JV/Prabhupada 0086 - Kenging Menapa Wonten Kathah Kamboten-samian

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Sri Isopanisad, Mantra 9-10 -- Los Angeles, May 14, 1970

Kenging menapa kawula sedaya manggihi kathah sanget kaprianggan ingkang benten-benten? Menawi sedayanipun minangka kempalanipun amperu, riyak lan hawa, lajeng kenging menapa piyambakipun sedaya mboten sami? Dados, piyambakipun sedaya mboten ngrembakakaken seserepan punika. Kenging menapa wonten kathah kamboten-samian? Satunggaling priyantun dipunlairaken minangka yutawan, sauntawis priyantun lintunipun malah dipunlairaken sakmekaten saengga piyambakipun malah mboten saged nedha kaping kalih sakdintenipun, senaos dene piyambakipun sampun ngiktiyaraken kanthi ngangsa sanget. Kenging menapa kawontenan ingkang benten-benten punika saged kelampahan? Kenging menapa satunggaling priyantun dipunpanggenaken wonten nglebet satunggaling kawontenan ingkang nguntungaken? Kenging menapa priyantun lintunipun mboten ngangsalaken kawontenan ingkang kados mekaten? Dados, wonten satunggaling hukum karma, ingkang ngengingi kaprianggan.

Dados, punika minangka satunggaling seserepan. Amargi menika Īśopaniṣad dhawuh bilih, anyad evāhur vidyayā anyad āhur avidyayā. Piyambakipun sedaya ingkang wonten ing saklebetipun kakirang-lantipan, piyambakipun sedaya ngrembakakaken satunggaling werni kamajengan seserepan ingkang benten, lan piyambakipun sedaya ingkang wonten ing saklebetipun seserepan ingkang sakleresipun, piyambakipun sedaya ugi ngrembakakaken perkawis punika kanthi cara ingkang benten malih. Mangsarakat umum, pyambakipun sedaya mboten ngremeni kridha kawula sedaya, kainsapan Kṛṣṇa. Piyambakipun sedaya ngraos keraman. Gargamuni paring pirsa dhateng kawula kala wingi dalu bilih para priyantun punika mundhut pirsa, "Saking pundi panjenengan ngangsalaken arta ingkang sakmekaten kathahipun? Panjenengan tumbas kathah montor lan wewangunan gereja ingkang ageng lan ngrimat seket dumugi suwidak priyantun saben dintenipun, nanging panjenengan panggah ngraos sekeca. Menapa punika sejatosipun?" (gumuyu) Dados piyambakipu sedaya ngraos keraman. Lan kawula sedaya ugi dados keraman, kenging menapa para bajingan menika nyambut damel sakmekaten awratipun namung kangge ngiseni madharanipun kemawon. Dados, Bhagavad-gītā dhawuh, yā niśā sarva-bhūtānāṁ tasyāṁ jāgrati saṁyamī. Kawula saweg mirsani bilih para priyantun punika sakleresipun saweg tilem, lan piyambakipun saweg mirsani bilih kawula sedaya saweg nyiya-nyiyakaken wekdalipun kawula sedaya. Punika minangka wawasan ingkang cengkah. Kenging menapa? Amargi dhedhasar pakaryan piyambakipun sedaya benten, lan dhedhasar pakaryan kawula sedaya ugi benten. Sakmenika, satunggaling priyantun ingkang lantip kedah namtokaken tumindakipun sinten ingkang leres.

Perkawis punika dipunrembag kanthi sae sanget wonten nglebet kasusastran Veda. Wonten ingkang lintu, ingkang meh sami kaliyan Īśopaniṣad punika, nunggali sanget, inggih menika Upaniṣad lintunipun, Garga Upaniṣad. Dados, punika minangka pangendikan antawis satunggaling garwa kakung sareng garwa estrinipun ingkang lantip sanget. Sang garwa kakung saweg mulang garwa estrinipun. Etad viditvā yaḥ prayāti sa eva brāhmaṇa gargi. Etad aviditvā yaḥ prayāti sa eva kṛpanā. Budaya seserepan ingkang sejati punika, satunggaling perkawis ingkang ... Saben priyantun dipunlairaken lan saben priyantun badhe pejah. Mboten wonten benten pamanggih menggah ing perkawis punika. Kawula sedaya badhe pejah lan piyambakipun sedaya ugi badhe pejah. Piyambakipun sedaya saged kemawon ngendikan, "Panjenengan sedaya saweg menggalih menggah ing kalairan, pejah, yuswa sepuh lan lelara. Dados menapa panjenengan sedaya ngersakaaken kangge ngendikan bilih amargi panjenengan sedaya saweg ngrembakakaken seserepan kainsapan Kṛṣṇa, mila panjenengan sedaya badhe dados mardhika saking kasekawan prinsip trajangan ngalam donya ingkang nggegirisi punika?" Mboten. Sanes punika kasunyatanipun. Kasunyatanipun inggih menika ingkang dipundhawuhaken dening Garga Upaniṣad bilih, etad viditvā yaḥ prayāti. Satunggaling priyantun ingkang ngendhegi salira punika saksampunipun mangertosi sinten sejatinipun piyambakipun, sa eva brāhmaṇa, mila piyambakipun minangka brāhmaṇa. Brāhmaṇa ... Panjenengan maringaken benang suci dhateng piyambakipun. Kenging menapa? Amargi panjenengan sampun ngiktiyaraken kange mangertosi menapa gaibipun gesang punika. Punika brāhmaṇa. Vijānataḥ. Kawula sedaya sampun maos wonten nglebet sloka punika, vijānataḥ. Satunggaling priyantun ingkang andheg saking salira punika saksampunipun mangertosi sedayanipun miturut sejatinipun, mila piyambakipun minangka brāhmaṇa.