JV/Prabhupada 1059 - Saben Tiyang Kagungan Satunggaling Sesambetan Mligi Kaliyan Gusti Pangeran

Revision as of 04:08, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sasampunipun satunggaling priyantun dados satunggaling panyembah Gusti Pangeran, piyambakipun kagungan sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran. Babagan punika minangka satunggaling sarining rembagan ingkang ngrembaka sanget, nanging ringkesipun saget dipunpratelaaken bilih satunggaling panyembah Gusti Pangeran wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar gangsal rupi kupiya. Satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang pasif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang aktif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados mitra, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados rama-ibu, lan satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados kang kinasih.

Dados Arjuna menika satunggaling panyembah ing salebetipun sesambetan kaliyan Gusti Pangeran minangka satunggaling mitra. Gusti Pangeran saget dados satunggaling mitra. Tamtu kemawon, ing antawisipun memitran ingkang kados mekaten kaliyan memitran ingkang dipungadhahi kawula sedaya ing ngalam donya ingkang mboten langgeng menika, wonten bentenipun ingkang ageng sanget. Menika satunggaling memitran rohani ingkang ... mboten saben tiyang saget nggadhahi sesambetan kados menika kaliyan Gusti Pangeran. Saben tiyang nggadhahi satunggaling sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran lan sesambetan mligi menika dipunwungoaken lumantar kasampurnan paladhosan bhakti. Ing salebetipun gesang kawula sedaya sapunika, kawula sedaya mboten kemawon sampun nyupekaken Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, nanging kawula sedaya ugi sampun nyupekaken sesambetan langgeng kawula sedaya kaliyan Gusti Pangeran. Saben sagung dumadi, saking mayuta-yuta dumadi, piyambakipun nggadhahi satunggaling sesambetan mligi ingkang langgeng piyambak-piyambak kaliyan Gusti Pangeran. Sesambetan mligi menika dipunwastani minangka svarūpa. Svarūpa. Lan lumantar proses paladhosan bhakti, piyambakipun saget nggesangaken malih svarūpanipun piyambak-piyambak. Lan tataran gegayuhan kados menika dipunsebat minangka svarūpa-siddhi, inggih menika kasampurnan saking kalenggahan dhasar piyambakipun. Dados Arjuna menika satunggaling panyembah, lan piyambakipun nyambet kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar kupiya memitran.

Sapunika, Bhagavad-gītā menika dipunandharaken dhateng Arjuna. Lajeng kados pundi Arjuna nampi andharan punika? Bab menika inggih ugi kedhah dipunserat. Kados pundi Arjuna nampi Bhagavad-gītā dipunsebat ing Parwa Kaping Sedasa. Inggih menika :

arjuna uvāca
paraṁ brahma paraṁ dhāma
pavitraṁ paramaṁ bhavān
puruṣaṁ śāśvataṁ divyam
ādi-devam ajaṁ vibhum
āhus tvām ṛṣayaḥ sarve
devarṣir nāradas tathā
asito devalo vyāsaḥ
svayaṁ caiva bravīṣi me
(BG 10.12-13)
sarvam etad ṛtaṁ manye
yan māṁ vadasi keśava
na hi te bhagavan vyaktiṁ
vidur devā na dānavāḥ.
(BG 10.14)

Sapunika Arjuna matur, sesampunipun mirengaken Bhagavad-gītā saking Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, piyambakipun nampi Kṛṣṇa minangka paraṁ brahma, Brahman Ingkang Utami. Brahman. Saben dumadi inggih menika Brahman, nanging dumadi ingkang utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa menika Brahman Ingkang Utami utawi dumadi ingkang utami. Ugi paraṁ dhāma. Paraṁ dhāma suraosipun bilih Panjenenganipun ingkang dados papan sendhean utami saking samukawis. Lajeng pavitram. Pavitram suraosipun bilih Panjenenganipun ingkang suci nirmala saking sedaya cemer. Lan Panjenenganipun ugi dipunwastani minangka puruṣam. Puruṣam suraosipun inggih menika Ingkang Ngrahapi Paling Utami, śāśvatam, śāśvata suraosipun ingkang dados kawitan. Panjenenganipun Kaprianggan Ingkang Dados Kawitan; divyam, rohani; devam, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa; ajam, mboten dipunlairaken; vibhum, ingkang dahat minulya.

Sapunika, mbok menawi wonten kemawon tiyang ingkang mangu-mangu bilih amargi Kṛṣṇa menika mitra Arjuna, mila mbok menawi piyambakipun badhe nyariosaken sedaya perkawis punika dhateng mitranipun. Nanging Arjuna, ing salebetipun budidaya kagem ngicalaken mangu-mangunipun saking pamikiran para pamaos Bhagavad-gītā, mila piyambakipun ndamel rumusan lumantar para ācārya ingkang kagungan kawisesan. Arjuna matur bilih Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa sanes kaliyan piyambakipun, Arjuna, kemawon, nanging Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi kados mekaten inggih ugi kaliyan para kaprianggan ingkang kagungan kawisesan kados Nārada, Asita, Devala, Vyāsa. Para kaprianggan punika minangka para kaprianggan utami ingkang nyebaraken seserepan Veda. Piyambakipun sedaya dipuntampi kaliyan sedaya ācārya. Amargi menika Arjuna matur bilih, "Menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken dhateng kawula, kawula nampi sedaya menika minangka satunggaling kasampurnan ingkang wetah."