JV/Prabhupada 0087 - Hukum Ngalam Donya Material

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


Sri Isopanisad Invocation Lecture -- Los Angeles, April 28, 1970

Inggih. Sedayanipun ingkang maujud wonten nglebet ngalam donya material punika, sedayanipun nggadhahi wekdal ingkang sampun dipuntamtokaken. Lan wonten nglebet wekdal ingkang sampun dipuntamtokaken punika wonten enem werni ewahan. Kaping setunggal inggih menika dipunlairaken, lajeng tuwuh, lajeng panggah awet, lajeng ngasilaken kasil sisihan, lajeng suda lan saksampunipun dados sirna. Punika minangka hukum ngalam donya material. Sekar punika maujud kados satunggaling tukhul, lajeng tuwuh, lajeng panggah awet sakdangunipun kalih utawi tigang dinten, lajeng pyambakipun ngasilaken winih ingkang minangka kasil sisihan, lajeng saya dangu saya nglaras lan saklajengipun pejah. (bisik-bisik) Mangga lenggah kados mekaten. Dados punika ingkang dipunwastani minangka ṣaḍ-vikāra, enem werni ewahan. Dados panjenengan mboten badhe saged ngendhegaken perkawis punika migunakaken ingkang namung wastanipun kemawon seserepan gadhahipun panjenengan. Mboten. Punika dipunwastani minangka avidyā. Para priyantun ngiktiyar kangge ngrahajengaken dhiri piyambakipun sedaya piayambak-piyambak, lan kadhang kawis ngendikan kanthi mboten lantip bilih jalma manungsa saged dados langgeng lumantar migunakaken seserepan. Para priyantun Russia ngendikan menggah ing perkawis punika. Dados punika minangka avidyā utawi kakirang-lantipan. Panjenengan mboten badhe saged ngendhegaken prosesipun hukum ngalam donya. Amargi menika wonten nglebet Bhagavad-gītā dipundhawuhaken bilih, daivī hy eṣā guṇamayī mama māyā duratyayā (BG 7.14). Prosesipun ngalam donya material, ingkang tumata adhedhasar tiga sipat - sattva-guṇa, rajo-guṇa, tamo-guṇa ... Tri-guṇa. Suraos lintunipun saking guṇa inggih menika tampar. Sami kados dene tampar, piyambakipun dipununtir wonten nglebet tigang proses. Kaping setunggalipun wonten tampar ingkang alit, lajeng dipundhut tigang tampar alit punika kangge dipununtir kanthi sesarengan. Lajeg dipundhut malih tigang tampar saking kasilipun proses untiran kaping setunggal wau lan tigang tampar punika dipununtir malih sesarengan, lajeng dipundhut malih tigang tampar saking kasilipun proses untiran ingkang kaping kalih wau, lajeng tigang tampar punika dipununtir sesarengan malih. Kasilipun proses punika inggih menika setunggal tampar ingkang kiyat sanget. Dados tigang sipat punika, sattva, raja, tamo-guṇa, sedayanipun dados dipuncampur Lajeng sedayanipun ngasilaken kasil sisihan malih, lajeng dipuncampur malih lan dipuncampur malih. Lumantar proses ingkang kados mekaten, sedayanipun dados dipununtir dumugi kaping wolungdasa setunggal. Mila guṇamayī māyā tansaya tambah lan tambah njiret panjenengan. Dados panjenengan mboten saged medal saking jiretan ngalam donya material punika. Jiretan. Amargi menika perkawis punika dipunwastani minangka apavarga. Proses saking kainsapan Kṛṣṇa dipuntujokaken kangge ngewah proses pavarga punika dados kothong.

Kala wingi kawula mratelakaken menapa ingkang dipunkersakaken minangka pavarga punika dhateng Gargamuni. Pavarga punika dipunkersakaken minangka tatanan saking aksara pa. Panjenengan mangertosi, piyambakipun sedaya ingkang sampun nyinau aksara devanāgarī. Wonten abjad devanāgarī, ka kha ga gha na ca cha ja jha na. Kanthi mekaten wonten gangsal set ing lebetipun setunggal larikan. Lajeng wonten set kaping gangsal, inggih menika pa pha ba bha ma. Dados pavarga punika suraosipun pa. Kawitanipun pa. Pa suraosipun parava, dipunkawonaken. Saben priyantun saweg ngiktiyar, saweg mbudidaya kangge panggah saged nglampahi gesang, nanging dipunkawonaken. Ingkang kawitan saking pavarga, pa suraosipun parava. Lajeng pha. Pha suraosipun medal muruhipun. Sami kados dene satunggaling turangga, nalikanipun turangga punika saweg makarya kanthi setuhu, mila panjenengan badhe manggihaken muruh ingkang medal saking muncungipun, sami kados dene kaliyan kawula sedaya, nalikanipun kawula sedaya saweg sayah sanget saksampunipun makarya kanthi setuhu, mila ilatipun dados garing lan muruhipun medal. Dados saben priyantun saweg makarya kanthi setuhu sanget kangge nglegekaken indriya-indriya, nanging dipunkawonaken. Pa, pha lan ba. Ba suraosipun jiretan. Dados kawitanipun minangka pa, kaping kalih pha, lajeng kaping tiga inggih menika ba utawi jiretan. Saksampunipun ba inggih menika bha. Bha suraosipun keprukan, utawi raos ajrih. Lan saklajengipun ma. Ma suraosipun mrtyu utawi pejah. Dados proses kainsapan Kṛṣṇa punika minangka apavarga. Apa. A suraosipun mboten wonten. Pavarga, punika minangka tetengeripun ngalam donya material. Lan nalikanipun panjenengan muwuhi tembung a, apavarga, mila suraosipun perkawis punika sampun dipundadoskaen kothong.