JV/Prabhupada 0051 - Utak Ingkang Bujel Mboten Saged Mangertosi Menapa Ingkang Nglangkungi Salira Punika



Interview with Newsweek -- July 14, 1976, New York

Pawawancara : Menapa panjenengan menggalih bilih mangke wonten ing satunggaling dinten pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika badhe kapunsebar dhateng sedaya priyantun ing saindhenging donya?

Prabhupāda : Punika mestail. Pakempalan punika badhe langkung kathah dipuntujoaken dhateng golongan priyantun ingkang paling lantip. Dados punika, pakempalan punika, dipuntujoaken dhateng golongan priyantun ingkang paling lantip.

Pawawancara : Namung wonten ing antawisipun golongan-golongan priyantun ingkang paling lantip kemawon.

Prabhupāda : Kejawi menawi satunggaling priyantun punika lantip, kalebet ing salebetipun golongan ingkang lantip ... mila piyambakipun mboten badhe saged mangertosi. Kita mboten ngajeng-ajeng bilih saben priyantun punika lantip. Kṛṣṇa ye bhaja se baḍa catura. Kejawi menawi satunggaling priyantun punika lantip sanget, mila piyambakipun mboten saged dados insap dhateng Kṛṣṇa, amargi kainsapan Kṛṣṇa punika minangka satunggaling bakuning rembagan ingkang benten. Para priyantun kesengsem dhateng konsep gesang ingkang adhedasar dhateng salira. Nanging kainsapan Kṛṣṇa nglangkungi perkawis-perkawis ingkang kados mekaten. Utak ingkang bujel mboten saged mangertosi menapa ingkang nglangkungi salira punika. Amargi menika panjenengan mboten saged ngajeng-ajeng bilih saben priyantun badhe mangertosi kainsapan Kṛṣṇa. Punika mestail.

Pawawancara : Wonten kathah pangendikan menggah ing kasampurnan genetika saking para jalmi, utawi sebataken kemawon, budidaya pangrembakan kanthi cara genetika.

Prabhupāda : Menapa genetika punika?

Pawawancara : Inggih ... menapa ingkang dipunkajengaken kanthi kasampurnan genetika punika?

Bali-mardana : Kala wingi kita saweg ngrembag menggah ing ngelmu seserepan genetika. Piyambakipun sedaya ngiktiyaraken kangge mangertosi tetenger sarta sipat-sipat, kados pundi salira lan panggalih dipunwujudaken lan saklajengipun ngiktiyaraken kangge ngewahaken perkawis punika.

Prabhupāda : Punika wau kemawon kita rembag ... Wonten pundi pustaka punika?

Rāmeśvara : Pustakanipun Svarūpa Dāmodara.

Prabhupāda : Inggih. Nyuwun tulung dipunbeta mriki.

Rāmeśvara : Menapa pamundhutan pirsa panjenengan?

Pawawancara : Pamundhutan pirsa kawula inggih menika ... Panjenengan sakdherengipun nyebataken menggah ing dipunginaakenipun piranti-piranti ingkang nggadhahi teknologi, lan menawi wonten masarakat-masarakat ingkang wonten ing salebetipun ...

Prabhupāda : Pustakanipun mboten wonten ing mriki? Mboten wonten ing pundi-pundi?

Pawawancara : Kawula mundhut pirsa dhateng panjenengan. Menawi lumantar sarana-sarana teknologi para jalmi dados langkung sae, utawi kanthi tembung sanesipun, para jalmi limrahipun sapunika sampun tebih sanget langkung lantip, kados pundi panjenengan sapunika menggalih bilih kangge dados satunggaling priyantun ingkang lantip ...

Prabhupāda : Priyantun ingkang lantip ... Menawi satunggaling priyantun mangertosi bilih piyambakipun sanes salira punika - bilih piyambakipun wonten ing salebetipun salira ... Sami kados dene panjenengan nggadhahi setunggal ageman. Panjenengan sanes ageman punika. Saben priyantun saged mangertosi perkawis punika. Panjenengan wonten ing salebetipun ageman punika. Sami kados dene, satunggaling priyantun ingkang mangertos bilih piyambakipun sanes saliranipun - piyambakipun wonten ing salebetipun salira ... Punika saged dipunmangertosi dening sinten kemawon, amargi nalikanipun salira punika pejah, menapa bentenipun? Amargi daya gesang ingkang wonten ing salebetipun salira punika sampun tindak, saengga kita nyebataken bilih salira punika sampun pejah.

Pawawancara : Nanging wonten para priyantun ingkang lantip sanget ingkang mboten nggayuh kasampurnan rohani, malah ugi mbok menawi wonten priyantun ingkang mangertosi bilih piyambakipun sedaya mboten kados mekaten, utawi bilih salira sanes sedayanipun, salira sampun pejah lan wonten satunggaling perkawis ingkang sanesipun. Kenging menapa para priyantun ingkang kados mekaten mboten nggayuh kainsapan rohani?

Prabhupāda : Menawi satunggaling priyantun mboten mangertosi perkawis ingkang ringkes kados mekaten, bilih piyambakipun sanes salira punika, mila piyambakipun mboten langkung sae tinimbang satwa. Punika minangka pambudi kaping sepindhah wonten ing tataran rohani Menawi piyambakipun menggalih bilih piyambakipun minangka salira, mila piyambakipun wonten ing salebetipun golongan ingkang sami kaliyan satwa.

Rāmeśvara : Pamundhutan pirsa priyantun punika inggih menika ... Upaminipun satunggaling priyantun nggadhahi kapitadosan dhateng wontenipun gesang saksampunipun pejah, lan piyambakipun ugi mbok menawi minangka satunggaling priyantun ingkang cekap lantip miturut takeran material. Kenging menapa piyambakipun mboten kanthi mligi ...?

