JV/Prabhupada 0064 - Siddhi Suraosipun Kasampurnanipun Gesang

Revision as of 14:48, 24 May 2019 by Gusti (talk | contribs)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on SB 6.1.15 -- Denver, June 28, 1975

Kecit suraosipun "satunggaling priyantun." "Awis-awis sanget." "Satunggaling priyantun" suraosipun "awis-awis sanget." Sanes perkawis ingkang sakmekaten gampilipun kangge dados vāsudeva-parāyaṇāḥ. Kala wingenanenipun kawula sampun ngandharaken bilih Bhagavān, Kṛṣṇa, dhawuh bilih, yatatām api siddhānāṁ kaścid vetti māṁ tattvataḥ, manuṣyāṇāṁ sahasreṣu kaścid yatati siddhaye (BG 7.3). Siddhi suraosipun "kasampurnanipun gesang." Limrahipun para priyantun mastani perkawis punika minangka aṣṭa-siddhi saking kridha nindakaken yoga -- aṇimā, laghimā, mahimā, prāpti, siddhi, īśitva, vaśitva, prākāmya. Dados, sedayanipun dipunsebat minangka siddhi, yoga-siddhi, Yoga-siddhi suraosipun bilih panjenengan saged dados langkung alit saking ingkang paling alit. Takeranipun raga kawula sedaya sakleresipun alit sanget. Dados lumantar yoga-siddhi, senaos dene nggadhahi raga material punika, satunggaling yogī saged ngalitaken piyambakipun dados takeran ingkang paling alit, lan wonten pundipun panjenengan ngrimat piyambakipun, mila piyambakipun saged miyos malih. Punika ingkang dipunsebat minangka aṇimā-siddhi. Sami kados dene, wonten mahimā-siddhi, laghimā-siddhi. Piyambakipun saged dados langkung entheng tinimbang sakler kapas. Para yogī punika, piyambakipun sedaya dados entheng sanget. Taksih wonten para yogī ingkang kados mekaten ing India. Tamtu kemawon, kala taksih lare alit, kawula kepanggih sareng para yogī, piyambakipun makaping-kaping rawuh dhateng ndalemipun rama kawula. Piyambakipun ngendikan bilih piyambakipun saged tindak dhateng pundi-pundi kemawon namung ing sakedhepan netra kemawon. Lan kadang kawis, kala parak enjang piyambakipun sedaya tindak dhateng Jagannātha Purī, dhateng Rāmeśvaram, dhateng Haridwar, saklajengipun piyambakipun sedaya siram ing Bengawan Gangga wonten ing panggenan ingkang benten-benten, sarta taksih kathah perkawis ingkang sanesipun. Punika dipunwastani minangka laghimā-siddhi. Panjenengan dados entheng sanget. Piyambakipun kulinten ngendikan bilih, "Kawula sedaya lenggah sesarengan kaliyan guru kawula sedaya lan genti-genten uluk salam. Kawula sedaya lenggah wonten mriki lan saksampun sakedhepan netra, lajeng kawula sedaya sampun lenggah wonten ing panggenan ingkang benten malih." Punika dipunwastani minangka laghimā-siddhi.

Dados wonten kathah yoga-siddhi. Para priyantun dados bingung sanget mirsani yoga-siddhi punika. Nanging Kṛṣṇa dhawuh, yatatām api siddhānām, (BG 7.3). "Ana ing antarane sakmana akeh siddha sing kaya ngana, sing nduweni yoga-siddhi," yatatām api siddhānām kaścid vetti māṁ tattvataḥ (BG 7.3), "ana sawiji wong sing mbok menawa arep mangerteni Aku." Dados, satunggaling priyantun mbok menawi sampun ngangsalaken sakpirang-pirang yoga-siddhi, nanging panggah kemawon kawontenan menika mboten ndadosaken piyambakipun saged mangertosi Kṛṣṇa. Punika mestail. Kṛṣṇa namung saged dipunmangertosi dening priyantun ingkang ngaturaken sedayanipun dhateng Kṛṣṇa. Amargi menika Kṛṣṇa ngersakaken, Panjenenganipun mitedahaken, sarva-dharmān parityajya mām ekam śaraṇaṁ (BG 18.66). Kṛṣṇa namung dipunmangertosi dening para panyembah murni Panjenenganipun kemawon, sanes dening priyantun ingkang sanesipun.