JV/Prabhupada 1063 - Nyuwun Punparingaken Dhateng Kawula Sedaya Kabebasan Saking Tandang Lan Tumanggapipun Sedaya Kridha



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sami kados dene, ing salebetipun gesang sapunika kawula sedaya ngrahapi kasilipun kridha kawula sedaya. Umpaminipun kawula minangka satunggaling saudagar ingkang sampun makarya kanthi sengkud lan lantip sanget, lan kawula sampun ngempalaken arta ingkang cacahipun kathah sanget. Mila sapunika kawula satunggaling tiyang ingkang saweg ngrahapi. Sami kados dene, umpaminipun kawula ngawiti pamarsudi kanthi bandha pawitan ingkang kathah sanget, nanging pamarsudi kawulo menika mboten kasil. Kawula dados kecalan sedaya bandha wau, lan kawula sapunika dados satunggaling tiyang ingkang nandang sengsara. Mila sami kados denen, ing saben bageyan saking gesang kawula sedaya, kawula sedaya ngrahapi kasil saking pakaryanipun. Punika ingkang dipunwastani minangka karma.

Dados sedaya punika, īśvara, jīva, prakṛti, utawi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, utawi sagung dumadi, ngalam donya material, kala ingkang langgeng lan samukawis kridhanipun ingkang maneka warni, sedaya punika dipunandharaken ing selebetipun Bhagavad-gītā. Sapunika, saking gangsal babagan punika, Gusti Pangeran, sagung dumadi, ngalam donya material lan kala, sekawan babagan punika sedayanipun nggadhahi sipat ingkang langgeng. Sapunika menggah ing wewujudan, wewujudan saking prakṛti saget ugi nanging sauntawis sipatipun, nanging wewujudan punika sanes wewujudan ingkang lancung. Para filsuf ngaturaken bilih wewujudan ngalam donya material menika lancung, nanging miturut filsafat saking Bhagavad-gītā utawi miturut filsafatipun para Vaiṣṇava, sedayanipun mboten nayogyani dhateng pratelan punika bilih wewujudan jagad raya menika lancung. Sedayanipun nayogyani bilih wewujudan menika inggih wonten saestu, nanging sipatipun sauntawis kemawon. Punika sami kados dene mega ingkang wonten ing antariksa nalikanipun mangsa rendheng dipunwiwiti. lan ing mangsa rendheng wonten kathah sanget tetuwuhan enggal warni ijem ingkang tuwuh ing sedaya lumahing bumi, kawula sedaya saget mirsani menika. Lan satelasipun mangsa rendheng, mila mega punika ugi ical. Limrahipun, sedaya tetuwuhan menika badhe dados garing lan bumi bribah maleh dados cengkar. Sami kados dene, wewujudan material punika kedadosan ing lebetipun satunggaling wekdal ingkang tertamtu. Kawula sedaya badhe mengertosi lumantar kaca-kaca saking Bhagavad-gītā. Bhūtvā bhūtvā pralīyate (BG 8.19). Wewujudan menika dados ngedap-edapi sanget ing salebetipun wekdal ingkang tertamtu, lajeng piyambakipun ical malih. Lan menika pakaryanipun prakṛti. Nanging kawontenan wau kekal sipatipun, amargi menika prakṛti punika inggih langgeng sipatipun. Menika sanes satunggaling perkawis ingkang lancung, amargi Gusti Pangeran sampun nayogyani bilih, mama prakṛti, "prakṛtiKu." Apareyam itas tu viddhi me prakṛtiṁ parām (BG 7.5). Bhinnā prakṛti, bhinnā prakṛti, aparā prakṛti. Ngalam donya material punika minangka energi ingkang uwal saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, lan sagung dumadi ugi minangka energi saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Murbeng Wasesa, nanging sedayanipun mboten kauwalaken saking Panjenenganipun. Sedayanipun tansah sesambetan langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Dados Gusti Pangeran, sagung dumadi, ngalam donya material lan kala, sedayanipun langgeng sipatipun. Nanging setunggal perkawis sanesipun, inggih menika karma, menika mboten langgeng sipatipun. Kasilipun karma utawi kridha punika menawi kemawon sampun dangu sanget kedadosanipun. Kawula sedaya saweg nandang sengsara utawi ngrahapi kasiling kridhanipun wiwit rumiyin, seanos mekaten kawula sedaya saget ngribah kasilipun karma utawi kridhanipun. Perkawis punika badhe gumantung dhateng kasampurnanipun seserepan kawula sedaya. Mboten mangu-mangu malih, kawula sedaya saweg ewed ing salebetipun kridha ingkang maneka warni, nanging kawula sedaya mboten mangertosi kridha menapa ingkang kedah kawula sedaya tindakaken, punika ingkang badhe maringaken kabebasan kangge kawula sedaya dhateng tandang lan tumanggap saking sedaya kridhanipun. Perkawis punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.

Sapunika, kalenggahan saking Īśvara inggih menika minangka kainsapan ingkang utami. Kalenggahan saking Īśvara utawi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa inggih menika minangka kainsapan ingkang utami. Lan para jīva utawi sagung dumadi, amargi piyambakipun sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila sedayanipun nggadhahi kainsapan. Satunggaling dumadi ugi nggadhahi kainsapan. Sagung dumadi dipunandharaken minangka prakṛti utawi energi, lan ngalam donya material ugi dipunandharaken minangka prakṛti, nanging antawis kekalihipun, salah setunggaling prakṛti wau ingkang kasebat minangka para jīva, piyambakipun nggadhahi kainsapan. Sauntawis prakṛti ingkang sanesipun mboten nggadhahi kainsapan. Punika bentenipun. Amargi menika jīva prakṛti dipunwastani minangka ingkang langkung inggil amargi piyambakipun nggadhahi kainsapan ingkang sarupi kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran inggih menika minangka kainsapan ingkang utami. Satunggaling priyantun kedahipun mboten mrayogaaken bilih satunggaling jīva utawi dumadi ugi nggadhahi kainsapan ingkang utami. Mboten mekaten. Satunggaling dumadi mboten saget nggadhahi kainsapan utami ing salebetipun tataran saking kasampurnaanipun. Pratelan punika minangka teori ingkang mblasukaken. Pratelan kados mekaten inggih minangka teori ingkang mbingungaken. Sayekti piyambakipun nggadhahi kainsapan. Mekaten kemawon. Nanging piyambakipun mboten nggadhahi kainsapan ingkang utami.