JV/Prabhupada 0067 - Para Gosvāmī Limrahipun Namung Tilem Sakdangunipun Kalih Jam Sakdintenipun

Revision as of 16:00, 24 May 2019 by Gusti (talk | contribs)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on SB 1.16.26-30 -- Hawaii, January 23, 1974

Dados menapapun kamajengan ingkang wonten ing pakempalan kainsapan Kṛṣṇa, punika namung amargi raos tresna asih ingkang ageng sanget saking Śrī Caitanya Mahāprabhu datheng para priyantun ingkang saweg nandhang sangsara wonten ing Kali-yuga punika. Menawi mboten, mila kangge dados insap dhateng Kṛṣṇa sanes satunggaling pakaryan ingkang gampil, sayekti mboten gampil. Dados piyambakipun ingkang ngangsalaken kalodhangan kangge dados insap dhateng Kṛṣṇa lumantar berkahipun Śrī Caitanya Mahāprabhu, mila piyambakipun sedaya kedahipun mboten nyia-nyiakaken kalodhangan punika. Punika sami kados mejahaken dhirinipun piyambak. Panjenengan sampun dados dhawah. Punika gampil sanget. Cekap namung kanthi ngendikakaken mantra Hare Kṛṣṇa, mboten mesthi sekawanlikur jam sakdintenipun, senaos dene Caitanya Mahāprabhu mrayogekaken perkawis punika, kīrtanīyaḥ sadā hariḥ (CC Adi 17.31), tansah ngendikakaken. Punika prinsipipun. Nanging kawula sedaya mboten saged nindakaken perkawis punika amargi sakmenika kawula sedaya dipunbingungaken dening pangaribawanipun Kali. Amargi menika paling mboten enemwelas puteran. Sampun nate kirang. Perkawis punika ugi sampun nate kalangkungan. Menapa ewedipun, namung enemwelas puteran? Sakdangu-dangunipun perkawis menika namung badhe mbetahaken wekdal kalih jam kemawon. Panjenengan nggadhahi sekawanlikur jam sakdintenipun. Panjenengan badhe tilem, mangga, mangga tilem sakdangunipun sedasa jam. Namung perkawis kados mekaten punika mboten dipunprayogekaken. Sampun tilem langkung saking enem jam sakdintenipun. Nanging piyambakipun sedaya panggah ngersakaken tilem. Piyambakipun sedaya ngersakaken tilem sakdangunipun sekawanlikur jam sakdintenipun. Punika gegayuhan ingkang wonten ing Kali-yuga. Nanging, sampun mekaten. Amargi mangke panjenengan namung badhe nyia-nyiakaken wekdalipun kemawon. Kirangi dhahar, tilem, sesambetan seks sarta budidaya kangge ngekahaken dhiri. Nalikanipun sedayanipun dados nihil, mila punika kasampurnan.

