JV/Prabhupada 0074 - Kenging Menapa Panjenengan Kedah Ndhahar Para Kewan?

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on BG 4.21 -- Bombay, April 10, 1974

Sedayanipun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Bhagavad-gītā mboten mratelaaken bilih, "Panjenengan gesang kanthi nyerot sarta ngempus napas." Mboten. Bhagavad-gītā dhawuh, annād bhavanti bhūtāni (BG 3.14). Anna. Anna suraosipun dhaharan ingkang wujudipun wiji-wijen. Dados wonten kabetahan dhateng dhaharan ingkang wujudipun wiji-wijen. Annād bhavanti bhūtāni. Bhagavad-gītā mboten nate mratelaaken bilih, "Panjenengan mboten betah dhahar. Cekap namung kanthi ambegan sarta nindakaken yoga kemawon." Mboten. Nanging kawula sedaya kedhah dhahar sakcekapipun, mboten kekathahen lan mboten kesekhediken. Punika ingkang dipunprayogekaken. Yuktāhāra-vihārasya. Kawula sedaya mboten pareng dhahar kekathahen, ugi mboten pareng dhahar kesekhediken. Lan nirāśīḥ. Nirāśīḥ suraosipun tamanpa wontenipun kersa kangge mborosaken. Sakmenika kawula sedaya ngersakaken kaleganipun indria-indrianipun kanthi kekathahen lan luber-luber. Punika minangka perkawis ingkang mboten dipunkersakaken. Menawi panjenengan ngersakaken kasampurnan gesang, mila punika dipunwastani minangka tapasya.

Satunggaling priyantun nggadhahi gegayuhan, nanging piyambakipun kedahipun mboten ngersakaken kanthi mboten sakmesthinipun. Saben priyantun nggadhahi gegayuhan kangge dhahar, malah ugi para kewanpun nggadhahi gegayuhan ingkang kados mekaten. Saben priyantun ngehaki perkawis punika. Nanging amargi kawula sedaya ngersakaken kangge ngrahapi kanthi luber-luber, mila amargi menika kawula sedaya mboten maringaken kalodhangan dhateng para kewan kangge gesang kanthi pantes, nanging katingalipun, kawula sedaya tansah ngiktiyaraken kangge ndhahar para kewan punika. Punika sanes perkawis ingkang dipunbetahaken. Punika ingkang dipunwastani minangka nirāśīḥ. Kenging menapa panjenengan kedah ndhahar para kewan? Punika minangka gesang ingkang asusila. Nalikanipun dhaharan mboten kapuncawisaken, lan menawi piyambakipun sedaya minangka golongan aborigin, mila mbok menawi kemawon piyambakipun sedaya ndhahar para kewan, amargi piyambakipun sedaya mboten mangertosi kados pundi caranipun nandur dhaharan. Nanging mangsarakat jalmi sampun dados nggadhahi kasusilan, piyambakipun saged nandur dhaharan ingkang sami eca, piyambakipun saged ngrimat lembu lan sanes malah ndhahar lembu punika. Piyambakipun saged ngangsalaken toya susu, toya susu ingkang nyekapi sanget. Kawula sedaya saged ndamel maneka werni dhaharan ingkang dipundamel saking toya susu sarta wiji-wijen. Dados kawula sedaya kedahipun mboten ngersakaken ingkang mboten sakmesthinipun kangge ngrahapi kanthi luber-luber.

Dados dipunandharaken wonten mriki, kurvan nāpnoti kilbiṣam. Kilbiṣam suraosipun pikantuk kridhanipun gesang duraka. Kilbiṣam. Dados kawula sedaya mboten ngersakaken langkung saking ingkang dipunbetahaken, mila kawula sedaya mboten badhe kapunjiret lan dados katut ing salebetipun kridha duraka, kurvan api, senaos dene piyambakipun ewed ing salebeting pakaryan. Nalikanipun panjenengan saweg makarya, kanthi insap utawi mboten insap, panjenengan sampun nindakaken satunggaling kridha ingkang mboten saleh, malah ugi luber ing dosa, nanging menawi panjenengan namung ngersakaken gesang kanthi sakpantesipun kemawon, mila kurvan nāpnoti kilbiṣam. Gesangipun kawula sedaya kedahipun tamanpa wontenipun tumanggapipun dosa. Menawi mboten, mila kawula sedaya badhe kedhah nandang sangsara. Nanging piyambakipun sedaya mboten mitadosi perkawis punika, senaos dene piyambakipun sedaya mirsani sakmekaten kathahipun gesang ingkang nggegirisi. Saking pundi piyambakipun sedaya, ka-8.400.000 spesies gesang punika miyos? Wonten kathah sanget gesang ingkang ngelampahi gesangipun kanthi kawontenan ingkang nggegirisi sanget. Tamtu kemawon, para kewan lan para dumadi punika mboten mangertosi kawontenan punika, nanging kawula sedaya para jalmi, kawula sedaya kedahipun mangertosi kenging menapa wonten gesang ingkang nggegirisi punika. Punika angen-angenipun māyā.

