JV/Prabhupada 0082 - Kṛṣṇa Wonten Ing Pundi-pundi



Lecture on BG 4.24 -- August 4, 1976, New Mayapur (French farm)

Panyembah : Kawula sedaya ngendikan bilih Kṛṣṇa wonten ing saklebetipun ingkang rohani, wonten ing saklebeting hredayanipun sagung dumadi.

Prabhupāda: Kṛṣṇa wonten ing pundi-pundi.

Panyembah : Minangka satunggaling priangga utawi minangka satunggaling energi?

Prabhupāda : Wonten ing saklebetinipun energinipun. Ugi minangka priangga. Priangga ingkang kawula sedaya mboten saged mirsani lumantar netra ingkang kawula sedaya gadhahi sakmenika, nanging kawula sedaya saged ngrumaosaken energi punika. Panjenengan kedah tansah ngawistarakaken perkawis punika. Dados, saksampunipun dipuninsapi kanti setuhu, mila sloka punika, bilih sedayanipun minangka brahma, sarvaṁ khalv idaṁ brahma ... Panyembah ingkang sampun majeng, piyambakipun mboten mirsani menapapun kejawi Kṛṣṇa kemawon.

Panyembah : Śrīla Prabhupāda, menapa wonten benten ingkang sakleresipun antawis energi material kaliyan energi rohani?

Prabhupāda : Inggih, bentenipun, wonten kathah bentenipun. Kupiya ingkang sami, listrik. Wonten kathah perkawis ingkang saweg kapuntindakaken, energi ingkang benten-benten. Malah dictaphone punika ugi saweg migunani lumantar daya listrik. Lumantar energi ingkang sami, daya listrik. Amargi menika Kṛṣṇa dhawuh, ahaṁ sarvasya prabhavaḥ (BG 10.8). Panjenenganipun minangka sejatosipun sumber saking sedayanipun.

Panyembah : Dipunandharaken wonten ing Bhagavad-gītā bilih satunggaling priyantun nggumantosaken saliranipun sakdangunipun gesangipun, nanging kawula sedaya mirsani bilih satunggaling priyantun kulit cemeng mboten nate dados priyantun kulit petak, utawi wonten satunggaling keajegan, wonten satunggaling keajegan ing saklebetipun salira senaos dene saliranipun gumantos. Menapa ingkang dados keajegan punika? Kadospundi perkawis punika, salira ingkang tansah gumantos nanging kawula sedaya saged nepangi satunggaling priyantun wiwit piyambakipun taksih anem ngantos dados sepuh.

Prabhupāda : Dados, nalikanipun panjenengan mucal langkung majeng malih, mila panjenengan bade manggihaken bilih mboten wonten bentenipun antawis kulit cemeng kaliyan kulit petak. Sami kados dene satunggaling sekar ingkang saweg mekar, wonten kathah sanget wernanipun. Dados, punika medal saking sumber ingkang sami. Kanthi mekaten, mboten wonten ingkang dipunwastani minangka ingkang benten-benten punika, nanging kangge ndadosaken sedayanipun langkung endah, mila wonten kathah sanget werna-werna. Cahyanipun surya nggadhahi pitu werna, lan saking pitu werna punika medal werna-werna ingkang tanpa wilangan. Werna sejatosipun inggih menika werna petak lan saklajengipun medal werna-werna lintunipun ingkang tanpa wilangan. Menapa perkawis punika sampun saged panjenengan mangertosi?

Panyembah : Śrīla Prabhupāda, menawi Kṛṣṇa sampun ngripta sedayanipun lan sedayanipun miturut dhateng kersanipun Kṛṣṇa, menapa kawula sedaya saged nemtoaken menapa kemawon ingkang sae lan menapa kemawon ingkang awon?

Prabhupāda : Mboten wonten ingkang dipunwastani minangka sae lan awon, punika minangka angen-angenipun manah kemawon. Nanging, wonten ing saklebetipun ngalam ndonya material suraosipun sedayanipun awon.