JV/Prabhupada 0069 - Kawula Mboten Badhe Pejah



Conversation Pieces -- May 27, 1977, Vrndavana

Kīrtanānanda : Kawula sedaya mboten saget raharja menawi panjenengan mboten saras.

Prabhupāda : Kawula tansah saras.

Kīrtanānanda : Kenging menapa panjenengan mboten saged maringaken yuswa sepahipun panjenengan dhateng kawula sedaya kemawon?

Prabhupāda : Nalikanipun kawula mirsani bilih sedayanipun kapuntindakaken kanthi leres, mila kawula ngraos raharja. Menapa suraosipun raga punika? Raga punika namung raga. Kawula sedaya punika sanes raga.

Kīrtanānanda : Menapa punika sanes Purudāsa ingkang maringaken yuswa enemipun dhateng ramanipun?

Prabhupāda : Hm?

Rāmeśvara : Yayāti. Raja Yayāti ingkang nglintu yuswa sepahipun. Kīrtanānanda : Kaliyan puteranipun. Panjenengan saged nindakaken perkawis punika.

Prabhupāda : (gumujeng) Sinten ingkang nindakaken perkawis punika?

Rāmeśvara : Raja Yayāti.

Prabhupāda : Ah. Yayāti. Mboten, kenging menapa? Amargi panjenengan sedaya minangka ragaku. Dados panjenengan sedaya lajengaken gesang. Mboten wonten bentenipun. Sami kados dene nalikanipun kawula saweg makarya, mila Guru Mahārāja kawula wonten mrika, Bhaktisiddhānta Sarasvatī. Raganipun mbok menawi sampun mboten wonten, nanging piyambakipun tansah wonten ing salebeting saben kridha. Kawula menggalih bilih sakleresipun kawula sampun nyerataken perkawis punika.

Tamāla Kṛṣṇa : Inggih, punika wonten ing salebetipun Bhāgavatam bilih, "Piyambakipun ingkang gesang sareng Panjenenganipun, mila piyambakipun gesang kanthi langgeng. Piyambakipun ingkang ngemut dhawuhipun gesang kanthi langgeng."

Prabhupāda : Dados kawula mboten badhe pejah. Kīrtir yasya sa jīvati, "Satunggaling priyantun ingkang sampun nindakaken satunggaling perkawis ingkang ageng, mila piyambakipun gesang sakdangunipun." Piyambakipun mboten pejah. Malah ugi ing salebetipun kasunyatan gesangipun kawula sedaya ... Tamtu kemawon, punika asipat material, karma-phala Satunggaling priyantun kedah nampi raga ingkang sanesipun ingkang jumbuh kaliyan karmanipun. Nanging kangge panyembah mboten wonten perkawis ingkang kados mekaten. Piyambakipun tansah nampi satunggaling raga kangge ngladosi Kṛṣṇa. Dados mboten wonten karma-phala.