Malah ugi setunggal gesang punika, sami kados dene satunggaling celeng ingkang gesang wonten ing salebeting swasana ingkang reged lan nggilani, kanthi ndhahar rereged lan panggah kemawon piyambakipun menggalih bilih piyambakipun saweg raharja sanget, lan amargi menika piyambakipun tansaya tambah lema. Menawi satunggaling priyantun ngraos raharja, "Kawula raharja sanget," mila piyambakipun dados lema. Dados panjenengan sampun mirsani para celeng punika, piyambakipun sedaya lema sanget, nanging menapa ingkang dipudhahar dening piyambakipun sedaya? Piyambakipun sedaya dhahar rereged lan manggeni panggenan ingkang nggilani sanget. Nanging piyambakipun sedaya menggalih bilih, "Kawula sedaya raharja sanget." Dados punika angen-angenipun māyā. Saben priyantun ingkang gesang ing salebetipun kawontenan gesang ingkang nggegirisi sanget, māyā, lumantar angen-angenipun, ndadosaken piyambakipun menggalih bilih piyambakipun becik-becik kemawon, bilih piyambakipun saweg nglampahi gesang kanthi sampurna sanget. Nanging satunggaling priyantun ingkang wonten ing kalenggahan ingkang langkung nginggil, piyambakipun mirsani bilih para celeng punika saweg gesang ing salebeting kawontenan gesang ingkang nggegirisi sanget.

Dados angen-angen punika wonten, nanging lumantar seserepan, lumantar sesrawungan ingkang leres, lumantar pitedahipun śāstra, guru sarta para priyantun suci, mila satunggaling priyantun kedah mangertosi menapa sakleresipun ajinipun gesang lan saklajengipun nglampahi gesang kanthi jumbuh kaliyan aji-aji punika. Dados punika ingkang dipunpitedahaken dening Kṛṣṇa, bilih nirāśīḥ, bilih satunggaling priyantun kedahipun mboten ngersakaken ingkang mboten sakmesthinipun, nglangkungi kabetahan saking gesangipun. Punika ingkang dipunwastani minangka nirāśīḥ. Nirāśīḥ. Suraos sanesipun inggih menika bilih mboten remen dhateng kanikmatan material. Lan perkawis punika dados saged dipuntindakaken nalikanipun piyambakipun luber ing seserepan bilih, "Kawula sanes raga punika. Kawula minangka atma. Kabetahanipun kawula inggih menika kados pundi caranipun kangge majeng ing salebetipun seserepan rohani." Mila saklajengipun piyambakipun dados nirāśīḥ. Punika minangka perkawis-perkawis ingkang dipuntujokaken dhateng tapasya, kridha mertapa sarta panebusan dosa.

Sakmenika para priyantun sampun supe. Piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa kridha mertapa punika. Nanging gesangipun jalmi punika dipuntujokaken kangge angkah punika. Tapo divyaṁ putrakā yena śuddhyet sattvaṁ yena brahma-saukhyam anantam (SB 5.5.1). Punika minangka pitedahipun śāstra. Gesangipun jalmi dipuntujokaken kangge tapasya. Lan tapasya ...

Amargi menika ing salebetipun margi gesang Veda, kawitanipun gesang minangka tapasya, brahmacārī, brahmacārī. Satunggaling sisya badhe dipunkintun dhateng setunggal gurukula kangge nindakaken brahmacārya. Punika tapasya, satunggaling gesang ingkang mboten pados sekeca sanget. Tilem wonten dhasar, tindak saking setunggal lawang dhateng lawang sanesipun kangge mendhet sedekah kangge guru. Nanging piyambakipun sedaya mboten ngraos lesu. Amargi piyambakipun sedaya taksih lare alit, lan menawi piyambakipun sedaya dipunwucal lumantar kridha mertapa ingkang kados mekaten, piyambakipun sedaya badhe dados kulinten. Piyambakipun sedaya tansah ngaturi saben priyantun estri kanthi, "Ibu." "Ibu, nyuwun keparengipun kangge maringaken sekedhik sedekah dhateng kawula sedaya." Lan piyambakipun wangsul dhateng ndalemipun guru. Sedayanipun minangka gadhahipun guru. Puika gesang brahmacārī. Punika tapasya. Tapo divyam SB 5.5.1). Punika kasusilan Veda, wonten pundi para lare alit kedahipun sampun saking kawitanipun wekdal gesangipun dipunwucal ing salebeting tapasya, brahmacārya. Nindakaken wadat. Satunggaling brahmacārī mboten pareng kepanggih kaliyan satunggaling priyantun estri enem saking pundi-pundi kemawon. Malah ugi menawi yuswa garwanipun guru taksih enem, mila para brahmacārī punika mboten pareng kepanggih kaliyan garwanipun guru punika. Punika minangka satunggaling awisan. Sakmenika, wonten pundi brahmacārya? Mboten wonten brahmacārī. Punika minangka Kali-yuga. Mboten wonten tapasya.