JV/Prabhupada 0083 - Ngendikakaken Hare Kṛṣṇa Mila Lajeng Sedayanipun Badhe Rawuh

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on SB 7.9.11-13 -- Hawaii, March 24, 1969

Dados Prahlāda Mahārāja ngendikan - kawula sedaya wau kemawon ngrembag menggah ing perkawis punika - bilih mboten dipunbetahaken satunggaling kuwasisan menapa kemawon. Kangge nentremaken, kangge ngremenaken, kangge nglegakaken Gusti Pangeran, panjenengan mboten mbetahaken kuwasisan wiwitan menapa kemawon, oh, panjenengan kedah lulus pendadaran wonten ing universitas, utawi panjenengan kedah dados priyantun ingkang artawan kados Rockefeller utawi Ford, utawi panjenengan kedah dados puniki utawi punika ... Tamanpa pisarat. Ahaituky apratihatā. Menawi panjenengan ngersakaken kangge nresnani Kṛṣṇa, mboten wonten alangan kangge menika. Mboten wonten alangan. Margi kangge menika mbikak kanthi wiyar. Cekap namung kanthi dados mituhu. Punika kemawon. Mila Kṛṣṇa badhe ndamel margi punika dados kawistara. Lan menawi mboten mituhu, mila māyā, ingkang minangka gadhahipun Kṛṣṇa, wonten ing mrika. Māyā badhe tansah manggenaken watu sandhungan, "Sanes menika, sanes menika, sanes menika." Mila Prahlāda Mahārāja namtokaken bilih, "Senaos dene kawula minangka satunggaling lare alit, kawula mboten nggadhahi pamulangan, kawula mboten nate marsudi Veda, lan kawula dipunlairkaen saking satunggaling rama ingkang atheis, putra wayahipun priyantun ngandhapan, sedayanipun minangka kawontenan ingkang awon ... Dados, Gusti Pangeran dipunpuja dening para priyantun soleh ingkang lantip, ingkang ngaturaken puji-pujan Veda lan ingkang minangka para brāhmaṇa ingkang sujana sanget. Kawula mboten nggadhahi kuwasisan ingkang kados mekaten. Nanging senaos dene, sedaya para dewa ingkang minulya wonten nglebet kalenggahan piyambakipun sedaya piyambak-piyambak, piyambakipun sedaya sampun nyuwun dhateng kawula. Dados punika suraosipun inggih menika bilih Gusti Pangeran saged dipuntentremaken dening kawula. Menawi mboten, lajeng kenging menapa piyambakipun sedaya maringaken pamrayoga ingkang kados mekaten? Dados menapa kemawon kuwasisan ingkang kawula gadhahi, menapa kemawon kalantipan ingkang kawula gadhahi, badhe kawula aturaken dhateng Kṛṣṇa." Dados kempalan kawula sedaya punika, kempalan kainsapan Kṛṣṇa punika minangka kados mekaten, bilih menapa kemawon kuwasisan ingkang panjenengan gadhahi, punika nyekapi. Mangga panjenengan ngawiti kanthi kuwasisan punika. Iktiyaraken kangge nladosi Kṛṣṇa lumantar kuwasisan panjenengan punika. Amargi kuwasisan ingkang sejati - raos kangge ngladosi ingkang panjenengan gadhahi, punika ingkang minangka kuwasisan ingkang sejatosipun. Dados, mangga panjenengan ngrembakakaken raos punika lan sampun ngrembakakaken kuwasisan sisih jawi kados ayu, raja brana, seserepan, puniki, punika ... Mboten mekaten. Perkawis-perkawis punika mboten nggadhahi aji. Sedaya perkawis punika wau nggadhahi aji menawi sampun dipunginakaken wonten nglebet paladosan dhateng Kṛṣṇa. Menawi panjenengan minangka satunggaling priyantun ingkang artawan sanget lan panjenengan migunakaken raja brana panjenengan wonten nglebet paladosan dhateng Kṛṣṇa ... Punika sae sanget. Nanging panjenengan mboten betah kangge dados priyantun ingkang artawan sanget sakdherengipun, wau saklajengipun panjenengan saged ngladosi Kṛṣṇa.

Dados Prahlāda Mahārāja ngendikan, nīco ajayā guṇa-visargam anupraviṣṭaḥ pūyeta yena pumān anuvarṇitena. Sakmenika, satunggaling priyantun mbokmenawi mundhut pirsa bilih Prahlāda dipunlairaken saking satunggaling rama ingkang mboten suci. Punika minangka satunggaling benten pamanah. Prahlāda punika mboten suci, nanging perkawis punika sakderma namung kangge benten pamanah piyambak punika kemawon, dipunlairaken saking rama ingkang nistha utawi kulawarga saking tataran ngandhap, utawi minangka satunggaling priyantun ingkang mekaten, .... mekaten, kathah sanget perkawis ingkang piyambakipun sedaya ngendikakaken. Nanging Prahlāda Mahārāja ngendikan bilih, "Menawi kawula ngawiti perkawis punika, namung lumantar pamujan dhateng Gusti Pangeran, mila kawula badhe dipunsucekaken." Menawi kawula ngendikan panyucen punika .... Mantra Hare Kṛṣṇa punika minangka satunggaling proses panyucen. Suraosipun sanes suwalikipun, bilih kawula badhe kedah nycekaken dhiri sakdherengipun lan saklajengipun wau kawula nampi mantra Hare Kṛṣṇa. Sanes mekaten. Mangga panjenengan ngawiti nindakaken japa. Mila saklajengipun proses panyucen kapuntindakaken. Panjenengan badhe dipunsucekaken. Mangga nindakaken japa. Mboten preduli wonten nglebet kawontenan ingkang menapa kemawon. Sakleresipun kawula ngawiti kempalan kainsapan Kṛṣṇa punika - sanes dipunsuraosaken bilih panjenenganipun sedaya rawuh wonten nglebet kawontenan ingkang sampun dipunsucekaken sanget. Kawula sedaya, saben priyantun saking panjenengan sedaya, mangertosi bilih piyambakipun sedaya ingkang rawuh dhateng kawula sedaya, piyambakipun sedaya sampun dipunwucal dumugi wekdal lare alit ... Miturut bakuning priyantun India, piyambakipun sedaya ingkang rawuh dhateng kawula sedaya malah mboten mangertosi prinsip-prinsip kasarasan. Lajeng menapa malih kangge mangertosi panyucen? Panjenengan mangertos? Wonten India, sistemipun dipunawiti saking tataran lare alit, satunggaling lare alit dipunwucal kangge siram, kangge ngosoki waja saben enjing. Inggih. Kawula emut, nalikanipun yoga kawula ingkang kaping kalih taksih sekawan taun yuswanipun, dados sakdherengipun dhahar enjing, kawula mesthi nangkledi piyambakipun, "Delokke untumu nang aku." Dados piyambakipun mitedahaken wajanipun dhateng kawula, ... "Ya." "Wis apik, kowe wis ngosok untumu. Iku apik." "Saiki kowe pareng mangan isuk." Dados, wonten latihan. Nanging wonten mriki, wonten ing nagari panjenengan, latihan ... Mesthi kemawon, wonten ingkang nindakaken perkawis kados mekaten ing satunggaling panggenan, nanging perkawis punika mboten dipuntindakaken kanthi tuhu. Mboten menapa-menapa. Ngendikakaken Hare Kṛṣṇa. Awiti Hare Kṛṣṇa. Mila sedayanipun badhe rawuh. Sedayanipun badhe rawuh.