JV/660401 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing New York

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Kawula sedaya kedah tansah mangertosi bilih salira material punika minangka satunggaling barang ingkang mboten dipuntepang. Kawula sampun ngandharaken dhateng panjenengan bilih salira punika sami kados ageman. Ageman. Ageman minangka satunggaling barang ingkang mboten dipuntepang dening salira kawula. Sami kados dene kaliyan salira kasar lan salira alus punika — salira kasar ingkang dumados saking gangsal unsur material lan salira alus ingkang dumados saking manah, ego saha kalantipan — sedayanipun minangka barang-barang ingkang mboten dipuntepang gadhahipun kawula. Dados, sakmenika kawula saweg dipunkurung wonten nglebet kurunganipun barang-barang ingkang mboten dipuntepang. Amargi menika, sedaya misi gesang kawula inggih menika kangge medal saking barang-barang ingkang mboten dipuntepang punika. Kawula ngersakaken kangge wonten ing saklebeting salira rohani kawula ingkang sejatosipun. Perkawis punika saged dipuntindakaken menawi panjenengan tuhu nindakaen pamulangan.
660401 - Kelas BG 02.48-49 - New York