JV/Prabhupada 0060 - Gesang Mboten Dipunawiti Saking Unsur-unsur Material



Room Conversation with Svarupa Damodara -- February 28, 1975, Atlanta

Prabhupāda : Kawula sedaya ngendikan bilih nalika gesang, sang dumadi, wonten ing salebetipun toya pejuh, lan piyambakipun dipunpanggenaken ing salebetipun garbhanipun satunggaling priyantun estri, mila raganipun dados ngrembaka. Kawitanipun inggih menika gesang. Punika kasunyatanipun. Lan gesang punika minangka bageyan ingkang mboten saged dipunuwal saking gesang ingkang utami. Amargi menika sedayanipun dipunawiti saking Gusti Pangeran. Janmādy asya yataḥ (SB 1.1.1). Athāto brahma jijñāsā. Mila kawula sedaya kedah ngedhegaken teori punika ing salebetipun ngalam donya ingkang saweg dipunslewengaken punika ... Lan sanesipun menika, kenging menapa piyambakipun sedaya mboten saget ndamel gesang saking unsur-unsur material? Menapa ginanipun pratela piyambakipun sedaya punika? Bilih piyambakipun sedaya dhereng saged nindakaken perkawis punika. Wonten pundi bukti bilih gesang punika miyos saking unsur-unsur material? Cobi panjenengan nindakaken perkawis punika.

Svarūpa Dāmodara : Bukti-buktinipun taksih wonten ing salebetipun panaliten.

Prabhupāda : Eh? Punika namung umuk-umukan. Punika namung umuk-umukan. Punika ingkang dipunwastani minangka bukti, bilih namung saking gesang kemawon gesang punika miyos. Wonten kathah sanget buktinipun Satunggaling priyantun, kewan, tetuwuhan --- sedayanipun miyos saking gesang. Dumugi sakmenika, mboten setunggal priyantunpun sampun mirsani bilih wonten satunggaling jalmi ingkang dipunlairaken saking setunggal watu. Mboten wonten setunggal priyantunpun ingkang sampun mirsani perkawis punika. Kadang kawis punika dipunwastani minangka vṛścika-taṇdūla-nyāya. Panjenengan mangertosi perkawis punika? Vṛścika-taṇdūla-nyāya. Vṛścika suraosipun kalajengking lan taṇdūla suraosipun uwos. Kadang kawis kawula sedaya mirsani tumpukan uwos lan kalajengking miyos saking mrika. Nanging punika suraosipun sanes bilih uwos sampun nglairaken kalajengking. Panjenengan dhereng nate mirsani perkawis ingkang kados mekaten wonten ing nagara panjenengan? Kawula sedaya sampun makaping-kaping mirsani perkawis punika. Saking uwos, tumpukan uwos, setunggal kalajengking, kalajengking ingkang taksih alit, miyos. Kasunyatan ingkang sakleresipun inggih menika bilih para babonipun kalajengking punika, piyambakipun sedaya sampun ngentun tiganipun ing salebetipun uwos punika, lan amargi benter ingkang dipunsababaken saking proses fermentasi, mila para larenipun kalajengking miyos, nanging punika suraosipun sanes bilih kalajengking dipunawiti saking uwos. Amargi menika perkawis punika dipunwastani minangka vṛścika-taṇdūla-nyāya. Vṛścika suraosipun kalajengking lan taṇdūla suraosipun uwos.

Dados sebatan bilih "Kawitanipun gesang inggih menika unsur-unsur material" -- punika dipunwastani minangka vṛścika-taṇdūla-nyāya. Gesang sanes dipunawiti saking unsur-unsur material. Sanesipun menika ... Sami kados dene nalikanipun wonten gesang, dumadi, mila raga ngrembaka, raga bribah utawi ngrembaka, sami kados dene ingkang panjenengan ngendikakaken. Nanging menawi sang lare alit menika pejah utawi piyambakipun pejah nalikanipun dipunlairaken, mila raganipun mboten tuwuh. Unsur-unsur material punika namung tuwuh lan ngrembaka amargi wontenipun gesang.