JV/Prabhupada 1073 - Sampun Dangu Sanget Kawula Sedaya Mboten Ngendhegaken Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material

Revision as of 04:10, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā, sampun dipuncaosaken citra sejatosipun ngalam donya material punika. Dipunandharaken ing mrika bilih :

ūrdhva-mūlam adhaḥ-śākham
aśvatthaṁ prāhur avyayam
chandāṁsi yasya parṇāni
yas taṁ veda sa veda-vit
(BG 15.1)

Sapunika, ngalam donya material punika dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā minangka satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil, ūrdhva-mūlam. Menapa panjenengan sedaya sampun nate mirsani satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil? Kawula sedaya nate mirsani wreksa ingkang kados mekaten, ingkang oyodipun tuwuh manginggil, lumantar bendalan. Menawi kawula sedaya madeg ing pinggiripun satunggaling lepen utawi telaga, kawula sedaya saget mirsani bilih wreksa-wreksa ingkang wonten ing pinggiripun lepen utawi telaga punika dipunbendalaken ing nginggil lumahipun toya minangka wreksa-wreksa ingkang witipun tuwuh mangandhap lan oyodipun tuwuh manginggil. Dados ngalam donya material punika sayektosipun minangka satunggaling bendalan saking ngalam donya rohani. Sami kados dene bendalanipun wreksa ing pinggiripun telaga ingkang ketingalipun kados sungsang, sami kados dene, ngalam donya material punika, piyambakipun dipunwastani minangka bayangan. Bayangan. Lan ing salebetipun satunggaling bayangan mboten nate saget wonten kasunyatan, nanging sanalikanipun, saking bayangan punika kawula sedaya saget mangertosi bilih wonten satunggaling kasunyatan. Satunggaling tuladha saking bayangan, upaminipun bayanganipun toya ing satunggaling segara wedhi, ingkang nuwuhaken citra bilih ing segara wedhi ingkang mboten wonten toya, pindha wonten toya ing mrika. Sami kados dene, ing salebetipun bendalanipun ngalam donya rohani, utawi ing salebetipun ngalam donya material punika, sampun mboten dipunmangu-manguaken malih, mboten wonten karaharjan, mboten wonten toya. Nanging toya ingkang sejati, utawi karaharjan ingkang sejati, wonten ing salebetipun ngalam donya rohani. Gusti Pangeran maringaken pitedah bilih satunggaling priyantun kedah nggayuh ngalam donya rohani punika lumantar nindakaken tata krama ingkang kados mekaten, nirmāna-mohā.

nirmāna-mohā jita-saṅga-doṣā
adhyātma-nityā vinivṛtta-kāmāḥ
dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair
gacchanty amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat
(BG 15.5)

Padam avyayam punika, karatyan ingkang lestari punika saget dipungayuh dening satunggaling priyantun ingkang nirmāna-mohā. Nirmāna-mohā. Nirmāna suraosipun kawula sedaya saweg nglayokaken jejuluk-jejuluk. Kawula sedanten ngersaaken jejuluk-jejuluk punika kanthi klintu. Wonten tiyang ingkang ngersaaken dados bendara, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados panguwaos, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados presiden utawi wonten tiyang ingkang ngersaaken dados satunggaling artawan lan wonten tiyang ingkang ngersaaken dados ingkang sanesipun malih, dados ratu. Sedaya jejuluk punika, sampun dangu sanget kawula sedaya kasindet dhateng sedaya jejuluk punika ... Amargi sedaya jejuluk punika adhedasar dhateng salira, wondening kawula sedaya sanes salira punika. Punika minangka konsep kaping setunggal saking kainsapan rohani. Dados satunggaling priyantun kedah mboten nggadhahi raos kesengsem dhateng jejuluk-jejuluk. Lan jita-saṅga-doṣā, saṅga-doṣā. Sapunika kawula sedaya saweg wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan tigang werni sipat-sipat ngalam, lan menawi kawula sedaya saget uwal saking sesambetan punika lumantar paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran .... Sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngraos kesengsem dhateng paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran saengga kawula sedaya mboten saget uwal saking tigang werni sipat-sipat ngalam punika. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh, vinivṛtta-kāmāḥ, jejuluk-jejuluk utawi sindhetan-sindhetan punika miyos amargi wontenipun napsu kawula sedaya, amargi wontenipun pepinginanipun. Kawula sedaya ngersaaken nguwaosi ngalam donya material. Dados, sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngendhegaken pepinginan kangge nguwaosi ngalam material, mila dumugi sapunika ugi mboten wonten antawisipun kangge wangsul malih dhateng karatyan Gusti Pangeran, sanātana-dhāma. Dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair gacchanty amūḍhāḥ, amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat (BG 15.5). Karatyan ingkang lestari punika, ingkang mboten nate dipunleburaken kados ngalam donya material punika, saget dipungayuh dening amūḍhāḥ. Amūḍhāḥ suraosipun ingkang mboten dipunjudhegaken, satunggaling priyantun ingkang mboten dipunjudhegaken dening kanikmatan ingkang lancung. Lan satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mila piyambakipun minangka tiyang ingkang cecek kangge nggayuh karatyan ingkang lestari punika. Lan karatyan ingkang lestari punika mboten mbetahaken surya, candra utawi listrik. Kados mekaten sagebyaran citra anggenipun nggayuh karatyan ingkang lestari.