JV/Prabhupada 1074 - Sedaya Kasangsaran Ingkang Dipunlampahi Ing Ngalam Donya Material Punika Dipunsababaken Dening Salira Punika



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ing bageyan sanesipun saking Bhagavad-gītā ugi dipunandharaken bilih :

avyakto 'kṣara ity uktas
tam āhuḥ paramāṁ gatim
yaṁ prāpya na nivartante
tad dhāma paramaṁ mama
(BG 8.21)

Avyakta suraosipun ingkang mboten ketingal. Malah ugi wonten kathah sanget bageyanipun ngalam donya material punika ingkang mboten ketingal dening kawula sedaya. Indriya-indriya kawula sedaya punika sakmekaten mboten sampurnanipun saengga kawula sedaya mboten saget mirsani pinten kathahipun kartika ingkang wonten ing antariksa, pinten kathahipun planet ingkang wonten ing jagad raya material punika. Tamtu kemawon, lumantar kasusastran Veda, kawula sedaya saget ngangsalaken pawartos menggah ing sedaya planet. Kawula sedaya pareng yakin lan pareng ugi mboten yakin, nanging sedaya planet ingkang paling wigatos lan kagungan sesambetan kaliyan kawula sedaya, sedayanipun dipunandharaken ing salebetipun kasusastran Veda, mliginipun ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam. Nanging ing ngalam donya rohani, ingkang ngelangkungi antariksa material punika : paras tasmāt tu bhāvo 'nyo (BG 8.20), nanging avyakta ingkang wau, antariksa rohani ingkang mboten ketingal punika, inggih menika paramāṁ gatim, ingkang suraosipun inggih menika bilih satunggaling priyantun kedahipun tansah ngersaaken lan tansah nggadhahi raos kesengsem kangge nggayuh karatyan ingkang lestari punika. Lan menawi piyambakipun sampun angsal damel nyelaki karatyan ingkang lestari punika : yaṁ prāpya, priyantun ingkang sampun nyelaki utawi ingkang sampun angsal damel nggayuhi karatyan ingkang lestari punika, mila : na nivartante, piyambakipun mboten kedah wangsul malih dhateng ngalam donya material punika. Lan panggenan ingkang dados panggenan langgengipun Gusti Pangeran, ingkang saking pundi kawula sedaya mboten badhe wangsul malih, punika ingkang sayektosipun gadhahipun kawula sedaya .... ingkang kedahipun dados gadhahipun kawula sedaya ... (sepi). Sapunika, setunggal pamundhutan pirsa saget tuwuh, anggenipun ingkang kados pundi ingkang saget dipunagem kangge nyelaki panggenan langgengipun Gusti Pangeran punika? Punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.¼ Punika ugi dipratelaaken ing salebetipun Parwa Kaping Astha, Sloka 5, 6, 7, 8, inggih menika proses kangge nyelaki Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa utawi panggenanipun, punika ugi dipunandharaken wonten ing mrika. Andharanipun dipunpratelaaken kados mekaten :

anta-kāle ca mām eva
smaran muktvā kalevaram
yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ
yāti nāsty atra saṁśayaḥ
(BG 8.5)

Anta-kāle, ing wusantenipun kagesangan, nalika ajeng seda. Anta-kāle ca mām eva. Satunggaling tiyang ingkang menggalih Kṛṣṇa, smaran, menawi piyambakipun saget ngemut-emut. Satunggaling tiyang ingkang saweg sekarat, ing wekdal pejahipun, menawi piyambakipun ngemut-emut wujudipun Kṛṣṇa lan sauntawis saweg ngemut-emut lumantar anggenipun ingkang kados mekaten, menawi piyambakipun lajeng nilaraken saliranipun sanalikanipun, mila sampun kantenan bilih piyambakipun badhe nggayuh karatyan ingkang lestari punika, mad-bhāvam. Bhāvam suraosipun ngalam rohani. Yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ yāti. Mad-bhāvam suraosipun ugi ngalam rohani utawi ngalam rohani saking Dumadi Ingkang Utami. Sami kados denen ingkang sampun kawula andharaken ing nginggil, bilih Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa inggih menika sac-cid-ānanda-vigraha (BS 5.1). Panjenenganipun kagungan wujudipun, nanging wujudipun sat utawi asipat langgeng, kebak dening seserepan, cit, lan sarta kebak dening karaharjan, ānanda. Sapunika kawula sedaya saget nglimbangaken wujud punika kaliyan salira kawula sedaya ingkang sapunika, menapa salira kawula sedaya punika ugi asipat sac-cid-ānanda. Mboten. Salira punika asat. Salira kawula sedaya punika mboten sat nanging asipat asat. Antavanta ime dehā (BG 2.18). Bhagavad-gītā dhawuh bilih salira punika antavat, mboten awet. Lan ... .Sac-cid-ānanda. Sanes dados sat, nanging salira punika asat, dados malah asipat ingkang kosok wangsul. Lan sanes dados cit, kebak dening seserepan, nanging salira punika malah kebak dening ingkang kirang lantip. Kawula sedaya mboten nggadhahi secuwil kemawon seserepan menggah ing karatyan ingkang lestari, lan kawula sedaya ugi mboten nggadhahi seserepan ingkang sampurna menggah ing ngalam donya material punika. Dadi kathah sanget perkawis ingkang taksih dereng saget dipunmangertosi dening kawula sedaya, mila salira punika asipat kirang lantip. Dados malah mboten dados kebak dening seserepan, nanging salira punika kebak dening ingkang kirang lantip. Salira punika mboten awet, kebak dening ingkang kirang lantip lan nirānanda. Malah mboten dados kebabk dening karaharjan, nanging salira punika kebak dening kasangsaran. Sedaya kasangsaran ingkang dipunlampahaken ing ngalam donya material punika dipunsababaken dening salira punika.