JV/Prabhupada 0063 - Kedahipun Kawula Dados Satunggaling Juru Mṛdaṅga Ingkang Linuwih

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Arrival Lecture -- Dallas, March 3, 1975

Dados, kawula remen sanget mirsani swasana wonten mriki. Pamucalan minangka kainsapan Kṛṣṇa. Punika pamucalan. Cekap namung kanthi kawula sedaya mangertosi bilih, "Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Panjenenganipun minulya sanget lan kawula sedaya minangka para andhapan. Dados kuwajiban kawula sedaya inggih menika ngladosi Kṛṣṇa." Wonten kalih galeran, ingkang menawi kawula sedaya mangertosi, mila gesang kawula sedaya dados sampurna. Menawi kawula sedaya namung mucal menggah ing kados pundi caranipun kangge nglegakaken Panjenenganipun, kados pundi caranipun kangge ngagemaken busana Panjenenganipun kanthi leres, kados pundi caranipun kangge maringaken dhateng Panjenenganipun dhaharan ingkang eca sanget, kados pundi caranipun kangge maesi Panjenenganipun kanthi anggon-anggon lan sekar ingkang edi peni, kados pundi caranipun kangge mangestupada dhateng Panjenenganipun, kados pundi caranipun kangge ngendikan asma suci Panjenenganipun, kanthi cara-cara ingkang kados mekaten, menawi kawula sedaya namung menggalih kados mekaten kemawon, tamanpa wontenipun ingkang sebatanipun kemawon pamucalan, mila kawula sedaya badhe dados priyantun ingkang paling sampurna ing sakindhenging jagad raya. Punika kainsapan Kṛṣṇa. Mboten dipunbetahaken pamucalan A-B-C-D. Namung dipunbetahaken ewah-ewahan ingkang prasaja kemawon datheng kainsapan. Umpaminipun para lare punika dipunwucali wiwit yuswa kawitan saking gesang piyambakipun sedaya ... Kawula ngangsalaken kalodhangan dipunwucal dening priyantun sepah kawula kados mekaten.

Kathah para priyantun suci ingkang limrahipun rawuh dhateng ndalemipun rama kawula. Piyambakipun sedaya sampun rawuh dhateng ..... (sepi). Rama kawula minangka satunggaling Vaiṣṇava. Piyambakipun minangka satunggaling Vaiṣṇava lan piyambakipun ngersakaken kawula ugi dados satunggaling Vaiṣṇava. Nalikanipun para priyantun suci rawuh, mila piyambakipun mundhut dhateng piyambakipun sedaya, "Nyuwun keparengipun kangge maringaken berkah dhateng putera kawula amrih piyambakipun saged dados abdi sewakanipun Rādhārāṇī." Punika donganipun. Piyambakipun mboten nate ndonga kangge nyuwun menapa-menapa ingakang sanesipun. Lan piyambakipun maringaken dhateng kawula pamucalan menggah ing kados pundi caranipun nyolahaken mṛdaṅga. Ibu kawula malah suwalikanipun rama kawula. Wonten kalih guru - ingkang setunggal minangka guru ingkang mucalaken A-B-C-D datheng kawula, lan ingkang setunggal malih minangka guru ingkang mucalaken mṛdaṅga dhateng kawula. Dados wonten ing sawijining dinten, setunggal guru saweg mucalaken kawula caranipun nyolahaken mṛdaṅga lan setunggal guru ingkang sanesipun saweg ngrantos. Ibu kawula dados duka lan ngendikan, "Umuk-umukan menapa punika? Panjenengan mucalaken mṛdaṅga? Menapa ingkang badhe piyambakipun tindakaken kanthi mṛdaṅga punika?" Nanging mbok menawi rama kawula ngersakaken kawula kangge dados satunggaling juru mṛdaṅga ingkang linuwih wonten ing tembe wingking. (gumujeng). Amargi menika kawula ngraos kepetangan budi sanget dhateng rama kawula, lan kawula ngaturaken pustaka kawula, pustaka Kṛṣṇa punika, dhateng piyambakipun. Piyambakipun ngersakaken perkawis punika. Piyambakipun ngersakaken amrih kawula dados satunggaling guru Bhāgavata, Śrīmad-Bhāgavatam, lan dados satunggaling juru mṛdaṅga sarta kangge dados abdi sewakanipun Rādhārāṇī.

Mila sedaya priyantun sepah kedah menggalih kados mekaten, menawi mboten mila satunggaling priyantun punika mboten betah dados rama lan ibu. Punika pitedah ingkang wonten ing salebetipun śāstra. Punika ugi dipunpratelakaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam, Parwa Kaping Gangsal, pitā na sa syāj jananī na sa syād gurur na sa syāt sva-jano na sa syāt. Kanthi mekaten, sarining remabaganipun inggih menika, na mocayed yaḥ samupeta-mṛtyum. Menawi satunggaling priyantun mboten saged ngawilujengaken sisyanipun saking bebaya pejah ingkang mbok menawi badhe saknalikanipun kapuntindakaken, mila piyambakipun kedahipun mboten dados guru. Satunggaling priyantun kedahipun ugi mboten dados rama utawi ibu menawi piyambakipun mboten saged nindakaken perkawis punika. Kanthi mekaten, mboten wonten mitra, mboten wonten kulawarga, mboten wonten rama, mboten ..... menawi satunggaling priyantun mboten mucalaken para anggota golonganipun menggah ing kados pundi caranipun kangge ngawilujengaken dhiri saking cengkereman pejah. Amargi menika pamucalan ingkang kados mekaten dipunbetahaken ing sakindhenging ngalam donya. Lan satunggling perkawis ingkang prasaja kanthi menapa satunggaling priyantun kados nyumingkir saking jiretan kalairan, pejah, yuswa sepah lan lelara inggih menika namung kanthi dados insap dhateng Kṛṣṇa.