JV/Prabhupada 1058 - Ingkang Dhawuh Bhagavad-gītā Inggih Menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ingkang dhawuh Bhagavad-gītā inggih menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa. Panjenenganipun kasebat ing salebetipun saben kaca saking Bhagavad-gītā minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Bhagavān. Tamtu kemawon, sebatan "bhagavān" kala-kala katujoaken kangge para panguwaos utawi para dewa ingkang langkung kuwaos, nanging ing nginggil menika sebatan "bhagavān" tamtu kemawon katujoaken dhateng Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Kaprianggan Ingkang Maha Minulya, nanging ing wekdal ingkang sami kawula sedaya kedah mangertosi perkawis Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa menika, sami kaliyan perkawis Panjenenganipun ingkang sampun dipunandharaken dening para ācārya sedaya ... Ingkang kawula kajengaken kados dene para ācārya inggih menika Śaṅkarācārya, Rāmānujācārya, Madhvācārya, Nimbārka Svāmī lan Śrī Caitanya Mahāprabhu lan kathah ingkang sanesipun. Ing India kala rumiyen wonten kathah sanget sarjana lan ācārya, kajeng kawula, ingkang kagungan kuwaos perkawis seserepan Veda. Piyambakipun sedaya, kalebet Śaṅkarācārya, sampun nampi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran ugi sampun njumenengaken Panjenenganipun piyambak minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ing salebetipun Bhagavad-gītā. Panjenenganipun ugi dipuntampi kados mekaten ing salebetipun Brahmā-saṁhitā lan sedaya Purāṇa, utaminipun ing salebetipun Bhāgavata Purāṇa : kṛṣṇas tu bhagavān svayam (SB 1.3.28). Amargi menika kawula sedaya kedah nampi Bhagavad-gītā miturut aslinipun, kados dene ingkang sampun dipunandharaken dening Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Waseso piyambak.

Dados ing salebeting Parwa Kaping Papat saking Bhagavad-gītā, Gusti Pangeran dhawuh :

imaṁ vivasvate yogaṁ
proktavān aham avyayam
vivasvān manave prāha
manur ikṣvākave 'bravīt
(BG 4.1)
evaṁ paramparā-prāptam
imaṁ rājarṣayo viduḥ
sa kāleneha mahatā
yogo naṣṭaḥ parantapa
(BG 4.2)
sa evāyaṁ mayā te 'dya
yogaḥ proktaḥ purātanaḥ
bhakto 'si me sakhā ceti
rahasyaṁ hy etad uttamam
(BG 4.3)

Maknanipun inggih menika .... Gusti Pangeran dhawuh dhateng Arjuna bilih, "Yoga iki, tata cara yoga iki, Bhagavad-gītā, wis takwedharake dhewe kawitane menyang dewa surya lan dewa surya nerangke menyang Manu. Manu nerusake menyang Ikṣvāku, lan ngliwati ikhtiar iku, ngliwati garis paguron, saka siji wong menyang wong sabanjure, tata cara yoga iki didhuke, lan sawise sawetara wektu, tata cara ini saiki wis ilang. Amarga bab kuwi, Aku saiki nyabdake maneh tata cara yoga sing padha iki menyang sira, tata cara yoga Bhagavad-gītā sing padha iki lan sing wis tuwo temen iki, utawa sing dijenengke Gītopaniṣad. Amarga sira iku panyembahKu lan sira iku uga mitraKu, mula amung sira wae sing kirane bisa mangerteni."

Samenika, andharanipun inggih menika bilih Bhagavad-gītā minangka satunggaling kasusastran ingkang katujoaken dhateng para panyembah Gusti Pangeran. Wonten tiga golongan para tiyang ingkang madosi Gusti Pangeran, ingkang nglimputi para jñānī, yogī lan bhakta. Utawi ingkang dipunwastani minangka para impersonalis, para meditator lan para panyembah. Dados andharan menika sampun kawistara sanget. Gusti Pangeran dhawuh dhateng Arjuna bilih, "Aku ngalantarake marang sira utawa Aku ndadekake sira kawitan saka paramparā (garis paguron). Amarga paramparā utawa garis paguron sing lawas saiki wis pedhot, mulane Aku arep ngedegake paramparā sing liane maneh sing baku pemahamane padha karo sing wis didhunake saka dewa surya marang liyane. Dadi sira tampani banjur sira sebarake. Utawa toksebarake tata cara iki, tata cara yoga Bhagavad-gītā iki. Sira dadi sing nduweni kuwasa perkara Bhagavad-gītā." Dados menika wau pitedah bilih Bhagavad-gītā mligi dipunsabdaaken dhateng Arjuna, panyembah Gusti Pangeran, ingkang dados sisyanipun mligi saking Kṛṣṇa. Lan sanes menika kemawon, piyambakipun sesambetan raket sanget minangka mitranipun Kṛṣṇa. Amargi menika Bhagavad-gītā namung saget dipunmangertosi dening tiyang ingkang kagungan bebudhen ingkang sami kaliyan Kṛṣṇa. Dados piyambakipun kedah minangka satunggaling panyembah, lan piyambakipun kedah wonten ing salebetipun sambetan ingkang mligi kaliyan Gusti Pangeran.