JV/Prabhupada 1078 - Khusuk Lumantar Panggalih Lan Kalantipan Sadangunipun Sekawanlikur Jam Sadintenipun Ing Salebetipun Panggalih Menggah Ing Gusti Pangeran



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Nalikanipun panjenengan nggadhahi raos tresna ingkang kiyat dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila kawontenan punika nyababaken kawula sedaya dados tansah nindakaken kuwajiban kawula sedaya, lan sanalikanipun ugi ngemut-emut Gusti Pangeran. Dados kawula sedaya kedah ngrembakaaken raos punika. Sami kados dene Arjuna ingkang teras-terasan ngemut-emut menggah ing Gusti Pangeran. Sadangunipun sekawan likur jam sadintenipun, piyambakipun mboten nate setunggal detik kemawon saget nyupeaken Kṛṣṇa. Piyambakipun minangkan mitranipun Kṛṣṇa kangge sadangunipun. Lan ing wekdal ingkang sami piyambakipun ugi minangka satunggaling kṣatriya. Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa mboten mrayogaaken dhateng Arjuna kangge ngendhegi kridha perangipun, lajeng tindak dhateng wana, tindak dhateng Himalaya lan mertapa. Nalikanipun sistem yoga punika dipunprayogekaken dhateng Arjuna, piyambakipun nampik amargi, "Sistem punika mestail kangge kawula." Lajeng Gusti Pangeran dhawuh : yoginām api sarveṣāṁ mad-gatenāntarātmanā (BG 6.47). Mad-gatenāntarātmanā śraddhāvān bhajate yo māṁ sa me yuktatamo mataḥ. Dados satunggaling priyantun ingkang tansah menggalih menggah ing Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila piyambakipun minangka yogī ingkang paling luhur, piyambakipun minangka jñānī ingkang paling linuwih lan piyambakipun ugi minangka panyembah ingkang paling minulya sanalikanipun. Gusti Pangeran mrayogekaken bilih tasmāt sarveṣu kāleṣu mām anusmara yudhya ca (BG 8.7). "Minangka sawijining kṣatriya, sampeyan ora bisa ngendhegi ayahan perangmu. Sampeyan panggah kudu ngayahi perang. Dadi nek ing wayah sing bebarengan sampeyan terus eling marang Aku, mula iku bakal bisa kelakon," anta-kāle ca mām eva smaran (BG 8.5), "lan sampeyan bakal bisa kelakon kanggo iso eling marang Aku nalika sampeyan tekaning pati."

Mayy arpita-mano-buddhir mām evaiṣyasy asaṁśayaḥ. Panjenenganipun dhawuh sepindhah malih bilih mboten wonten kamangu-mangon menggah ing perkawis punika. Menawi satunggaling priyantun masrahaken dhirinipun ing salebetipun paladosan dhateng Gusti Pangeran, dhateng salebetipun paladosan bhakti ingkang dipunkebaki dening welas asih dhateng Gusti Pangeran, mayy arpita-mano-buddhir (BG 8.7). Amargi sejatosipun kawula sedaya mboten nyambut damel migunaaken saliranipun. Kawula sedaya nyambut damel migunaaken panggalih lan kalantipanipun. Mila menawi kalantipan lan panggalih tansah kaginaaken ing salebetipun panggalih menggah ing Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila limrahipun indriya-indriyanipun dados ugi kaginaaken ing salebetipun paladosan dhateng Gusti Pangeran. Punika ingkang minangka wewadinipun Bhagavad-gītā. Satunggaling priyantun kedah ngangsu kawruh menggah ing wucalan punika, kados pundi anggenipun saget dados khusuk lumantar panggalih lan kalantipan sadangunipun sekawan likur jam sadintenipun ing salebetipun panggalih menggah ing Gusti Pangeran. Lan punika ingkang badhe mbiyantu satunggaling priyantun kangge mindhahaken piyambakipun mlebet dhateng karatyanipun Gusti Pangeran utawi mlebet dhateng swasana rohani sasampunipun nilaraken salira material piyambakipun. Para sarjana modern, piyambakipun sedaya sampun tetaunan mbudidaya kangge nggayuh planet candra, nanging dumugi sakmenika piyambakipun sedaya dereng angsal damel. Nanging ing salebetipun Bhagavad-gītā punika, wonten setunggal pamrayogi. Umpaminipun satunggaling priyantun dipunparingi gesang malih dangunipun seket warsa lan piyambakipun ... Lan, mboten wonten setunggal kemawon priyantun sanesipun ingkang nyobi ngangkat piyambakipun mlebet dhateng pambudi rohani ing salebetipun wekdal seket warsa punika. Punika minangka pangudaraos ingkang sae sanget. Nanging menapa malih menawi satunggaling priyantun nyobi nindakaken iktiyar punika kanthi tulus sadangunipun sedasa utawi gangsal warsa, mayy arpita-mano-buddhir (BG 8.7) ... Punika namung perkawis menggah ing iktiyar kemawon. Lan iktiyar punika saget kanthi gampil sanget dipuntindakaken lumantar proses bhakti, śravaṇaṁ. Śravaṇaṁ. Proses ingkang paling gampil inggih menika proses mireng.

śravaṇaṁ kīrtanaṁ viṣṇoḥ
smaraṇaṁ pāda-sevanam
arcanaṁ vandanaṁ dāsyaṁ
sakhyam ātma-nivedanam
(SB 7.5.23)

Sangang proses punika. Lan proses ingkang paling gampil inggih namung proses mireng.