JV/Prabhupada 0057 - Reresik Ati



Lecture on SB 6.1.34-39 -- Surat, December 19, 1970

Revatīnandana : Kawula sedaya tansah dipungregetaken kangge nindakaken japa Hare Kṛṣṇa, sanes mekaten?

Prabhupāda : Inggih. Namung menika kemawon setunggal cara kangge jaman punika. Kanthi nindakaken japa Hare Kṛṣṇa, mila satunggaling priyantun ... Sumber pambudinipun badhe dados kawistara. Lan piyambakipun badhe saged nampi, piyambakipun saged nampi seserepan rohani. Tamanpa reresik ati, mila badhe ewed sanget kangge mangertosi lan nampi seserepan rohani. Sedaya lampah kangge ndandosi punika - brahmacārī, gṛhastha, vānaprastha - sedayanipun namung minangka cara reresik kemawon. Lan bhakti ugi minangka satunggaling cara reresik, vidhi-bhakti. Nanging kanthi dados ewed ing salebetipun pamujan Arca, satunggaling priyantun ugi dados dipunresikaken. Tat-paratve ... Sarvopādhi ... Lan sesarengan kaliyan piyambakipun dados mangertosi utawi dados langkung majeng menggah ing pambudi bilih piyambakipun minangka abdi sewaka ingkang langgeng saking Kṛṣṇa, mila piyambakipun ugi dados dipunsucekaken. Piyambakipun dados dipunsucekaken. Sarvopādhi suraosipun bilih piyambakipun mboten ..... Sarvopādhi. Piyambakipun ngiktiyaraken kangge ngicalaken upādhinipun, sebatanipun bilih, "kawula priyantun Amerika," "kawula priyantun India," "kawula puniki," "kawula punika." Dados lumantar cara punika, nalikanipun panjenengan dados ical kanthi sakleresipun saking konsep gesang ingkang adhedhasar datheng raga punika, mila panjenengan dados nirmalam. Piyambakipun dados nirmala, mboten kapuncemeraken. Lan sadangunipun konsep gesang ingkang kados mekaten punika tansah kapuntindakaken, wonten pundi "kawula puniki," "kawula punika," "kawula puniki," mila piyambakipun taksih wonten ing ... Sa bhaktaḥ prakṛtaḥ smṛtaḥ.

(bisik-bisik). Lenggah ingkang leres, sampun kados mekaten.

Sa bhaktaḥ prakṛtaḥ smṛtaḥ. Arcāyām eva haraye ... Malah ugi ing salebetipun proses punika, nalikanipun piyambakipun sedaya dados ewed ing salebetipun pamujan dhateng Arca, arcāyāṁ haraye yat-pūjāṁ śraddhāyehate, ingkang dipuntindakaken kanthi luber ing raos bhakti, nanging na tad bhakteṣu cānyeṣu, nangin piyambakipun mboten nggadhahi raos simpati dhateng ingkang lintunipun utawi piyambakipun mboten mangertosi menapa kalenggahan satunggaling panyembah punika, mila sa bhaktaḥ prakṛtaḥ smṛtaḥ, "Piyambakipun dipunsebat minangka satunggaling panyembah material. Panyembah material." Mila kawula sedaya kedah mindhakaken dhiri kawula sedaya saking tataran bhakti ingkang taksih asipat material dhateng tataran ingkang kaping kalih, wonten pundi satunggaling priyantun saget mangertosi sinten satunggaling panyembah punika, sinten ingkang sanes panyembah punika, sinten Gusti Pangeran punika, sinten atheis punika. Wonten pambentenan-pambentenan. Lan ing tataran paramahaṁsa, mila pambentenan ingkang kados mekaten sampun mbten wonten malih. Piyambakipun mirsani saben priyantun saweg ewed ing salebetipun paladosan dhateng Gusti Pangeran. Piyambakipun mboten ngraos iri dhateng sinten kemawon, piyambakipun mboten mirsani menapa kemawon, sinten kemawon. Nanging punika minangka tataran ingkang saklajengipun. Kawula sedaya mboten kedah nerokaken, nyobi kange nerokaken, nanging kawula sedaya saged mangertosi bilih paramahaṁsa minangka tataran ingkang paling nginggil ing salebetipun kasampurnan. Minangka satunggaling guru, kawula sedaya kedah nedahaken .... Kados dene nalikanipun kawula ngendikani lare punika wau, "Lenggah kados mekaten." Nanging satunggaling paramahaṁsa mboten badhe ngendikan kados mekaten. Satunggaling paramahaṁsa langkung mirsani bilih, "Piyambakipun becik-becik kemawon." Piyambakipun mirsani. Nanging kawula sedaya mboten kedah nerokaken paramahaṁsa. Amargi kawula sedaya minangka guru, kawula sedaya minangka guru, kawula sedaya mboten pareng nerokaken paramahaṁsa. Kawula sedaya kedah ngendikakaken sumber ingkang leres lan wucalan ingkang leres.

Revatīnandana : Panjenengan tamtu kemawon wonten ing tataran ingkang langkung nginggil saking tataran paramahaṁsa, Prabhupāda.

Prabhupāda : Kawula langkung ngandhap saking panjenengan. Kawula langkung ngandhap saking panjenengan.

Revatīnandana : Panjenengan menika sakmekaten becikipun. Panjenengan minangka paramahaṁsa, nanging panjenengan tansah pareng mucal datheng kawula sedaya.

Prabhupāda : Mboten, kawula langkung ngandhap saking panjenengan. Kawula minangka ingkang paling ngandhap ing antawisipun sagung dumadi. Kawula namung ngiktiyarkaken kangge nindakaken pitedahipun guru karohanen kawula. Punika kemawon. Punika kemawon ingkang kedahipun minangka kridhanipun saben priyantun. Iktiyaraken kanthi sakleresipun. Cobi kangge nindakaken pitedah ingkang langkung nginggil kanthi sakleresipun. Punika cara ingkang paling aman kangge ngangsalaken kemajengan. Satunggaling priyantun mbok bilih wonten ing tataran ingkang paling ngandhap, nanging menawi piyambakipun ngiktiyaraken kangge nindakaken kuwajiban ingkang sampun dipunpitadosaken datheng piyambakipun, mila piyambakipun sampurna. Piyambakipun mbok bilih wonten ing tataran ingkang paling ngandhap, nanging amargi piyambakipun ngiktiyaraken kangge nindakaken kuwajiban ingkang sampun dipunpitadosaken dhateng piyambakipun, mila piyambakipun sampurna. Punika ingkang dipunwastani minangka tetimbangan.