JV/Prabhupada 0078 - Cekap Namung Marsudi Kangge Mireng Kanthi Pitados

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 1.2.16 -- Los Angeles, August 19, 1972

Dados, śuśrūṣoḥ śraddadhānasya vāsudeva-kathā-ruciḥ. Wonten ing saklebetipun sloka sakdherengipun, perkawis punika sampun dipunandharaken, yad anudhyāsinā yuktāḥ (SB 1.2.15). Satunggaling priyantun kedhah tansah ewed ing menggalih. Punika ingkang dados pedhangipun Panjenengan kedah mendhet pedhang kainsapan Kṛṣṇa punika. Mila panjenengan badhe dados mardhika. Bendhelan punika dipunpungges dening pedhang menika. Dados ... Sakmenika, kadospundi kawula sedaya saget ngangsalaken pedhang menika? Proses punika dipunandharaken wonten mriki bilih panjenengan cekap marsudi kangge mireng kanthi pitados. Panjenengan badhe ngangsalaken pedhang punika. Punika kemawon. Sakleresipun, pakempalan kainsapan Kṛṣṇa kagunganipun kawula sedaya punika saweg ngrembaka. Kawula sedaya saweg ngangsalaken pedhang punika mbaka setunggal, namung lumantar proses mireng. Kawula ngawiti pakempalan punika wonten ing New York. Panjenengan sedaya sampun pirsa. Kala menika sakleresipun kawula mboten gadhah satunggalpun pedhang. Sami kados dene wonten ing agami-agami lintune, piyambakipun nyepeng pustaka suci agaminipun wonten ing setunggal hasta lan wonten ing hasta lintune piyambakipun nyepeng pedhang, "Panjenengan nampi pustaka suci menika, menawi mboten purun, kawula badhe megat sirah panjenengan." Ingkang kados mekaten ugi minangka salah satunggaling cara panyebaran lan pawucalan. Kawula ugi nggadhahi pedhang, nanging sanes pedhang ingkang kados mekaten. Pedhang punika - inggih menika maringaken kalodhangan dhateng para priyantun kangge mireng. Punika kemawon.

Vāsudeva-kathā-ruciḥ. Dados, saknalikanipun pyambakipun ngangsalaken satunggaling ruci ... Ruci. Ruci suraosipun raos. "Ah, punika Kṛṣṇa saweg dhawuh, ngremenaken sanget. Kersanipun kawula mirengaken." Mila saknalikanipun panjenengan ngangsalaken pedhang punika. Pedhang punika sampun wonten ing cepenganipun panjenengan. Vāsudeva-kathā-ruciḥ. Nanging ruci punika rawuh dhateng sinten? Raos punika? Amargi, sami kados dene kaliyan ingkang sampun kawula andharaken makaping-kaping sakdherengipun, raos punika, sami kados dene kembang gula. Saben priyantun sampun pirsa bilih raosipun kembang gula punika legi sanget, nanging menawi panjenengan maringaken kembang gula punika dhateng priyantun ingkang saweg gerah kuning, mila piyambakipun badhe manggihi bilih raosipun kembang gula punika pait. Saben priyantun mangertosi bilih raosipun kembang gula punika legi, nanging priyantun ingkang saweg gerah kuning, piyambakipun badhe manggihi bilih raosipun kembang gula punika pait. Saben priyantun sampun pirsa menggah ing perkawis punika. Punika minangka satunggaling kasunyatan.

Dados ruci, raos kangge mireng vāsudeva-kathā, kṛṣṇa-kathā, para priyantun ingkang saweg gerah ingkang asipat material mboten saged ngrumaosi. Ruci punika, raos punika. Kangge ngangsalaken raos punika wonten kridha-kridha kawitanipun. Menapa kemawon kridha-kridha punika? Kaping setunggal inggih menika pangaos bilih, "Oh, punika leres sae sanget." Ādau śraddhā, śraddadhāna. Dados śraddhā, pangaos, punika ingkang minangka kawitanipun. Saklajengipun sādhu-saṅga (CC Madhya 22.83), inggih menika pasrawungan, "Leres, para priyantun punika saweg nindakaken japa lan ngendikan menggah ing Kṛṣṇa. Kersanipun kawula sowan dhateng piyambakipun sedaya, lajeng kawula lenggah lan mirengaken langkung kathah malih." Punika dipunwastani minangka sādhu-saṅga. Para panyembah Gusti Pangeran, srawung kaliyan piyambakipun sedaya. Punika tataran kaping kalih. Tataran kaping tiga inggih menika bhajana-kriyā. Nalikanipun satunggaling priyantun saweg srawung kanthi becik, mila piyambakipun badhe ngrumaosi bilih, "Kenging menapa kawula mboten dados panyembah?" Dados, kawula nampi panyuwunan, "Prabhupāda, menawi panjenengan kepareng nampi kawula minangka sisyanipun panjenengan." Punika kawitanipun bhajana-kriyā. Bhajana-kriyā suraosipun dados ewed ing saklebetipun paladosan dhateng Gusti Pangeran. Punika tataran kaping tiga.