JV/Prabhupada 0081 - Wonten Ing Planet Surya, Salira-salira Murub



Lecture on BG 2.13 -- New York, March 11, 1966

Dados wonten mriki, dipundhawuhaken bilih dhīra, dhīra.

dehino 'smin yathā dehe
kaumāraṁ yauvanaṁ jarā
tathā dehāntara-prāptir
dhīras tatra na muhyati
(BG 2.13)

Dehinaḥ. Dehinaḥ suraosipun "satunggaling priyantun ingkang sampun nampi salira material punika." Asmin. Asmin suraosipun "wonten ing ngalam ndonya punika" utawi "wonten ing gesang punika." Yathā, "minangka." Dehe. Dehe suraosipun "wonten ing saklebetipun salira punika." Amargi dehinaḥ suraosipun "satunggaling priyantun ingkang sampunnampi salira punika," lan dehe suraosipun "wonten ing saklebetipun salira punika." Dados, kawula saweg lenggah wonten ing saklebetipun salira punika. Sakmenika, kawula sanes salira punika. Sami kaliyan panjenengan ingkang saweg wonten ing saklebetipun busana kaos lan jaket punika, mila sami kados dene, kawula ugi saweg wonten ing saklebetipun salira punika, salira ingkang asipat kasar lan salira ingkang asipat alus. Salira kasar punika dipunwujudaken saking siti, toya, geni, bayu lan akasa, salira kasar punika, sedaya salira materialipun kawula sedaya. Sakmenika, wonten ing ngalam ndonya punika, wonten ing planet punika, siti minangka unsur ingkang paling pinunjul. Wonten pundi-pundi, salira, salira material, dipunwujudaken saking gangsal unsur punika, siti, toya, geni, bayu lan akasa. Punika minangka gangsal bebakalanipun. Sami kados dene satunggaling wewangunan. Sedaya wewangunan dipunwujudaken saking siti, toya lan geni. Panjenengan mendhet brongkalan siti lajeng panjenengan ndamel bata kanthi cara ngobong siti punika wonten ing saklebetipun geni, lan saksampunipun ngaworaken siti punika kaliyan toya, panjenengan nyithak siti punika dados awujud bata lan saklajengipun panjenengan manggenaken bata punika wonten ing saklebetipun geni, lan nalikanipun sedayanipun sampun dados cekap kiyat, mila panjenengan ngawiti nata bata-bata punika dados satunggaling wewangunan ingkang ageng. Dados sakleresipun, sedayanipun namung minangka satunggaling wewujudan saking siti, toya lan geni kemawon. Punika kemawon. Sami kados dene, saliranipun kawula sedaya ugi dipunwujudaken kanthi cara ingkang kados mekaten, saking siti, toya, geni, bayu lan akasa. Bayu utawa hawa ... Bayu punika saweg sumilir, sistem prana. Panjenengan mangertosi perkawis punika. Bayu punika tansah wonten pundi-pundi. Sap-sapan kulitipun kawula sedaya ingkang paling jawi punika minangka siti lan wonten geni ingkang murub wonten ing saklebeting madharanipun kawula sedaya. Tamanpa wontenipun geni, panjenengan mboten saged ngluluhaken menapapun kemawon. Saged dipunmangertosi? Saknalikanipun geni punika dados langkung alit, mila kakiyatan ngluluhakenipun dados langkung awon. Dados, wonten kathah sanget perkawisipun. Punika pranatanipun. Sakmenika, saliranipun kawula sedaya wonten ing planet punika dipunwujudaken kanthi unsur siti ingkang minangka unsur utami utawi ingkang paling pinunjul. Sami kados dene, wonten ing planet lintunipun, wonten ing satunggal panggenan lintunipun, mila toya minangka unsur utami lanpaling pinunjul. lan wonten ing panggenan lintunipun, geni ingkang minangka unsur utami lan paling pinunjul. Wonten ing planet surya, salira-saliro wonten mrika ... Piyambakipun sedaya ugi minangka sagung dumadi, nanging saliranipun dipunwujudaken sakmekaten saengga dados murub. Piyambakipun sedaya saged gesang wonten ing saklebetipun geni. Piyambakipun sedaya saged gesang wonten ing saklebetipun geni. Sami kados dene, Varuṇaloka, wonten ing planet Venus, wonten ing sedaya plenet-planet punika, piyambakipun sedaya nggadhahi maneka-werna salira ingkang benten-benten. Sami kados dene, wonten mriki panjenengan saged mirsani bilih wonten ing saklebetipun toya, para dumadi ingkang gesang wonten mrika, piyambakipun sedaya nggadhahi werna salira ingkang benten malih. Sampun tetaunan dangunipun, piyambakipun sedaya, para kewan ingkang gesang ing saklebeting toya lan segara, piyambakipun sedaya gesang kanthi raharja sanget. Nanging nalikanipun panjenengan manggenaken piyambakipun sedaya wonten ing gisik utawi dharatan, mila piyambakipun sedaya dados pejah. Sami kados dene, panjenengan ngrumaosi karaharjan nalikanipun panjenengan saweg wonten ing dharatan, nanging saknalikanipun penjenengan dipunpanggenaken wonten ing saklebetipun toya utawi segara, mila panjenengan badhe pejah. Amargi saliranipun panjenengan, tatanan saliranipun, mboten sami. Saliranipun para kewan ingkang gesang ing saklebeting toya lan segara, tatanan saliranipun benten, ugi para paksi .... Para paksi, salira piyambakipun sedaya awrat, nanging piyambakipun sedaya saged miber, lan namung Gusti Pangeran kemawon ingkang ndamelaken piranti kangge miber punika. Nanging pirantinipun panjenengan, ingkang dipundamel dening para jalma, piranti punika dhawah lan remuk. Panjenengan mangertosi? Amargi sedayanipun lancung.

Dados punika pranantanipun. Saben dumadi nggadhahi setunggal wena salira ingkang sampun dipuntemtokaken. Dehino 'smin yathā dehe (BG 2.13). Lan menapa ingkang minangka sipatipun salira punika? Sakmenika, wonten mriki saweg dipunandharaken menggahing bebakalan material, bilih kadospundi caranipun kawula sedaya nggumantosaken saliranipun? Kadospundi ...... Nanging, amargi perkawis punika minangka satunggaling perkawis ingkang ewed kangge kawula sedaya, amargi kawula sedaya saweg kapitenggengan dhateng angen-angen ingkang mastani salira punika minangka sang atma. Sakmenika, wucalan A-B-C-D kaping sepindhah saking seserepan rohani inggih menika mangertosi bilih "kawula sanes salira punika." Menawi satunggaling priyantun sampun mitadosi kanthi setuhu bilih "kawula sanes salira punika," mila piyambakipun saged ngangsalaken kamajengan wonten ing margi rohani punika. Dados wucalan kaping sepindhah wonten ing Bhagavad-gītā dipuntampi lumantar cara ingkang kados menika. Dados punika perkawisipun, bilih dehino 'smin .... Sakmenika, dehī, sang atma. Sang atma, dehī suraosipun sang atma. Satunggaling priyantun ingkang sampun nampi salira punika, salira material punika, piyambakipun dipunwastani minangka dehī. Lajeng, asmin, piyambakipun wonten. Piyambakipun wonten, nanging saliranipun saweg gumantos.