JV/Prabhupada 0058 - Raga Rohani Suraosipun Minangka Gesang Ingkang Langgeng



Lecture on BG 2.14 -- Mexico, February 14, 1975

Sakleresipun, raga rohani suraosipun minangka gesang ingkang langgeng lan luber ing karaharjan sarta seserepan. Raga ingkang kawula sedaya gadhahi sakmenika minangka raga material ingkang mboten langgeng, mboten luber ing karaharjan lan ugi mboten luber ing seserepan. Kawula sedaya mangertosi bilih raga material punika badhe telas. Lan raga punika dipunluberi dening ingkang mboten lantip. Kawula sedaya mboten saged ngendikan menggah ing menapa kemawon ingkang wonten ing suwalikipun tembok punika. Kawula sedaya nggadhahi indria-indria, nanging indria-indria punika cumpen lan mboten sampurna. Kadang kawis kawula sedaya ngraos ageng atinipun amargi kawula sedaya saget mirsani lan lajeng kawula sedaya sesumbar, "Menapa panjenengan saged ngetingalaken Gusti Pangeran datheng kawula?" Nanging kawula sedaya kesupen kangge ngemuti bilih saknalikanipun mboten wonten teja, mila kawisesan kangge mirsani punika ugi dados ical. Amargi menika sedaya raga punika mboten sampurna lan dipunluberi dening ingkang mboten lantip. Raga rohani malah minangka suwalikanipun, raga punika luber ing seserepan.

Dados kawula sedaya saged ngangsalaken raga punika ing gesang saklajengipun lan kawula sedaya kedah ngiktiyaraken kados pundi caranipun kangge ngangsalaken werni raga ingkang kados mekaten. Kawula sedaya saged ngiktiyaraken amrih saklajengipun kawula sedaya saged ngangsalaken raga ingkang wonten ing tatanan planet ingkang langkung nginggil, kawula sedaya ugi saged ngiktiyaraken kangge ngangsalaken raga saklajengipun ingkang awujud raga segawon lan kucing, utawi kawula sedaya ugi saged ngiktiyaraken kangge ngangsalaken raga ingkang langgeng, luber ing karaharjan lan luber ing seserepan. Amargi menika priyantun ingkang paling lantip badhe ngiktiyaraken kangge ngangsalaken raga ingkang luber ing karaharjan, seserepan lan kalanggengan. Punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Yad gatvā na nivartante tad dhāma paramaṁ mama (BG 15.6). Panggenan punika, planet utawi angkasa punika, minangka panggenan ingkang menawi panjenengan tindak mrika mila panjenengan mboten badhe nate wangsul malih dhateng ngalam donya material punika. Ing salebetipun ngalam donya material punika, malah senaos dene panjenengan dipunindhakaken dumugi nggayuh tatanan planet ingkang paling nginggil, Brahmaloka, mila panggah kemawon, panjenengan badhe kedah wangsul malih. Lan menawi panjenengan ngiktiyaraken kanthi sakleresipun kangge tindak datheng ngalam donya rohani, wangsul dhateng ndalemipun, wangsul dhateng Gusti Pangeran, mila panjenengan mboten badhe wangsul malih kangge nampi raga material punika.