JV/Prabhupada 1066 - Para Priyantun Ingkang Kirang Lantip, Sedayanipun Mastani Kaluhuran Ingkang Utami Minangka Ingkang Mboten Kagungan Kaprianggan

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados sedaya tatanan ngatonaken dhapukan utami, dhapukan utami saking pangriptan, ing pundi ingkang minangka dhapukan utami inggih menika Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, lan sagung dumadi, sedayanipun namung minangka ingkang ngasto damel sesarengan. Lumantar asto damel sesarengan punika, sedayanipun ugi ngrahapi. Sesambetan ingkang wonten punika jumbuh kaliyan sesambetan antawis bendara lan abdi sewaka. Menawi bendara ngraosaken kalegan, menawi piyambakipun ngraosaken kalegan sanget, mila para abdi sewaka ugi dados tumut ngraosaken kalegan. Kados mekaten tatananipun. Sami kados dene, Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kedahipun dipunmaremaken, dipunlegakaken, sanaos pepinginan kangge dados ingkang ngeripta lan pepinginan kangge dados ingkang ngrahapi ngalam donya material punika wonten ... Sedaya pepinginan punika ugi wonten ing sagung dumadi amargi sedaya pepinginan punika ugi wonten ing Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Panjenenganipun sampun ngeriptaaken lan ngawujudaken ngalam donya kosmik punika.

Amargi menika kawula sedaya badhe manggihaken ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih sedayanipun ingkang jangkep punika nglimputi Pangendhali Utami, sagung dumadi ingkang dipunkendhalekaken, wewujudan ngalam donya kosmik, kala ingkang langgeng kaliyan kridha-kridha, sedayanipun dipunandharaken kanthi jangkep. Dados sedayanipun ingkang wonten sesarengan kanthi jangkep punika dipunwastani minangka Kaluhuran Paripurna. Sedayanipun ingkang jangkep punika utawi Kaluhuran Paripurna Ingkang Utami punika kanthi mekaten inggih menika Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Śrī Kṛṣṇa. Kados dene sampun kawula pratelaaken, bilih pangriptan punika dipuntindakaken lumantar maneka warni energi-energi Panjenenganipun, lan Panjenenganipun minangka Sedayanipun Ingkang Jangkep.

Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika ugi lenggah wonten ing andhapipun Kaprianggan Ingkang Jangkep. Brahmaṇo 'haṁ pratiṣṭhā (BG 14.27). Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika ... Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika ugi dipunandharaken kanthi kawistara ing salebetipun Brahma-sūtra minangka teja. Sami kados dene tejanipun surya ingkang sangkanipun saking surya, utawi planet surya, mila sami kados dene, Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan minangka teja ingkang gilang-gumilang saking Brahman Ingkang Utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Amargi menika Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika minangka kainsapan ingkang mboten jangkep saking Sedayanipun Ingkang Paripurna, lan mekaten ugi konsepipun menggah ing Paramātmā. Sedaya perkawis punika ugi dipunandharaken. Puruṣottama-yoga. Nalikanipun mangke kawula sedaya maos parwa ingkang ngandharaken perkawis Puruṣottama-yoga, mila mangke badhe ketingal bilih Kaprianggan Ingkang Utami, Puruṣottama, lenggah wonten ing inggilipun Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan lan minangka sabageyan kainsapan saking Paramātmā.

Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa dipunwastani minangka sac-cid-ānanda-vigrahaḥ (BS 5.1). Ing salebetipun Brahma-saṁhitā, wiwitanipun dipunwiwiti kados mekaten : "īśvaraḥ paramaḥ kṛṣṇaḥ sac-cid-ānanda-vigrahaḥ/ anādir ādir govindaḥ sarva-kāraṇa-kāraṇam (BS 5.1)." "Govinda, Kṛṣṇa punika minangka karana saking sarwa karana. Panjenenganipun inggih menika Gusti Pangeran Ingkang Utami." Dados Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kagungan sipat minangka sac-cid-ānanda-vigrahaḥ. Kainsapan dhateng Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika minangka kainsapan dhateng bageyan sat, bageyan kalanggengan saking Panjenenganipun. Lan kainsapan dhateng Paramātmā minangka kainsapan dhateng sat-cit, kainsapan dhateng bageyan kalanggengan lan kailmuan. Nanging kainsapan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa utawi Kṛṣṇa minangka kainsapan dhateng sedaya sipat-sipat rohani kados sat, cit lan ānanda, ing salebetipun wujud ingkang jangkep. Vigraha suraosipun wujud. Avyaktaṁ vyaktim āpannaṁ manyante mām abuddhayaḥ (BG 7.24). Para priyantun ingkang kirang lantip, piyambakipun mastani Kaluhuran Ingkang Utami minangka ingkang mboten kagungan kaprianggan, nanging sejatosipun Panjenenganipun minangka satunggaling priangga, priangga ingkang rohani sipatipun. Punika dipratelaaken ing salebetipun samukawis kasusastran Veda. Nityo nityānāṁ cetanaś cetanānām (Kaṭha Upaniṣad 2.2.13). Dados, sami kados dene kawula sedaya ingkang minangka priangga, sagung dumadi ingkang sipatipun individual, mila kawula sedaya minangka priangga-priangga ingkang nggadhahi individualitas piyambak-piyambak, amargi kawula sedaya punika individual sipatipun, sami kados dene, Kaluhuran Ingkang Utami, Kaparipurnan Ingkang Utami punika ugi satunggaling priangga. Nanging kainsapan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa punika minangka kainsapan dhateng sedaya sipat-sipat rohani kados sat, cit, lan ānanda ing salebetipun wujud Panjenenganipun ingkang jangkep. Vigraha suraosipun wujud. Amargi menika Sedayanipun Ingkang Jangkep punika sanes mboten ngawujud. Menawi Panjenenganipun mboten ngawujud utawi Panjenenganipun mboten jangkep ing setunggal perkawis menapa kemawon, mila Panjenenganipun mboten saget dados Sedayanipun Ingkang Jangkep. Sedayanipun Ingkang Jangkep kedah kagungan samukawis ing salebetipun menapa kemawon ingkang kawula sedaya lampahi lan kedah nglangkungi samukawis lelampahan kawula sedaya Menawi mboten mekaten, mila Panjenenganipun sanes Sedayanipun Ingkang Jangkep.

Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Jangkep Sedayanipun kagungan daya kakiyatan ingkang ageng sanget. Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate (CC Madhya 13.65, purport). Punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, menggah ing kados pundi tumindakipun lumantar maneka warni daya kakiyatanipun. Ngalam donya material ingkang ngedap-edapi punika, ingkang pundi kawula sedaya sapunika saweg dipunpapanaken, ugi jangkep piyambak amargi pūrṇam idam (Śrī Īśopaniṣad, Invocation). 24 unsur miturut filsafat Sāṅkhya, 24 unsur saking pundi ngalam donya material punika minangka wewujudan ingkang sauntawis sipatipun, kanthi jangkep dipunjumbuhaken kangge ngasilaken samukawis ingkang jangkep, ingkang dipunbetahaken kangge ngupakara lan kasinambungan gesangipun jagad raya punika. Mboten dipunbetahaken kupiya-kupiya tambahan saking bageyan sanesipun ingkang dipunbetahaken kangge ngupakara jagad raya. Samukawis mlampah wonten ing wekdalipun piyambak-piyambak, kanthi dipuntamtoaken dening energi ingkang sangkanipun saking Sedayanipun Ingkang Jangkep, lan nalika wekdalipun sampun jangkep, wewujudan-wewujudan sauntawis punika badhe dipunlebur dening pranatan ingkang jangkep saking Ingkang Jangkep.