JV/Prabhupada 0053 - Perkawis Kaping Sepindhah Inggih Menika Bilih Kawula Sedaya Kedah Mireng

Revision as of 04:08, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on SB 2.1.5 -- Delhi, November 8, 1973

Dados, kawula sedaya ugi minangka prakṛti. Kawula sedaya ugi minangka energinipun Gusti Pangeran. Lan amargi kawula sedaya ngiktiyaraken migunaaken sumber daya material, mila amargi menika materi dados nggadhahi aji. Menawi mboten, mila sedayanipun punika mboten nggadhahi aji, nihil. Nanging kridha kawula sedaya inggih menika ... Dipunpratelaaken wonten mriki, bilih amargi kawula sedaya sapunika saweg kapunjiret dening materi punika .... Materi punika sanes minangka kridhanipun kawula sedaya. Kridhanipun kawula sedaya inggih menika namung kados pundi anggenipun kangge saged medal saking wewengkon material punika. Punika kridhanipun kawula sedaya ingkang sakleresipun. Menawi panjenengan ngersakaken kridha punika, mila punika resepipun. Menapa punika?

Śrotavyaḥ kīrtitavyaś ca. Kejawi menawi panjenengan mireng, kados pundi panjenengan saged mangertosi kalenggahanipun? Nalikanipun panjenengan mangertosi Gusti Pangeran, Kṛṣṇa, lan panjenengan mangertosi bilih panjenengan minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran, utawi Kṛṣṇa, mila panjenengan saged mangertosi kalenggahanipun, "Oh, kawula sedaya minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran." Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Ingkang Utami, ṣaḍ-aiśvarya-pūrṇam, Panjenenganipun luber ing sedayanipun raja brana. Sami kados satunggaling lare anem ingkang saweg duka lan lajeng dados glandhangan wonten ing margi, nalikanipun kanthi utekipun ingkang waras piyambakipun mangertosi bilih, "Rama kawula menika artawan lan kuwaos sanget, lan kawula dados glandhangan wonten ing margi kados priyantun ingkang mboten waras? Kawula mboten nggadhahi dhaharan sarta panggenan kangge pangayoman. Kawula ngemis saking setunggal lawang dhateng lawang ingkang sanesipun," mila saklajengipun piyambakipun manggihaken kainsapanipun. Punika ingkang dipunwastani minangka tataran brahma-bhūta (BG 18.54). "Oh, kawula menika, kawula sanes materi punika. Kawula minangka atma, ingkang minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran. Oh."

Punika kainsapan. Kainsapan ingkang kados mekaten menika ingkang saweg kawula sedaya iktiyaraken kangge dipunwungokaken. Punika paladosan karaharjan ingkang paling sae kangge sedaya priyantun, inggih menika ngawungokaken kainsapanipun. Kanthi bodho sanget piyambakipun menggalih bilih, "Kawula punika minangka pikantukipun materi punika, lan kawula kedah njumbuhaken perkawis-perkawis ingkang wonten ing salebeting dhirinipun kawula wonten ing donya material punika." Punika minangka satunggaling sipat ingkang mboten lantip. Kalantipan ingkang sakleresipun inggih menika Brahma-bhūta, ahaṁ brahmāsmi. Ahaṁ brahmāsmi, "Kawula minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran. Gusti Pangeran minangka Brahman Ingkang Utami. Kawula, amargi minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal ... "Sami kados dene bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking kencana, saking pelikanipun kencana, punika mbok menawi namung minangka satunggaling anting-anting, nanging punika ugi minangka kencana. Sami kados dene, bageyan alit saking toya samudera ugi nggadhahi sipat ingkang sami, inggih menika asin. Mila ugi sami kados dene, kawula sedaya, amargi kawula sedaya minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran, mila kawula sedaya nggadhahi sipat-sipat ingkang sami. Miturut sipatipun, kawula sedaya menika setunggal. Kenging menapa kawula ngersakaken sanget tresna asih? Amargi tresna asih punika wonten ing salebetipun Kṛṣṇa. Kawula sedaya nindakaken pamujan dhateng Rādhā-Kṛṣṇa wonten mriki. Sakleresipun, tresna asih menika wonten. Amargi menika kawula sedaya, amargi kawula sedaya minangka bageyanipun ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran, kawula sedaya ugi ngiktiyaraken kangge nresnani. Satunggaling priyantun kakung ngiktiyaraken kangge nresnani priyantun estri ingkang sanesipun, satunggaling priyantun estri ngiktiyaraken kangge nresnani priyantun kakung ingkang sanesipun. Punika limrah sanget. Punika sanes namung umuk-umukan kemawon. Nanging perkawis punika dados kapunenggokaken wonten ing salebetipun limputan material. Punika kakiranganipun.

Nalikanipun kawula sedaya saged bebas saking limputan material, mila kawula sedaya dados asipat ānandamayo 'bhyāsāt (Vedānta-sūtra 1.1.12), sami bingahipun ... Kados Kṛṣṇa ingkang tansah ngigel ... Panjenengan mboten badhe nate manggihaken Kṛṣṇa ingkang saweg ... Panjenengan tamtu sampun mirsani gambaripun Kṛṣṇa. Panjenenganipun saweg tarung kaliyan naga Kāliya. Panjenenganipun saweg ngigel. Panjenenganipun mboten ngraos ajrih dhateng sang naga punika. Panjenenganipun saweg ngigel. Sami kados dene nalikanipun Panjenenganipun ngigel sareng para gopī ing salebetipun rāsa-līlā, mila Panjenenganipun ugi ngigel kaliyan sang naga. Amargi menika Panjenenganipun minangka ānandamayo 'bhyāsāt. Panjenenganipun minangka ānandamaya, tansah bingah. Tansah. Panjenengan badhe mirsani Kṛṣṇa ..... Kṛṣṇa .... Sami kados dene nalikanipun wonten ing Kurukṣetra, wonten pundi peperangan saweg kapuntindakaken. Kṛṣṇa katingal sumringah sanget. Arjuna mbesengut amargi piyambakipun minangka sagung dumadi, nanging Panejenganipun mboten mbesengut. Panjenenganipun luber ing bingah. Punika sipatipun Gusti Pangeran. Ānandamayo 'bhyāsāt. Punika sūtranipun, wonten ing salebetipun Brahma-sūtra bilih, "Gusti Pangeran asipat ānandamaya, tansah bingah, tansah sumringah." Dados panjenengan ugi saged dados luber ing bingah nalikanipun panjenengan wangsul dhateng griya, wangsul dhateng Gusti Pangeran. Punika perkawisipun kawula sedaya.

Amargi menika kados pundi anggenipun kawula sedaya kangge tindak dhateng mrika? Perkawis kaping sepindhah inggih menika bilih kawula sedaya kedah mireng. Śrotavyaḥ. Iktiyaraken kangge mireng menggah ing sinten menika Gusti Pangeran, menapa menika karatyanipun, kados pundi Panjenenganipun tumindak, kados pundi Panjenenganipun tansah bingah. Perkawis-perkawis kados mekaten ingkang kedah dipunmirengaken. Śravaṇam. Lan saknalikanipun panjenengan sampun mitadosi, "Oh, Gusti Pangeran menka ngremenaken sanget," mila panjenengan badhe dados ngersakaken sanget mitedahaken utawi nyebaraken pawartos punika dhateng saindhenging donya. Punika kīrtanam. Punika kīrtanam.