JV/Prabhupada 1069 - Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Amargi punika, sanātana-dharma, kados dene sampun dipunandharaken ing nginggil bilih Gusti Pangeran punika asipat sanātana, lan panggenan rohani ingkang wonten ing antariksa rohani punika ugi asipat sanātana. Lajeng sagung dumadi, piyambakipun sedaya ugi asipat sanātana. Mila sesambetan antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang asipat sanātana kaliyan sagung dumadi ingkang ugi asipat sanātana ing panggenan ingkang asipat sanātana ugi minangka pungkasanipun gesang ing salebetipun salira para jalmi. Gusti Pangeran punika sae sanget dhateng sagung dumadi. amargi sagung dumadi dipunpratelaaken minangka para puteranipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran mratelaaken bilih : sarva-yoniṣu kaunteya sambhavanti mūrtayo yāḥ (BG 14.4). Sedaya ingkang gesang, sedaya golongan sagung dumadi .... Wonten maneka warni sagung dumadi sami kaliyan karmanipun ingkang benten-benten, nanging Gusti Pangeran mratelaaken bilih Panjenenganipun minangka ramanipun sedaya sagung dumadi, lan kanthi mekaten Panjenenganipun tedhak dhateng ngalam donya material kangge mendhet wangsul sedaya atma-atma kasindhet ingkang kesupen punika, kangge wangsul dhateng sanātana-dhāma, dhateng antariksa ingkang asipat sanātana, saengga sagung dumadi ingkang asipat sanātana saget ngewangsulaken kalenggahanipun ing salebetipun sesambetan ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran rawuh piyambak lumantar maneka warni inkarnasinipun. Panjenenganipun ngintunaken abdi sewaka kapitayanipun minangka puteranipun utawi para mitranipun lan minangka para ācārya, kangge mendhet wangsul sedaya para atma ingkang kasindhet punika.

Lan kanthi mekaten sanātana-dharma sanes minangka salah satunggaling proses agami ingkang asipat sektarian. Punika minangka hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng ing salebetipun sesambetan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang langgeng. Dados, menawi kawula sedaya ngalelimbang menggah ing sanātana-dharma, mila suraosipun inggih menika hakekat ingkang langgeng. Śrīpāda Rāmānujācārya sampun ngandharaken tembung sanātana minangka : "Setunggaling wujud ingkang mboten kawiwitan lan ingkang mboten wonten pungkasanipun." Lan nalikanipun kawula sedaya ngrembag sanātana-dharma, mila kawula sedaya kedah nampi kanthi sakwetahipun kawisesanipun Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten mboten kawiwitan lan ingkang mboten wonten pungkasanipun. Tembung agami radhi benten kaliyan tembung sanātana-dharma. Agami nglantaraken pangudaraos menggah ing kayakinan. Kayakinan saget ewah. Satunggaling priyantun saget nggadhahi kayakinan ing salebetipun satunggaling proses agami tartamtu, lan piyambakipun mbok menawi badhe ngrebah kayakinan punika sasampunipun kangge nampi kayakinan sanesipun. Nanging sanātana-dharma suraosipun satunggaling wujud ingkang mboten saget dipunrebah, satunggaling wujud ingkang mboten saget dipunrebah. Sami kados dene toya ingkang asipat encer. Sipat encer mboten saget dipunrebah saking toya. Benter lan latu. Sipat benter mboten saget dipunrebah saking latu. Sami kados dene, hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, ugi mboten saget dipunrebah. Mestail kangge ngrebah sanātana-dharma. Kawula sedaya kedah manggihaken menapa ingkang minangka hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng. Amargi menika nalikanipun kawula sedaya ngrembag menggah ing sanātana-dharma, kawula sedaya kedah nampi kanthi sakwetahipun kawisesanipun Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kawiwitan lan mboten wonten pungkasanipun.

Satunggaling wujud ingkang mboten kawiwitan lan mboten wonten pungkasanipun tamtu kemawon mboten asipat sektarian utawi asipat ingkang namung kasingget ing salebetipun satunggaling singgetan kemawon. Nalikanipun kawula ngawontenaken pasamuwan menggah ing sanātana-dharma, para priyantun ingkang nganut kayakinan-kayakinan agami ingkang mboten asipat langgeng mbok menawi sampun kanthi klentu nyuraosaken sanātana-dharma, bilih kawula saweg numindaaken satunggaling perkawis ingkang asipat sektarian. Nanging menawi kawula sedaya marsudi langkung lebet malih lan nampi sedayanipun ing salebetipun terangipun teja seserepan modern, kawula sedaya badhe saget mirsani sanātana-dharma minangka satunggaling padamelan saking sedaya para jalmi ing saindhenging ngalam donya, oh, sanes ... sedaya sagung dumadi ing jagad raya punika. Kayakinan agami ingkang mboten asipat sanātana saget ugi kagungan wiwitan-wiwitan ing salebetipun sejarah masarakat para jalmi, nanging mboten nate wonten sejarahipun sanātana-dharma, amargi sanātana-dharma sadangunipun tansah wonten ing salebetipun sejarahipun sagung dumadi. Menawi kawula sedaya ngrembag menggah ing sagung dumadi, mila saking kasusastran ingkang kagungan kawisesan, kawula sedaya saget manggihaken bilih sagung dumadi ugi mboten dipunlairaken utawi pejah. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, perkawis punika dipratelaaken kanthi kawistara sanget bilih sagung dumadi mboten nate dipunlairaken, lan piyambakipun ugi mboten nate badhe pejah. Piyambakipun langgeng, mboten saget dipunlebur, lan piyambakipun panggah gesang sasampunipun salira materialipun ingkang asipat sauntawis dipunlebur.