Amargi sedayanipun namung minangka kabetahan-kabetahan raga kemawon. Dhahar, tilem, sesambetan seks sarta ngekahaken dhiri minangka kabetahan-kabetahan raga. Nanging kawula sanes minangka raga punika. Dehino 'smin yathā dehe kaumāram... (BG 2.13). Dados kainsapan punika mbetahaken wekdal. Nanging nalikanipun kawula sedaya ngersakaken kamajengan wonten ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa, mila kawula sedaya kedah mangertosi kuwajibanipun kawula sedaya. Tilem mboten langkung saking enem jam sakdintenipun. Paling dangu wolung jam kemawon. Paling dangu, punika dipuntujokaken dhateng piyambakipun sedaya ingkang mboten saged mangendhalekaken perkawis punika. Nanging mboten langkung saking sedasa jam, kalihwelas jam, gangsalwelas jam. Mboten. Lajeng menapa ginanipun ...? Satunggaling priyantun rawuh kangge manggihi satunggaling panyembah ingkang sampun majeng, lan nalika jam sanga sang panyembah punika taksih tilem. Lan piyambakipun minangka panyembah ingkang sampun majeng? Eh? Menapa kados mekaten? Dados kados pundi punika ...? Panyembah ingkang kados menapa piyambakipun sakleresipun? Panyembah kedah wungu kala enjing-enjing sanget, kinten-kinten jam sekawan enjing. Nalika jam gangsal, piyambakipun kedah sampun rampung siram lan ngrampungaken perkawis-perkawis ingkang sanesipun. Lajeng piyambakipun nindakaken japa lan lajeng nindakaken kathah sanget perkawis-perkawis ingkang sanesipun ... Perkawis-perkawis ing salebetipun gesang sakdangunipun sekawanlikur jam kedah wonten mrika. Dados menawi namung tilem kemawon, mila punika mboten sae. Para Gosvāmī limrahipun tilem namung sakdangunipun kalih jam sakdintenipun. Kawula ugi nyerat pustaka kala dalu, lan kawula ugi tilem, mboten langkung saking tigang jam sakdintenipun. Nanging kadang-kawis kawula tilem malih sakedhap. Mboten kados ... Kawula mboten nerokaken para Gosvāmī. Punika mestail. Nanging saksaged-sagedipun, saben priyantun kedahipun ngiktiyaraken kangge nyumingkiri perkawis punika. Lan nyumingkiri tilem suraosipun bilih kawula sedaya ugi dhahar langkung sakedhik, amargi menika kawula sedaya nyumingkiri perkawis punika. Dhahar, tilem. Saksampunipun dhahar, limrahipun dipunlajengaken dening tilem. Menawi kawula sedaya dhahar langkung kathah, mila kawula sedaya ugi tilem langkung dangu. Menawi kawula sedaya dhahar langkung sakedhik, mila kawula sedaya ugi tilem langkung sakedhap. Dhahar, tilem, sesambetan seks. Sesambetan seks ugi kedah dipunsingkiri. Punika minangka pantangan ingkang utami. Gesang seks kedahipun dipunkirangi saksaged-sagedipun. Amargi menika kawula nggadhahi awisan punika, "Mboten wonten sesambetan seks ingkang dipunawisi." Sesambetan seks, kawula sedaya mboten saged ngendikan, "Panjenengan mboten pareng nindakaken perkawis punika." Mboten wonten priyantun ingkang saged ngendikan kados mekaten. Amargi menika gesang seks dipuntujokaken minangka gesang bale griya, dados wonten sakedhik kalodhangan. Satunggaling ijin, "Inggih, mangga panjenengan pendhet ijin punika." Lan punika sanes minangka sesambetan seks ingkang dipunawisi. Tamanpa punika, panjenengan mboten badhe nate dipunparengaken.

Dados dhahar, tilem, sesambetan seks lang ngekahaken dhiri. Ngekahaken dhiri, kawula sedaya ngekahaken dhiri kanthi sakmekaten kathahipun cara, nanging perang panggah kemawon kapuntindakaken, ugi trajangan saking ngalam material ... Nagaranipun panjenengan saweg ngekahaken dhiri kanthi sae sanget, nanging sakmenika lisah saweg dipuncabut kawontenanipun. Panjenengan mboten saget ngekahi. Sami kados dene, sedayanipun saged dipuncabut kawontenanipun kala menapa kemawon. Mila gumantung kemawon dhateng Kṛṣṇa ing salebetipun ngekahaken dhiri, ing salebetipun ngekahaken dhiri. Avaśya rakṣibe kṛṣṇa. Punika ingkang dipunwastani minangka pasrah dhiri. Pasrah dhiri, suraosipun ... Kṛṣṇa dhawuh, "Pasrah dhiri marang Aku," sarva-dharmān parityajya (BG 18.66). Mangga kawula sedaya mitadosi perkawis punika bilih, "Kṛṣṇa mitedahaken kangge pasrah dhiri. Kersanipun kawula pasrah dhiri. Panjenenganipun kedah ngayomi kawula ing salebeting bebaya." Punika ingkang dipunwastani minangka pasrah dhiri.