JV/Prabhupada 1065 - Ing Wiwitanipun Satunggaling Priyantun Kedah Marsudi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sapunika, nalikanipun kawula sedaya sampun cemer sanget kados dene material, mila punika dipunwastani minangka kalenggahanipun ingkang kasindhet. Kalenggahan ingkang kasindhet. Lan ahamkara ingkang lancung, kainsapan ingkang lancung ... Kainsapan ingkang lancung dipunwedalaken ing andhapipun satunggaling citra bilih, "Kawula minangka salah satunggaling kasilipun ngalam donya material." Punika ingkang dipunwastani minangka ahamkara ingkang lancung. Samukawis kridha material, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke (SB 10.84.13). Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke, satunggaling priyantun ingkang khusuk ing salebetipun panggalih ingkang dipunbakuaken dhateng konsep salira material. Sapunika, samukawis Bhagavad-gītā dipunandharaken dening Gusti Pangeran amargi Arjuna ngetingalaken piyambakipun lumantar konsep salira material punika. Dados satunggaling priyantun kedah marsudi kangge kabebasanipun saking konsep gesang ingkang dipunbakuaken dhateng salira material punika. Punika minangka kridha wiwitan kangge satunggaling pangudi kaluhuran ingkang ngersaaken bebas, ingkang ngersaaken kamardikan. Lan ingkang kaping sepindhah piyambakipun kedah sinau bilih piyambakipun sanes salira material punika.

Dados kainsapan punika, utawi kainsapan material .... nalikanipun kawula sedaya sampun bebas saking kainsapan material, mila punika ingkang dipunwastani minangka mukti. Mukti utawi kabebasan suraosipun dados mardika saking kainsapan material. Ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavata, suraos saking kabebasan ugi dipunandharaken minangka, muktir hitvānyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ (SB 2.10.6). Svarūpeṇa vyavasthitiḥ. Mukti suraosipun kabebasan saking kainsapan ingkang cemer ing ngalam donya material punika, lan dados mlebet wonten ing kainsapan ingkang murni. Lan sedaya pitedah, utawi tuntunan saking Bhagavad-gītā katujoaken dhateng bangkitipun kainsapan ingkang murni punika. Kawula sedaya badhe manggihaken ing parwa ingkang pungkasan saking pitedah ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih Kṛṣṇa saweg ndangu Arjuna menawi piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Menapa piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan murni suraosipun nglampahaken kridha sami kados dene pitedah saking Gusti Pangeran. Punika ingkang dipunwastani minangka kainsapan murni. Punika samukawis isi lan sarinipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan punika sampun wonten ing rika, nanging amargi kawula sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken, mila kawula sedaya dados kaperbawan. Wonten satunggaling prabawa ingkang ndadosaken kawula sedaya kaperbawan dening sipat-sipat ngalam donya material. Nanging Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun Murbeng Wasesa, mila Panjenenganipun mboten nate kaperbawan. Punika bentenipun antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kaliyan ....

Sapunika, menggah ing kainsapan punika .... Menapa kainsapan punika? Kainsapan punika inggih menika "Kawula." Sinten sejatosipun kawula punika? Nalikanipun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang cemer, mila "Kawula" punika suraosipun minangka "Kawula ingkang dados bendara saking samukawis ingkang kawula lampahi." Punika ingkang dipunwastani kainsapsan ingkang mboten murni. Lan menika suraosipun "Kawula ingkang ngrahapi." Saindhenging ngalam donya material punika saweg polah lan sagung dumadi saweg menggalih bilih, "Kawula punika ingkang nguwaosi lan kawula punika ingkang ngeriptaaken ngalam donya material punika" Kainsapan punika nggadhahi kalih warni golongan pakempalan psikologis utawi kalih pambageyan psikologis. Ingkang kaping setunggal inggih menika, "Kawula ingkang ngeriptaaken," lan sanesipun inggih menika, "Kawula ingkang ngrahapi." Dados sejatosipun namung Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kemawon ingkang minangka Ingkang Ngeripta lan namung Panjenenganipun kemawon ingkang sejatosipun dados Ingkang Ngrahapi. Lan sagung dumadi, amargi sedayanipun punika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila sejatosipun piyambakipun sedaya sanes ingkang ngeripta utawi ingkang ngrahapi, nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang ngasto damel sesarengan.

Sami kados dene kawontenan ing salebetipun mesin ingkang komplit. Bageyan saking mesin inggih menika suku cadang, lan suku cadang punika minangka bageyanipun mesin ingkang ngasto damel sesarengan ing lebetipun mesin punika. Utawi kawula sedaya inggih saget nyinau tatanan ingkang wonten ing salira kawula sedaya. Sapunika, ing salira wonten asta, sampeyan lan wonten ugi netra, lan sedaya bageyan salira punika ngasto damel sesarengan, nanging sedayanipun minangka bageyan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking salira. Sedayanipun sanes ingkang ngrahapi, nanging padharan punika ingkang dipunwastani minangka ingkang ngrahapi. Sampeyan saweg ebah kangge pindhah saking setunggal panggenan datheng panggenan sanesipun. Asta saweg ngempalaken, asta ugi saweg nyamektaaken dhaharan, lan waja saweg ngemah. Inggih mekaten samukawis bageyan saking salira, sedayanipun saweg ewed kangge maremaken padharan amargi padharan minangka kayektosan utami ing salebetipun tatanan salira. Lan samukawis kedah kaparingaken dhateng padharan. Prāṇopahārāc ca yathendriyāṇām (SB 4.31.14). Sami kados dene nalikanipun panjenengan mirsani tetuwuhan ingkang dados ngerembuyung amargi dipunsirami toya ing uwodipun. Utawi panjenengan dados dhangan .... Bageyanipun salira --- asta, sampeyan, netra, talingan, jariji --- sedayanipun dados tansah dhangan nalikanipun sedayanipun ngasto damel sesarengan kaliyan padharan. Sami kados dene, dumadi ingkang utami utawi Gusti Pangeran, Panjenenganipun inggih menika Ingkang Ngrahapi. Panjenenganipun minangka Ingkang Ngrahapi lan Ingkang Ngeripta. Lan kawula sedaya, ingkang kawula kajengaken, sagung dumadi andhahan, ingkang minangka kasil saking energinipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, kawula sedaya namung kedah ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun. Asto damel sesarengan ingkang kados mekaten punika badhe mbiyantu sanget. Umpaminipun, satunggaling dhaharan ingkang eco sanget dipunpendhet dening jariji. Menawi jariji menggalih bilih, "Kenging menapa kawula kedah maringaken dhaharan punika dhateng padharan? Langkung sae bilih kawula rahapi piyambak." Mila punika klentu. Amargi jariji mboten saget ngrahapi. Menawi jariji kepingin ngrahapi dhaharan punika, mila piyambakipun kedah ngelebetaken dhaharan punika dhateng salebetipun padharan.