JV/660328 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing New York

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Saṅkīrtana ingkang nembe kemawon kawula sedaya tindakaken minangka geteripun swanten rohani. Geter swanten rohani punika badhe mbiyantu kawula sedaya wonten nglebet iktiyar reresik bledug ingkang sampun tumumpang wonten nginggil lumahipun manah kawula sedaya. Sedayanipun naming minangka satunggaling klentu-tampi kemawon. Minangka satungaling atma ingkang murni, minangka satunggaling kainsapan murni, mila sampun limrah menawi kawula sedaya nebihi pancemeran material. Nanging amargi sesambungan ingkang dangu saget kaliyan swasana materal punika, mila kawula sedaya dados sampun ngempalaken sap-sapan bledug ingkang kandel sanget lan kathah sanget wonten ing lumahipun manah kawula sedaya. Dados, sakmekatenipun bledug punika dipunresikaken, mila kawula sedaya saged mirsani dhiri kawula sedaya piyambak miturut aslinipun.
660328 - Kelas BG 02.46-47 - New York