JV/Prabhupada 0052 - Bentenipun Antawis Bhakta Lan Karmī

Revision as of 04:08, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on SB 1.2.9-10 -- Delhi, November 14, 1973

Punika bentenipun antawis bhakti lan karma. Karma minangka budidaya nglegakaken indriya-indriya lan bhakti minangka budidaya nglegakaken Gusti Pangeran. Budidaya ingkang sami. Amargi menika para priyantun mboten mangertosi bentenipun antawis satunggaling bhakta lan satunggaling karmī. Karmī minangka priyantun ingkang nglegakaken indriya-indriyanipun piyambak, senaos dene bhakta minangka priyantun ingkang nglegakaken indriya-indriyanipun Kṛṣṇa. Tansah wonten budidaya kangge nglegakaken indriya-indriya. Nanging nalikanipun panjenengan nglegakaken Kṛṣṇa, mila punika dipunwastani minangka bhakti. Hṛṣīkeṇa hṛṣīkeśa-sevanaṁ bhaktir ucyate (CC Madhya 19.170). Hṛṣīka suraosipun indriya-indriya, indriya-indriya ingkang sampun dipunsucekaken. Ingkang sampun kawula andharaken kala rumiyin bilih,

sarvopādhi-vinirmuktaṁ
tat-paratvena nirmalam
hṛṣīkeṇa hṛṣīkeśa-
sevanaṁ bhaktir ucyate
(CC Madhya 19.170)

Bhakti suraosipun sanes ngendhegaken pakaryanipun panjenengan. Bhakti suarosipun ugi sanes fanatisme ingkang adhedhasar raosing kalbu. Punika sanes bhakti. Bhakti suraosipun ngewedaken sedaya indriya-indriyanipun kangge kaleganipun ingkang nggadhahi indriya-indiya punika. Punika ingkang dipunwastani minangka bhakti.

Amargi menika asma sanesipun Kṛṣṇa inggih menika Hṛṣīkeśa. Hṛṣīka suraosipun indriya-indriya. Lan hṛṣīka īśa, Panjenenganipun minangka ingkang ngendhalekaken indriya-indriya. Kasunyatanipun, indriya-indriyanipun kawula sedaya mboten tumindak miyambaki. Kawula saget mangertosi perkawis punika. Kṛṣṇa saweg ngendhalekaken. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭo mattaḥ smṛtir jñānam apohanaṁ ca (BG 15.15). Mattaḥ smṛtir jñānam apohanaṁ ca. Satunggaling sarjana saweg makarya amargi Kṛṣṇa saweg mbiyantu piyambakipun, suraosipun sanes bilih piyambakipun saweg makarya miyambaki. Punika perkawis ingkang mestail. Nanging piyambaikipun ngersakaken perkawis punika dados kados mekaten. Amargi menika Kṛṣṇa maringaken sarana dhateng piyambakipun. Nanging sakleresipun, Kṛṣṇa ingkang saweg makarya. Perkawis-perkawis punika dipunandharaken ing salebetipun Upaniṣad. Tamanpa wontenipun Kṛṣṇa ingkang makarya, tamanpa mirsani, tamanpa Kṛṣṇa ingkang mirsani, mila panjenengan mboten saged mirsani. Sami kados dene surya ingkang dipunandharaken ing salebetipun Brahma-saṁhitā. Yac-cakṣur eṣa savitā sakala-grahāṇāṁ. Surya minangka salah satunggaling netranipun Kṛṣṇa.

yac-cakṣur eṣa savitā sakala-grahāṇāṁ
rājā samasta-sura-mūrtir aśeṣa-tejāḥ
yasyājñayā bhramati sambhṛta-kāla-cakro
govindam ādi-puruṣaṁ tam ahaṁ bhajāmi
(Bs 5.52)

Amargi menika, surya ingkang minangka salah satunggaling netranipun Kṛṣṇa, amargi surya miyos wonten mrika, amargi surya saweg mirsani, mila panjenengan saged mirsani. Panjenengan mboten saged mirsani miyambaki. Panjenengan sakmekaten nginggil-nginggilaken netranipun piyambak. Nanging menapa suraosipun netranipun menawi mboten wonten tejanipun surya? Panjenengan mboten saget mirsani. Malah ugi daya listrik punika, daya punika dipunangsalaken saking surya. Dados sakleresipun nalikanipun Kṛṣṇa mirsani, mila wau panjenengan saget mirsani. Punika kalenggahanipun.

