sipat satwa punika, kasusilan satwa punika. Mila sapunika kawula sedaya kedah ngicalaken perkawis punika kangge kaluhuran kasusilan para jalmi.