JV/Prabhupada 0084 - Iktiyaraken Kangge Dados Satunggaling Panyembah Kṛṣṇa

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Lecture on BG 2.22 -- Hyderabad, November 26, 1972

Dados pamrayogan kawula inggih menika kangge nampi seserepan saking Kṛṣṇa, kaprianggan ingkang sampurna, Kaprianggan Gusti Pangeran ingkang Murbeng Wasesa. Kawula sedaya nampi śāstra, ingkang suraosipun minangka ingkang sampurna. Tamanpa wontenipun kalepatan. Sami kados dene nalikanipun kawula saweg mlampah celak kandhang lembu, kathah sanget gundhukan utawi tumpukan tlethong lembu wonten mrika. Dados kawula mratelakaken dhateng para pandherek kawula bilih, menawi kewan, kersanipun kawula, menawi ingkang dipuntumpuk wonten mriki punika tinjanipun manungsa, mila mboten wonten setunggalpun priyantun ingkang badhe purun rawuh mriki. Mboten wonten setunggalpun priiyantun badhe purun rawuh mriki. Nanging tlethong lembu, wonten kathah sanget tlethong lembu, lan panggah kemawon, kawula sedaya ngraos sekeca kemawon kangge nglangkungi tlethong punika. Lan wonten nglebet Veda dipundhawuhi bilih, "Tlethong lembu punika suci." Punika ingkang dipunmastani minangka śāstra. Menawi panjenengan ngrangkel bilih, "Kados pundi saget mekaten? Punika minangka tlethong kewan." Nanging Veda, punika minangka ... Amargi seserepanipun sampurna, saengga malah kawula sedaya mboten saged mbuktekaken lumantar adu panemu menggah ing kados pundi tlethong kewan saged dados suci, nanging tlethong punika yektos suci saestu. Amargi menika seserepan Veda punika sampurna. Lan menawi kawula sedaya nampi seserepan saking Veda, mila kawula sedaya saged nggemeni wekdal ingkang kathah kangge nindakaken panaliten utawi kangge nitipriksa. Kawula sedaya remen sanget nindakaken panaliten. Nanging sedayanipun sampun wonten ing saklebetipun Veda. Lajeng kenging menapa panjenengan nelasaken wekdal panjenengan?

Dados, punika seserepan Veda. Seserepan Veda suraosipun satunggaling perkawis ingkang dipundhawuhaken dening Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Punika seserepan Veda. Apauruṣeya. Seserepan punika sanes dipundhawuhaken dening priyantun limrah kados dhiri kawula. Dados, menawi kawula sedaya nampi seserepan Veda, menawi kawula sedaya nampi, mila kasunyatan punika minangka ingkang sampun dipunpratelakaken dening Kṛṣṇa utawi para wakilipun. Amargi para wakilipun mboten badhe ngendikan menapa kemawon ingkang mboten dipundhawuhaken dening Kṛṣṇa. Amargi menika piyambakipun sedaya minangka wakilipun. Para priyantun ingkang insap dhateng Kṛṣṇa minangka para wakil Kṛṣṇa amargi satunggaling priyantun ingkang insap dhateng Kṛṣṇa mboten badhe ngendikan menapa kemawon ingkang asipat umuk-umukan, nglangkungi dhawuhipun Kṛṣṇa. Punika bentenipun. Para priyantun ingkang remen ngendikan menapa kemawon ingkang asipat umuk-umukan, para bajingan, piyambakipun sedaya badhe ngendikan nglangkungi Kṛṣṇa. Kṛṣṇa dhawuh, man-manā bhava mad-bhakto mad-yājī māṁ namaskuru (BG 18.65), nanging sang sarjana ingkang ugal-ugalan badhe ngendikan bilih, "Sanes, punika sanes Kṛṣṇa, punika satunggaling perkawis ingkang lintu malih." Wonten pundi panjenengan ngangsalaken perkawis ingkang kados mekaten? Kṛṣṇa dhawuh kanthi mligi, man-manā bhava mad-bhakto mad-yājī māṁ namaskuru (BG 18.65). Dados, kenging menapa panjenengan nlimpang? Kenging menapa panjenengan ngendikan menggah ing satunggaling perkawis ingkang lintu, "Wonten satunggaling ingkang lintu wonten nglebet Kṛṣṇa?" Panjenengan badhe manggihaken bilih ... Kawula mboten ngersakaken kangge ngendikakaken perkawis punika. Wonten kathah sanget sarjana ingkang ugal-ugalan. Piyambakipun sedaya nyuraos kados mekaten. Amargi menika senaos dene Bhagavad-gītā minangka satunggaling pustaka seserepan ingkang sangkanipun saking India, wonten kathah sanget priyantun ingkang dados dipunplantrangaken. Kathah ... Amargi para sarjana bajingan punika, ingkang namung sebatanipun kemawon sarjana. Amargi piyambakipun sedaya namung nyuraosaken kanthi klentu kemawon.