Mila indriya-indriyanipun kawula sedaya .... ing salebetipun Bhagavad-gītā dipundhawuhaken, sarvataḥ pāṇi-pādaṁ tat. Sarvataḥ pāṇi-pāda ... Wonten ing pundi-pundi Kṛṣṇa kagungan hasta sarta ampeyanipun. Menapa punika ingkang dipunkajengaken? Hastanipun kawula, hastanipun panjenengan, ampeyanipun panjenengan - punika sedaya minangka kagunganipun Kṛṣṇa. Sami kados dene nalikanipun satunggaling priyantun ngendikan, "Kawula nggadhahi cabang perusahaan wonten ing sakindhenging donya." Dados cabang-cabang perusahaan punika tumindak miturut pangendhalen saking priyantun ingkang mumpuni punika. Sami kados dene, mekaten ugi Kṛṣṇa. Amargi menika Kṛṣṇa dipunwastani minangka Hṛṣīkeśa, Hṛṣīkeśa. Dados perkawisipun inggih menika ... Bhakti suraosipun inggih menika bilih kawula sedaya ngewedaken hṛṣīka, indriya-indriyanipun kawula sedaya, wonten ing salebetipun paladosan dhateng ingkang kagungan indriya-indriya. Punika gesangipun kawula sedaya ingkang sampurna. Punika kasampurnanipun kawula sedaya ... Nanging saknalikanipun kawula sedaya ngersakaken migunaaken indriya-indriyanipun kangge kaleganipun indriya-indriya punika piyambak, mila punika ingkang dipunwastani minangka karma. Punika ingkang dipunwastani minangka gesang material. Amargi menika, kangge satunggaling bhakta, mboten wonten setunggal perkawispun ingkang asipat material. Punika minangka, īśāvāsyam idaṁ sarvam (ISO 1). Sang bhakta mirsani sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa. Īśāvāsyam idaṁ sarvaṁ yat kiñca jagatyāṁ jagat, tena tyaktena bhuñjīthā. Sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa. Amargi menika menapa kemawon ingkang dipunparingaken dening Kṛṣṇa dhateng kawula sedaya ... Sami kados dene satunggaling bendara. Sang bendara maringaken cadongan dhateng sang abdi sewaka, "Sampeyan pareng ngrahapi iki." Punika ingkang dipunwastani minangka prasādam. Prasāde sarva-duḥkhānāṁ hānir asyopajā ..... Punika gesang. Menawi panjenengan dados insap dhateng Kṛṣṇa, menawi panjenengan mangertosi bilih, "Sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa, malah ugi hasta lan ampeyanipun kawula, sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa, sedaya peranganing saliranipun kawula, sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa, amargi menika sedayanipun kedahipun dipunginaaken kangge Kṛṣṇa," mila punika ingkang dipunwastani minangka bhakti.

anyābhilāṣitā-śūnyaṁ
jñāna-karmādy-anāvṛtam
ānukūlyena kṛṣṇānu-
śīlanaṁ bhaktir uttamā
(Brs. 1.1.11)

Punika ingkang dipuntindakaken dening Kṛṣṇa, eh ... dipuntindakaken dening Arjuna. Piyambakipun ngersakaken nglegakaken indriya-indriyanipun kanthi cara mboten kersa ngadilaga, nanging saklajengipun piyambakipun kersa ngadilaga saksampunipun mireng Bhagavad-gītā bilih, "Inggih, Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Ingkang Utami."

ahaṁ sarvasya prabhavo
mattaḥ sarvaṁ pravartate
iti matvā bhajante māṁ
budhā bhāva-samanvitāḥ
(BG 10.8)

Perkawis-perkawis punika dipunandharaken kanthi sae sanget ing salebetipun Bhagavad-gītā. Punika minangka pawucalan wiwitan saking gesang rohani. Lan menawi kawula sedaya sayekti mitadosi pawucalan Bhagavad-gītā, mila kawula sedaya masrahaken dhirinipun dhateng Kṛṣṇa. Kṛṣṇa ngersakaken perkawis punika. Sarva-dharmān parityajya mām ekaṁ śaraṇaṁ vraja (BG 18.66). Punika ingkang dipunkersakaken dening Panejenganipun. Nalikanipun kawula sedaya nindakaken proses punika kanthi leres, mila punika dipunwastani minangka śraddhā. Śraddhā. Perkawis punika sampun dipunandharaken dening Kavirāja Gosvāmī, menapa suraosipun saking śraddhā punika.