Prabhupāda : Mboten, takeran material sanes minangka satunggaling kalantipan. Takeran material inggih menika bilih, "Kawula menika salira. Kawula priyantun Amerika. Kawula priyantun India. Kawula srigala. Kawula segawon. Kawula priyantun kakung." Punika pambudi material. Pambudi rohani nglangkungi perkawis punika bilih, "Kawula sanes salira punika." Lan nalikanipun piyambakipun ngiktiyaraken kangge mangertosi panepangan rohani punika, mila piyambakipun lantip. Menawi mboten, mila piyambakipun mboten lantip.

Pawawancara : Dados menapa punika suraosipun ...

Prabhupāda : Piyambakipun sedaya dipunandharaken minangka mūḍha. Mūḍha suraosipu keledai. Dados punika minangka pambudi kaping sepindhah bilih satunggaling priyantun kedahipun mboten madhakaken piyambakipun kaliyan salira.

Pawawancara : Pambudi menapa ingkang miyos saklajengipun ...?

Prabhupāda : Kados segawon. Segawon mangertosi bilih piyambakipun minangka salira Menawi satunggaling jalmi ugi mangertosi kados mekaten - bilih piyambakipun minangka salira - mila piyambakipun mboten langkung sae tinimbang segawon.

Pawawancara : Pambudi sanesipun menapa ingkang miyos saksampunipun pambudi ingkang wau?

Bali-mardana : Saksampunipun panjenengan insap bilih panjenengan sanes salira, lajeng menapa ingkang kapuntindakaken saklajengipun?

Prabhupāda : Ha! Punika minangka pamundhutan pirsa ingkang lantip. Mila saklajengipun satunggaling priyantun kedah nyumerapi bilih, "Kawula namung dipunewedaken ing salebetipun konsep gesang ingkang adhedasar dhateng salira kemawon. Lajeng menapa sakleresipun kridha kawula?" Punika pamundhutan pirsa saking Sanātana Gosvāmī bilih, "Panjenengan sampun ngawilujengaken kawula saking kandherek-sarengan ingkang asipat material punika. Sapunika nyuwun keparengipun kangge maringaken pawartos dhateng kawula menapa sakleresipun kuwajibanipun kawula." Kangge pawadan punika mila satunggaling priyantun kedah tindak dhateng guru karohanen, kangge nyumerapi lan mangertosi menapa sakleresipun kuwajibanipun sapunika. "Menawi kawula sanes salira punika, mila menapa kuwajibanipun kawula? Amargi kawula ewed saben dinten lan dalu namung kangge salira punika. Kawula neda, kawula tilem, kawula nindakaken sesambetan seks, kawula ngekahi dhiri - sedayanipun minangka kabetahanipun salira. Menawi kawula sanes salira, lajeng menapa sakleresipun kuwajibanipun kawula?" Punika kalantipan.

Rāmeśvara : Dados wau panjenengan ngendikan, "Menapa ingkang minangka perkawis saklajengipun saksampunipun insap bilih panjenengan sanes salira punika?" Prabhupāda dhawuh bilih perkawis saklajengipun inggiih menika kangge nyumerapi menggah ing menapa ingkang kedahipun panjenengan tindakaken lan kangge menika panjenengan ngangsalaken pawartos saking guru karohanen ingkang minangka satunggaling atma ingkang sampun insap dhiri.

Pawawancara : Guru karohanen ing salebeting wujud pustaka-pustakanipun.

Bali-mardana : Ing salebetipun wujud priangganipun utawi ...

Puṣṭa Kṛṣṇa : Prabhupāda ngandharaken bilih sapunika ing salebetipun konsep gesang ingkang adhedasar dhateng salira, kawula nggadhahi kathah sanget kuwajiban. Kawula sedaya makarya, kawula sedaya nindakaken sesambetan seks, kawula sedaya dhahar, sare, ngekahaken dhirinipun piyambak - wonten kathah sanget perkawisipun. Sedayanipun wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan salira. Nanging menawi kawula sanes salira punika, lajeng menapa kuwajibanipun kawula? Menapa tanggel-jawabipun kawula? Mila perkawis saklajengipun nalikanipun satunggaling priyantun mangertosi perkawis punika inggih menika bilih piyambakipun kedah ngangsalaken pitedah saking guru karohanen, nindakaken kamajengan lan mangertosi menapa kuwajiban ingkang sakleresipun. Punika minangka perkawis ingkang wigatos sanget.

Prabhupāda : Malah ugi ing salebetipun perkawis dhahar, sare, gesang seks sarta ngekahaken dhiri, dipunbetahaken seserepan saking satunggaling guru. Upaminipun kangge dhahar, mila kawula sedaya ngangsalaken seserepan saking para sarjana menggah ing dhaharan menapa ingkang kedahipun kawula sedaya dhahar, vitamin ingkang kados menapa, menapa ingkang ... Dados perkawis ingkang kados mekatenpun mbetahaken panyinaon. Malah ugi sarepun mbetahaken panyinaon. Saengga malah kangge gesang ingkang adhedasar dhateng salira, satunggaling priyantun kedah nagangsalaken seserepan saking priyantun ingkang sanesipun. Dados nalikanipun piyambakipun sampun wonten ing saknginggilipun gesang ingkang adhedasar dhateng salira punika - piyambakipun mangertosi bilih, "Kawula sanes salira punika, kawula menika sang atma" - mila sami kados dene, piyambakipun kedah ngangsalaken seserepan sarta panyinaon saking satunggaling priyantun ingkang mumpuni.