Amargi menika kawula nyawisaken Bhagavad-gītā Miturut Aslinipun. Kṛṣṇa dhawuh, sarva-dharmān parityajya mām ekaṁ śaraṇaṁ vraja (BG 18.66). Kawula ngendikan, kawula mulangaken cara pamujan punika, "Mangga dados insap dhateng Kṛṣṇa. Iktiyaraken kangge dados satunggaling panyembah Kṛṣṇa. Aturaken raos kurmat panjenengan ..." Panjenengan kedah maringaken pakurmatan dhateng saben priyantun. Panjenengan sanes satunggaling priyantun ingkang maha kuwaos. Panjenengan kedah miluta satunggaling priyantun kangge saged ngangsalaken satunggaling paladosan. Punika minangka ... Malah senaos dene panjenengan nggadhahi kalenggahan ingkang sae, panjenengan panggah kedah miluta. Senaos dene panjenengan ngersakaken kangge dados satunggaling presiden, kangge dados presiden saking nagari panjenengan, panjenengan kedah miluta para wargi nagari panjenengan, "Mangga panjenengan pilih kawula. Mangga, kawula badhe maringaken sarana ingkang kathah dhateng panjenengan." Dados, panjenengan kedah miluta. Punika kasunyatanipun. Mbok menawi kemawon panjenengan minangka satunggaling priyantun ingkang ageng sanget. Nanging panjenengan panggah kedah miluta satunggaling priyantun. Panjenengan kedah nampi guru. Lajeng kenging menapa panjenengan mboten nampi Kṛṣṇa, guru ingkang utami? Wonten pundi ewedipun? "Mboten, kawula badhe nampi ewonan guru kejawi Kṛṣṇa. Punika filsafatipun kawula. Kawula badhe nampi ewonan guru kejawi Kṛṣṇa. Punika ingkang minangka kaantepan kawula." Lajeng kados pundi panjenengan badhe raharja? Karaharjan namung saged digayuh lumantar panampian dhateng Kṛṣṇa,

bhoktāraṁ yajña-tapasāṁ
sarva-loka-maheśvaram
suhṛdaṁ sarva-bhūtānāṁ
jñātvā māṁ śāntim ṛcchati
(BG 5.29)

Punika prosesipun śānti. Kṛṣṇa dhawuh kersanipun panjenengan kedahipun nampi bilih, "Aku kang sinebut sing ngematake. Awakmu dudu sing ngematake." Panjenengan sanes ingkang ngrahapi. Menawi kemawon panjenengan minangka presiden utawi sekretaris. Menawi kemawon panjenengan saweg dados menapapun ingkang panjenengan kersakaken. Nanging panjenengan sanes ingkang ngrahapi. Ingkang ngrahapi inggih menika Kṛṣṇa. Satunggaling priyantun kedah mangertosi perkawis punika. Sami kados dene ....... Kawula nembe kemawon nindakaken punika. Kawula nembe ngwangsuli setunggal layang ingkang dipunkintun saking Andra Relief Committee. Menapa ingkang saged dipuntindakaken dening komite pitulungan puniki menawi Kṛṣṇa mboten ngraos kalegan? Menapa cekap kanthi ngempalaken arta? Sanes. punika mestail. Sakmenika saweg jawah. Mila sakmenika panjenengan ngangsalaken pigunanipun. Nanging mandhapipun jawah punika gumantung dhateng Kṛṣṇa, sanes dhateng kuwasisan saking pangempalan arta panjenengan punika.